.

ada yang mau ditanyakan silahkan tanyakan saja jangan sungkan2 saya sedia membantu dengan senang hati...

Jumat, 31 Mei 2013

modul basa jawa kelas xi semester 2

WULANGAN 1
NYEMAK   MUSYAWARAH
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas/Semester            : XI / 2
Metode                        : Demonstrasi, Tanya jawab, Latihan/Drill
                                    Waktu                          : 2 x 45 menit
  1. I.       PANUDUH PIWULANG
    1. Supaya paham informasi / berita lan bisa nggarap tugas, mula luwih dhisik maca babagan Kompetensi Dasar lan Indikator.
    2. Uga maca materi bab NYEMAK MUSYAWARAH kanthi dibolan-baleni.
    3. Kanggo ngukuhake pemahaman, diprayogakake supaya maca buku referensi liyane.
    4. Saben langkah digarap jumbuh karo tugas sing diwenehake.
    5. Tugas dikumpulake jumbuh karo jadwal sing disarujuki / disepakati bebarengan.
    6. Rembugen/Diskusikake lan konsultasikake karo guru menawa nemoni kangelan / reribet.
  1. II.    KOMPETENSI SING AREP DIGAYUH
Standar Kompetensi    :
MENDENGARKAN         :
Mampu mendengarkan dan memahani wacana lisan nonsastra maupun sastra dalam berbagai ragam bahasa Jawa
Kompetensi Dasar      :
Mendengarkan kegiatan musyawarah yang disampaikan secara langsung atau berupa rekaman
Indikator                      :
  1. Menyebutkan pokok-pokok isi musyawarah
  2. Merangkum pokok-pokok isi musyawarah
  3. Menyampaikan secara lisan  rangkuman pokok-pokok musyawarah dengan menggunakan bahasa karma
  4. Menanggapi (isi) musyawarah yang disampaikan secara lisan oleh teman sekelasnya
  1. Nyemak
Ana sajroning bebrayan ana tembung krungu, ngrungokake lan nyemak. Katelune beda-beda tegese.
Krungu tegese proses kegiyatan nampa swara sing dilakoni kanthi ora sengaja utawa saderma kabeneran.
Tuladha   : Nalika aku sinau, aku krungu barang tiba saka ndhuwur gendheng.
Ngrungokake tegese proses kegiyatan nampa swara sing dilakoni kanthi sengaja nanging during ana unsure pemahaman.
Tuladha  : nalika aku sinau basa Jawa, aku krungu lagu karemenanku, sabanjure aku ngrungokake lagu kuwi. Barengwisrampung lagune,aku sinau maneh.
Nyemak tegese proses kegiyatan nyemak lambing-lambang lisan kanthi nggatekna kang tumenen, paham, apresiatif, sarta interpretasi antuk informasi, nangkep isi utawa pesen sarta paham tegese babagan sing diomongake pembicara.
Tuladha  : aku mesthi nyemak piwulangan sing diparingake guruku kanthi tumenen, sinambi nyathet bab-bab penting sing diterangake.
Jinising nyemak kaperang dadi loro, yakuwi :
a).   Nyemak Ekstensif
Tegese proses nyemak ana bebrayan saben dinane. Kayata nyemak radio, televise, pacelathon ning pasar, lsp.
Ana patang perangan nyemak ekstensif
  1. Nyemak Sekunder, nyemak sing kedadeyan sarana kebeneran. Upamane : lagi sinau uga bisa ngrungokake wong omong, swara radio, tv, lsp.
  2. Nyemak Sosial, nyemak sing ditindakake ana bebrayan social. Kayata : pasar, terminal, kantor pos, lsp.
  3. Nyemak Estetika / Apresiatif, tegese kegiyatan nyemak kanggo nikmati karya sastra. Kayata : nyemak puisi, cerita, syair lagu, lsp.
  4. Nyemak Pasif, tegese ngrungokake sing dilakoni kanthitampaana upaya sadar. Tuladhane nyemak basa dhaerah ngasi tekan bisa.
b).    Nyemak Intensif
Tegese kegiyatan nyemak sing dilakoni kanthi tumenen lan konsentrasi sing dhuwur.
Ciri-ciri nyemak intensif :
a. Nyemak kanthi pemahaman
  1. Nyemak kanthi kebak konsentrasi
  2. c.    Nyemak paham bahasa formal
  3. Diakhiri reproduksi hasil simakan
Jinising nyemak Intensif yaiku :
  1. Nyemak Kritis tegese :kegiyatan nyemak sing dilakoni kanthi tumenen kanggo menehi biji kang objektif, nemtokake asli lan orane, kaluwihan, lan kakurangan-kakurangane.
  2. Nyemak Konsentratif, tegese : kegiyatan nyemak sing dilakoni kanthi permati; kanggo entuk pemahaman sing apik tumrap informasi sisng dirungokake. Tujuan  nyemak konsentratif yaiku :
-             manut petunjuk-petunjuk/pituduh-pituduh (umpamane : pituduh ngisi  formulir pendaftaran.
-             Nggoleki sesambungane antarunsur sajroning nyemak.
-             Nggoleki sesambungane kuantitas lan kualitas sajroning komponen.
-             Nggoleki informasi penting.
-             Nggoleki urutan penyajian bahan semakan.
-             Nggoleki gagasan utama
  1. Nyemak eksploratif, tegese kegiyatan nyemak sing dilakoni kanthi permati kanggo entuk informasi anyar. Tujuane :
-          nemokake gagasan anyar.
-          Nemokake informasi anyar lan tambahan saka bidang tertentu.
-          Nyemak kanggo nemokake topik-topik anyar sing bisa dikembangake.
-          Nemokake unsure-unsur bahasa sing sifate penting.
  1. Nyemak Interogatif, tegese : kegiyatan nyemak sing nduweni tujuan kanggo nggoleki informasi kanthi cara ngajokake pitakon-pitakon sing diarahake tumraping entuk-entukaning informasi. Tujuane :
-          Kanggo nggoleki fakta-fakta / kasunyatan.
-          Nyemak gagasan anyar.
-          Nyemak kanggo entuk informasi sing disemak asli apa ora.
  1. Nyemak Musyawarah
Nyemak Musyawarah kalebu nyemak intensir yaiku nyemak konsentratif. Topik sing dirembug ana sajroning musyawarah kuwi beda-beda. Musyawarah dadi gayeng menawa topike isih actual.
Kango nggoleki informasi penting ana sajroning musyawarah bisa nggunakake format ing ngisor ini.
1. Tema / topik            :   ………………………………………………………
2. Paraga Musyawarah                     :     1. …………………………………………………..
2. …………………………………………………..
3. …………………………………………………..
4. …………………………………………………..
3. Isi Musyawarah
a. Pambuka              : ……………………………………………………….
b. Isi                         : ……………………………………………………….
c. Panutup                : ……………………………………………………….
4. Simpulane                : ……………………………………………………….
  1. I.       PENDALAMAN MATERI

Ing ngisor iki ana tetes musyawarah (kudune didemonstrasikake). Semaken kanthi permati banjur gawea kelompok diskusi kanggo ndiskusikake bab-bab kang penting.
Format laporan diskusi kaya ing ngisor iki :
1. Tema / topik            :   ………………………………………………………
2. Paraga Musyawarah                     :     1. ……………………………………………….
2. …………………………………………………..
3.…………………………………………………..
4…………………………………………………..
3. Isi Musyawarah
a. Pambuka              : ……………………………………………………….
b. Isi                         : ……………………………………………………….
c. Panutup                : ……………………………………………………….
4. Simpulane                : ……………………………………………………….
REBOISASI
            Sawijining dina ing RT 4 / RW V Kampung Tegalsari nganakake rapat RT sing mbahas bab penghijauan utawa reboasasi.
Ketua RT     :   Assalamu’alaikum Warrahmatullahi Wabarakatuh.
Warga          :   Wa’alaikum salam.
Ketua RT     :   Matur nuwun kula aturaken dhumateng para bapak warga RT 4 ingkang sampung kersa angrawuhi musyawarah rutin bulanan punika. Wonten ing wekdal punika, kula badhe medharaken bab ingkang saged dipun wastani wigati. Sakjane ngono ya antaraning penting ora penting. Jlentrehipun kados makaten. Sapunika lak mangsa rendheng kamangka kahanan RT 4 punika ing pinggir radosan taksih kosong dereng wonten tanemanipun. Kados pundit menawi dipun anakaken penghijauan ?
Pak Agus    :     Wah….sajakipun kok sae punika, kula inggih setuju kemawon. Sanesipun kados pundit ?
Pak Marno  :    Babagan ingkang sae kados makaten menawi kula nggih monat-manut mawon.
Pak Joko     :    Monat-manut nggih pareng, Pak. Ning niku lho, dananipun kados pundit ?
Pak RT        :    Lja….punika ingkang kedah dipun rembug sesarengan. Mangga kula aturaken panjenengan ingkang ngrembug. O …..inggih, Pak Marno rak bendhahara, ta. Kados pundit, Pak ? kahanan kas RT ?
Pak Marno  :    Mekaten Bapak-bapak, kas RT kita taksih wetah, tegesipun dereng dipun angge kegiyatan ingkang mbetahake arta kathah. Wingi halal bihalal rak sederma kempalan sarasan. Gunggunge  arta wonten Rp. 500-an ewu. Sumangga panjenengan kemawon.
Ketua RT    :    Wah ….kaleresan menawi makaten. Kados pundit Bapk-bapak bab penghijauan punika ?
Warga         :    Setujuuuuuu…………………! Hu…..hu…….hu……..
Pak Jarot    :     Nyuwun sewu, Pak RT, lajeng jinisipun taneman punika punapa ? Jinis rak nggih netepake rega barang ?
Pak Joko    :     Kados pundit menawi glodog utawi cemara kemawon. Sae lho taneman punika.
Warga        :     Wah………cocok……………cocok !
Pak RT       :     Nggih sampun. Menawi makaten mangga minggu ngajeng kita gotong royong nanem pelem. Matur nuwun sanget dene panjenengan sampun ngarujuki bab punika. Kula cekapi semanten……………………..
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi  Wabarakatuh.
  1. II.                TUGAS

  1. Ing Njaba Kelas
Golekana acara musyawarah ing tv/radio, rungokno/semaken kanthi permati. Banjur format sing ana ndhuwur isenana. !
  1. Ing Njero Kelas
    1. Ndiskusikake babagan ing ndhuwur
    2. Wakil kelompok kanthi pasangan maju ing ngarep kelas.
    3. Kelompok liyane mbiji kelompok sing maju.
    4. Sakwise kabeh kelompok maju, kelompok-kelompok mau nduduhake hasile diskusi lan alasane  presentasi hasil  diskusi kelompok.
    5. Nyimpulake hasil diskusi kelompok.
    6. Ngempalake hasil diskusi.
    7. Nggarap tugas pribadi uji pemahaman
    8. Nggarap tugas pengembangan sikap.
    9. Konsultasi kalawan guru menawa kangelan.
  1. LANGKAH KERJA.
  2. Maca pawarta lan informasi materi kanthi patitis.
  3. Nggarap tugas kelompok sing cumepak.
  4. Nggarap tugas individu sing cumepak.
  5. Ndiskusikake tugas kelompok diterusake diskusi kelas.
  1. IV.                          PENILAIAN
  2. Uji Pemahaman
Aspek                :      Kognitif
Indikator            :  1.  Mencatat pokok-pokok pembicaraan (siapa yang berbicara dan apa isi pembicaraan).
2.  Merangkum isi pembicaraan ke dalam beberapa kalimat.
3.  Mengajukan dan menjawab pertanyaan isi musyawarah.
4.  Menanggapi pembicaraan dalam bentuk kritikan atau dukungan.
Kelas / Semester  :     XI / 2
  1. Wenehana tandha ping ana  aksara A, B, C, D, utawa E marang jawaban kang paling bener !
1.   Kegiyatannampaswara kanthi ora sengaja, saderma kebeneran diarani …
  1. Nyemak           B. Semak         C. Nguping       D.  Krungu       E.  Ngrungokno
2.   Dene kegiyatan (sing positif),nampaswara kanthi sengaja tur entuk reproduksi diarani …

3.   Ing ngisor iki sing dudu kalebu nyemak ekstensif yaiku …..
  1. Nyemak sekunder        B.  Nyemak kritis         C.  Nyemak social
  1. Nyemak estetika           E.  Nyemak pasif
4.   Yen pas ana jroning pasa kowe nyemak tembung-tembunge wong ing pasa kuwi diarani ….

5.   Ciri-cirining nyemak intensif ana ing ngisor iki, kajaba ……
  1. Kanthi pemahaman
  2. Konsentrasi sing temenan
  3. Paham basa formal
  4. Informasi penting
  5. Reproduksi hasil simakan
6.   Kegiyatan nyemak sing dilakoni kanthi tumenen kanggo menehi biji sing objektif, asli lan orane, lan kekurangan-kekurangane diarani nyemak …..
  1. Kritis                B.  Konsentratif            C. Eksploratif   D.  Interogratif    E. Intensif
7.   Ing ngisor iki tujuane nyemak eksploratif, kajaba …..
  1. Nemokake gagasan anyar
  2. Nemokake informasi penting
  3. Nemokake informasi anyar lan tambahan
  4. Nemokake topik-topik anyar
  5. Nemokake unsur-unsur basa sing sifate penting.
8.   Nyemak musyawarah kalebu nyemak …..
  1. Sekunder          B.  Sosial          C.  Estetika      D.  Ekstensif     E. Intensif
9.   Sing kudu digatekake ana ing nyemak sawijining musyawarah yaiku …..
  1. Topik               B.  Paraga        C.  Wektu        D.  Simpulan                 E. Asile
10. Topik musyawarah ana ing ndhuwur yaiku …..
  1. Penghijauan dhateng wono
  2. Penghijauan salebeting kampong.
  3. Penghijauan radosan RT4
  4. Penghijauan griya piyambak-piyambak.
  5. Penghijauan  lapangan RT 4
II.  Wangsulan pitakon-pitakon ing ngisor iki !
  1. Coba bedakno tegese krungu, ngrukokake, lan nyemak !
Wangsulan : ………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
  1. Nyemak ekstensif ana pira ? cethakno !

  1. Apa tujuane nyemak konsentratif. Sebutna 4 wae !

  1. Kepriye kesimpulane musyawarah ana ing dhuwur ?

  1. Coba wenehana tanggapanmu (akeh 2 ukara) tumrap gagasane Pak RT !

B.    Pengembangan Sikap
Aspek            :   Afektif
Indikator        :    1.   Mencatat pokok-pokok pembicaraan (siapa yang berbicara dan apa isi pembicaraan)

4.  Menanggapi pembicaraan dalam bentuk kritikan / dukungan.
Kelas / Smt     :        XI / 2
No
Indikator
Kriteria
Ok
Kr
Ar
Ot
1
Siswa melu piwulangan Nyemak Musyawarah
2
Siswa aktif sajroning pelajaran
3
Siswa aktif nggarap tugas individu
4
Siswa aktif nggarap tugas kelompok
5
Siswa aktif diskusi kelompok
6
Siswa aktif diskusi kelas
7
Siswa aktif nyusun hasil diskusi
8
Siswa aktif nyimpulake diskusi kelas
Katerangan :                                                                                         Skor
Ok                : Ora kendhat                                                                     4
Kr                 : Kerep                                                                               3
Ar                 : Arang                                                                               2
Ot                 : Ora tau                                                                             1
VIII.     TINDAK LANJUT
Yen tugaswisrampung jumbuh karo langkah gawe ing ndhuwur, siswa dikarepake nerusake piwulangan sateruse, menawa during dibaleni maneh kanthi remedial.
WULANGAN 2

NGREMBUG  MACAPAT (MICARA)

                                    Waktu                          :2 x 45 menit

    2. Uga maca Materi bab NGREMBUG MACAPAT kanthi dibolan-baleni.
    3. Kanggo ngukuhake pemahaman, dianjurake supaya maca buku referensi liyane.

    6. Diskusikake lan konsultasikake karo guru menawa nemoni kangelan / reribet.
  1. II.    KOMPETENSI SING AREP DIGAYUH
Standar Kompetensi    :      BERBICARA
Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan, dan perasaan secara lisan nonsastra maupun sastra dengan menggunakan berbagai ragam dan unggah-ungguh bahasa Jawa
Kompetensi Dasar       :      Membahas atau mendiskusikan isi tembang macapat
Indikator                       :
  1. Menyebutkan paugeran tembang macapat (guru gatra, guru wilangan, guru lagu,      wataking tembang)
  2. Mendiskusikan isi atau makna tembang macapat yang disajikan guru
  3. Melaporkan hasil diskusi
  4. Menanggapi hasil diskusi yang dibawakan oleh perwakilan kelompok
  5. Membuat tembang macapat (yang ditentukan oleh guru) dengan bahasa ngoko/krama
  6. Menembangkan tembang macapat yang disajikan guru
III. INFORMASI MATERI
A.   Tembang Macapat

Tegese Tembung Macapat

Macapat ditegesi maca papat-papat tegese macane papat-papat, saben pamunggele tembung kedadeyan saka patang wanda. Ananging iki dudu siji-sijine teges.. salah sawijining pakar Sastra Jawa, Arps negesi macapat kanthi teges-teges kang maneka warna kaya kang kapacak ana bukune kang asesirah Tembang in two traditions.
Kajaba saka kuwi, -pat ngrujuk marang  panandha  diakritis (sandhangan) ana sajroning aksara Jawakang jumbuh lan mathuk ana sajroning tetembangan  macapat.
Miturut  Serat Mardawalagu, sing dianggit dening Ranggawarsita, macapat kuwi saka singkatan frasamaca-pat-lagu sing tegese nembangake lagu kang angka papat “melagukan nada keempat”.  Kajaba  maca-pat-lagu, isih ana maneh maca-sa-lagumaca-ro-lagu lan maca-tri-laguMaca-sa kalebu maca lagu utawa tembang kang paling tuwa, miturut ujaring kandha diripta dening para Dewa lan diturunkan marang pandita Walmiki lan digandhakake dening sang pujangga istana Yogiswara saka Kediri.Maca-sasaiki diarani tembang gedhéMaca-ro kalebu  tembang gedhé kang gunggunge pada saben  pupuh bisa kurang saka papat, lan gunggunge wanda saben gatra ora kudu padha. Maca-tri utawa kategori angka telu yakuwi  tembang tengahan kang miturut ujaring kandha diripta dening Resi Wiratmaka, pandita istana Janggala lan kasampurnakake dening Pangeran Panji Inukartapati lan sadulure. Pungkasane,macapat utawa tembang cilik diciptakake dening Sunan Bonang lan diturunake marang para wali.

Sejarah macapat

Sacara umum macapat thukul nalikaning zaman Majapahit lan kawiwitan antuk pangaribawa sakaWalisanga. Kahanan iki mligi ana ing Jawa tengah, dene  ing Jawa Timur lan Bali macapat wis ditepungi sadurunge Islam teka ing laladan Jawa.. tuladhane ana sawijining naskah saka Bali atau Jawa Timur kang asesirah Kidung Ranggalawé kang tinulis ing tahun 1334 Masehi.

Struktur macapat

Sawijing  karya sastra macapat biasane kaperang dadi pirang-pirang pupuh. Saeben pupuh kaperang dadi pirang-pirang pada. Saben pupuh migunakake utawa struktur kang padha. Metrum iki gumantung sakawatak isi teks kang diceritakake.
Gunggunge  pada saben pupuh beda-beda, gumantung marang gunggunge naskah kang digunakake. Sabanjure saben pada kaperang dadi  larik utawa gatra. Sabanjure saben gatra kaperang  wanda. Sabengatra nduweni wanda kang tetep lan dipungkasi dening vocal kang padha.

Tabel macapat

Supaya luwih gampang mbedakake antaraning guru gatraguru wilangan lan guru lagu saka  tembang-tembang kuwi, saben metrum ditata ana sajroning table ing ngisor iki.:
Metrum
Gatra
I
II
III
IV
V
VI
VII
VIII
IX
X
Tembang cilik / Sekar alit
Dhandhanggula
10
10i10a7u9i7a6u8a12i7a
Maskumambang
4
12i6a8i8a
Sinom
9
8a8i8a8i7i8u7a8i12a
Kinanthi
6
8u8i8a8i8a8i
Asmarandana
7
8a8i8a7a8u8a
Durma
7
12a7i6a7a8i5a7i
Pangkur
7
8a11i8u7a12u8a8i
Mijil
6
10i6o10é10i6i6u
Pocung
4
12u6a8i12a
Tembang tengahan / Sekar madya
Jurudhemung
7
8a8u8u8a8u8a8u
Wirangrong
6
8i8o10u6i7a8a
Balabak
6
12a12a12u
Gambuh
5
7u10u12i8u8o
Megatruh
5
12u8i8u8i8o
Tembang gedhé / Sekar ageng
Girisa
8
8a8a8a8a8a8a8a8a
Tembang Macapat ing ngisor iki sinaunana !
ASMARADANA
Asjamara ari mami
Masmirah kulaka warta
Dasihmu tan wurung layon
Aneng kutha Prabalingga
Prang tandhing Wuru Bisma
Kariya mukti wong ayu
Pun kakang pamit palastra
Watake tembang Asmaradana : merak ati, sedhih (karanaasmara)
Tegese tembang ing ndhuwur yaiku nyritakake bab Darmawulan (mantune Patih Logender) sing arep pamit marang garwane (Anjasmara) kanggo ngluruk perang ana ing Kutha Prabalingga/Blambangan mungsuh Adipati Menak Jinggo/Wuru Bisma. Pungkasaning perang Damarwulan mesthekake, menawa dheweke mesthi tumekaning lampus/mati amarga Adipati Menak Jinggo iku sekti mandraguna. Mulane, Anjasmara dipamiti (mukti ing Majapahit) dene Damarwulan arep palastra/mati.
Ing ngisor iki ana tembang Maskumambang sing ditulis dening sdl. M Wijotohardhjo bab Tsunami ing Aceh ! Coba sinaunana !
MASKUMAMBANG
1.   Samubarang kumambang kentir ing warih
Raos kawlas arsa
Dene ngaten kang kaeksi
Manungsa, kewan lan brana
2.   Sumatera Lor, Aceh lan manca negari
Srilangka,India
Siam,Malaysiatuwin
Kepuloan Maladewa
3.   Kenging lindhu kang gedhe ngedap-ngedapi
Sarta banjir bandhang
Tirta samodra ngebyuki
Alun gung nyempyok dharatan
4.   Mewu ewu kuwandha ngeres ersi
Tan kober karumat
Margi sinapu Tsunami
Tan ana bangkit suwala
5.   Padunungan, pasar, took, kantor,loji
Bosah baseh, wrata
Kang kalis keplayu ngungsi
Salang tunjang pados gesang
6.   Pating glolo, pating jlerit lan histeris
Madosi kluwarga
Kang ical tumekeng lalis
Mbuh neng ngendi tan kawuryan
7.   Sanadyan ta manut ngelmu Geologi
Mung prastawa lumrah
Anane lindhu tektonik
Perangan bumi kang owah
8.   Nanging iku dadi tandha sarta bukti
Kuwasaning Allah
Paring prengetan lan uji
Marang sakabehing titah
9.   Lamun kita kathah tumindak nalisir
Cengkah sing pitedah
Lan nerak wewaler Gusti
Kanthi tan rumangsa dosa
Tembang Maskumambang iki watake meh padha kalawan tembang Asmaradana. Watake Maskumambang kuwi : sedhih, nelangsa. Maskumambang ing ndhuwur kedadeyan saha sangang (9) pupuh utawa pada. Saha pupuh siji nganti tumekaning pupuh 9 nyritakake bab panandhang kasangsaran tragedy/musibah Tsunami.
Ing ngisor iki arep kababar tuladha-tuladhane tembang sing bisa kanggo maneka warna kabutuhaning masyarakat.
  1. Tembang kanggo cangkriman
Pocung
Kang sinebut dudu bapa dudu biyung
Tansah nggulawentah
Ngesoh elmu kebak asih
Nadyan abot ndra selak lan suwale
Bapak pucung dawa iren mlayu-mlayu
Sabamrana-mrana
Saben jalma den untali
Sak mangkono si pucung ku migunani
  1. Tembang kanggo pendidikan, budi pekerti, moral
Pocung
Murid iku kudu manut marang guru
Rukun marang kanca
Aja drengki aja srei
Aja climut aja jail aja nakal
Putra iku kudu bekti marang ibu
Uga marang bapa
Dituturi dititeni
Sinaune disregepi aja mblayang
  1. Tembang pitedah / tuntunan
Mijil
Dedalane guna lawan sekti
Kudu andhap asor
Wani ngalah luhur wekasane
Tumungkula yen dipun dukani
Bapang den simpangi
Ana catur mungkur
Lamun sira pengin urip aji
Aja pamer wong
Aja tansah ngunggulan dirine
Marang liya kang gelem ngurmati
Kabeh den rukuni
Ati kudu tulus
B.   Parafrase Tembang Macapat
Parafrase tegese ngowahi tembang/geguritan sing maune awujud pupuh/pada /bait dadi gancaran/prosa. Ana basaIndonesiagampange sinebut memprosakan puisi. Perlu dimangerteni, tembang uga kalebu salah sijining jinis geguritan, geguritan kang kuno. Mawi paugeran guru gatra, guru lagu, guru wilangan, lan nduweni watak dhewe – dhewe. Ngarang tembang ora kena ngawur, kudu nganggo paugeran-paugeran mau.
Ing ngisor iki ana tuladha tembang sing arep didadekake gancaran (paraphrase).
1)      Dhandanggula
Dhandanggula
Kawruhana wong priya sejati
Lamun arsa hanguapaya garwa
Den patitis pamilihe
Pisan kengguh wong ayu
Kaping pindho milih wong sugih
Kaping telu kawibawan
Kaping papatipun
Kena sambang – sarawungan
Bisa uga ginelut ing tembang manis
Marma denya waspada
Tembang ing ndhuwur gancarane ana ing ngisor iki.
Kawruhana/mangertanana wong priya kang sejati. Menawa nggolek garwa kudu sing patitis, kudu ngati-ati, kanthi permati, ora grusa-grusu. Yen kengguh wong ayu, ayu kang bener iku hayu tegese nylametake lelakon. Dadi yen wong lanang milih wong ayu (hayu) kudu ngerti yen calon garwane iku bakal nylametake lelakon, dudu wong ayu sing nyengsarakake lelakon.
Kapindho, yen milih garwa maraga garwane wong sugih ya kudu ngati-ati. Sebab wong lanang yen milih bojo sugih, ing tembe mburine bakal ora kajen. Ora mung dheweke ananging bisa uga wong tuwane, sedulure, lan sapanunggalane, sebab dianggep wong mlarat. Mula wong lanang iku kudu rumagang gawe duwe panggaotan aja mung nunut wong wadon. Tegese wong lanang iku kudu tanggung jawab.
Kaping telu, yen milih calon bojo amarga nunut kawibawan. Tuladhane calon bojone putrane wong kondhang, pejabat sing kudu ngati-ati, kudu dipikir kanthi permati, supaya ora keduwung ing mburi. Sabab, kawibawan iku ora langgeng, watake sok seneng ngremehake wong lan ngina wong, sebab dianggep ora sadrajat, ora babag derajate.
Kaping papate, milih calon garwa saka sambaing – srawungan. Bibite wong bareng kuliah, duwe hobi padha, kanca latihan Koor, lsp. Woang Jawa paring sesulang lan pemut sing ngati-ati, amarga wong sambaing – srawungan iku, witing tresna jalaran saka kulina banjur kurang prayitna, ing tembe mburine keduwung amarga panelitine kurang permati.
Pinglima, ginilut ing tembung manis. Lha iki mbebayani banget. Sebab tembung manis mau jebul ora tekan bathin, among samudana, ethok-ethok. Wong kang tansah nganggo tembung manis adakane duwe pamrih, luwih-luwih pamrih bandha. Cekake tembung manis ora kena ditamba-tamba.
Iku werdine tembang macapat ing ndhuwur.
2)      Asmaradana
Asmaradana
Gegarane wong akrami
Dudu bandha dudu rupa
Among ati pawitane
Luput pisan kena pisan
Yen gamang luwih gampang
Yen angel, angel kalangkung
Tan kena tinumbas arta.
Cetha, menawa pawitane wong arep rabi kuwi dudu bandha dudu rupa. Tegese dudu golek wong ayu, dudu wong sugih, dudu kawibawan, lan sapanunggale, nanging among ati pawitane. Atine sapa ? Atine wong loro – sing lanang lang sing wadon. Sebab jodho iku angel-angel gampang. Yen kena ya kena pisan, yen luput ya luput pisan. Ora bisa bola-bali. Yen angel ya angel banget. Ora kena dituku nganggo dhuwit.
C. Wataking Tembang
  • Tembang Pocung          : saenake, sembranan, guyonan. Gunane kanggo guyonan (berkelakar), cangkriman, pitutur.
  • Tembang Mijil              : gandrung-gandrung, prihatin, Gunane: pangudhar rasa prihatin.
  • Tembang Maskumambang : susah nelangsa, prihatin, merana. Gunane kanggo mratelakake rasa susah karana.
  • Tembang Kinanthi         : gandrungasmara. Gunane: kanggo  mratelakake rasa susah karanaasmara.
  • Tembang Durma           : nesu, dendam, muring. Gunane kanggo pengeten anlikaning perang, tantang-tantangan.
  • Tembang Asmaradana: sengsem, nesu, dendam. Gunane mratelakake rasa susah karanaasmara.
  • Tembang Pangkur         : gandrung, tegang. Gunane kanggo menehi pepenget/peringatan
  • Tembang Sinom            : lugu, susah, prasaja. Gunane kanggo menehi pitutur, kanggo mbabar rasa susah.
  • Tembang Dhandhanggula: luwes, manis, sarwa cocok. Gunane kanggo pitutur, mbabar rasa susah, kanggo pambuka gendhing.
  • Tembang megatruh       : susah, rasa  cuwa/gela kang mbangeti. Gunane kanggo mbabarake rasa susah.
  • Tembang Gambuh        : nerangake, nbeber kawruh. Gunane kanggo mulang muruk.
IV.       PENDALAMAN MATERI
  1. Ing ngisor iki ana sapupuh tembang pocung. Gawea gancarane lan tegese sisan tembung-tembung sing angel.
Pocung
Apa iku yen diemut mawut-mawut
Sing kalebon nyaprut
Yen dirasa legi gurih
Dikremi tuwa anom uga simbah
  1. Gawea tembang Maskumambang kanthi paugeran ing ngisor iki !
Guru Gatra
Guru Wilangan
Guru Lagu
Ukarane
1
12
i
2
6
o
3
8
i
4
8
o
  1. Apa watake tembang-tembang ing ngisor iki !
No
Tembang
Watake
1
Pocung
2
Durma
3
Mijil
4
Asmaradana
5
Maskumambang
6
Kinanthi
7
Pangkur
8
Dhandanggula
V.        TUGAS
A.   Ing Njaba Kelas
1. Gawea gancaran tembang Mijil ing ngisor iki ! (Parafrase)
Mijil
Dedalane guna lawan sekti
Kudu andhap asor
Wani ngalah luhur wekasane
Tumangkula yen dipun dukani
Bapang den Simpangi
Ana catur mungkur
2. Gawea tembang Mijil kanthi paugeran ing ngisor iki !
Guru Gatra
Guru Wilangan
Guru Lagu
Ukarane
1
10
i
2
6
o
3
10
e
4
10
i
5
6
i
6
6
u
B.         Ing Njero Kelas
  1. Ndiskusikake babagan ing ndhuwur
  2. Wakil kelompok kanthi pasangan maju ing ngarep kelas.
  3. Kelompok liyane mbiji kelompok sing maju.
  4. Sakwise kabeh kelompok maju, kelompok-kelompok mau nduduhake hasile diskusi lan alasane  presentasi hasil  diskusi kelompok.
  5. Nyimpulake hasil diskusi kelompok.
  6. Ngempalake hasil diskusi.
  7. Nggarap tugas pribadi uji pemahaman
  8. Nggarap tugas pengembangan sikap.
  9. Konsultasi kalawan guru menawa kangelan.
  1. LANGKAH KERJA.
    1. Maca pawarta lan informasi materi kanthi patitis.
    2. Nggarap tugas kelompok sing cumepak.
    3. Nggarap tugas individu sing cumepak
    4. Ndiskusikake tugas kelompok diterusake diskusi kelas.
VII.      PENILAIAN
  1. Uji Pemahaman
Aspek                 :  Kognitif
Indikator        :1.1. Mengungkapkan  makna yang terkandung dalam tembang macapat
1.2.  Menanggapi makna yang terkandung dalam tembang macapat.
1.3. Menyebutkan watak tembang macapat.
2.1. memparafrasekan geguritan/macapat dalam berbagai ragam bahasa Jawa.
Kelas/Semester : XI / 2
  1. Wenehana tandha ping ana aksara A, B, C, D, utawa E ana wangsulan kang paling bener !
1.   Ing ngisor iki sing dudu kalebu tembang macapat yaiku …
  1. Gambuh
  2. Asmaradana
  3. Maskumambang
  4. Kinanthi
  5. Dhandanggula
2.   Watake tembang Asmaradana yaiku ….
  1. Sereng, galak
  2. Merak ati, sedhih
  3. Sedhih, ngayawara
  4. Sembranan, parikeno
  5. Sesuluh, piwulang
3.  Dene tembang sing nduweni watak sereng galak yaiku ….
  1. Kinanthi
  2. Durma
  3. Dhandanggula
  4. Pangkur
  5. Mijil
4.  Guru gatra tembang Dhandanggula cacahe
A. 6           B. 7                  C. 8                 D. 9                 E. 10
5.  Guru gatra tembang Asmaradana yaiku …..
A. 5           B. 6                  C. 7                 D. 8                 E. 9
6.  Ing ngisor iki guru lagune tembang Asmaradana yaiku ….
A. a            B. i                   C. u                  D. e                  E. o
7.  Sing sinebut Wuru Bisma ana tembang Asmaradana yaiku ….
  1. Damarwulan
  2. Patih Logender
  3. Menakjinggo
  4. Layang Seto
  5. Layang Kumitir
8.  Kutha Prabalingga sing dimaksud ana tembang Asmaradana yaiku ….
  1. Purbalingga
  2. Jawa Timur
  3. Prabalingga
  4. Blambangan
  5. Majapahit
9.  Simaken tembang Pocung ing ngisor iki !
Pocung
Siswa iku kudu manut marang guru
Rukun marang kanca
Aja drengki aja srei
Aja climut aja jail aja nakal
Surasaning tembang pocung ing ndhuwur ngemot bab …..kajaba…..
  1. Pendidikan
  2. Budi pekerti
  3. Unggah-ungguh
  4. Moral
  5. Cangkriman
10. Tegese climut ana tembang pocung ing ndhuwur yaiku ….
  1. Seneng colong-jupuk
  2. Seneng golek ilmu
  3. Seneng kekancan
  4. Seneng memitran
  5. Seneng dolanan
11. Paugerane nggawe tembang ana ing ngisor iki, kajaba …..
  1. Guru gatra
  2. Guru lagu
  3. Guru wilangan
  4. Guru tembang
  5. Watake tembang
12. Tembang sing digawe gancran jenenge ……
  1. Geguritan
  2. Parikan
  3. Wangsulan
  4. Paraphrase
  5. Syingir
13. Tembang Dhandanggula ing ngisor iki waspadakna !
Dhandanggula
Kawruhana wong priya sejati
Lamun arsa hangupaya garwa
Den patitis pamilihe
Pisan kengguh wong ayu
Kaping pindho milih wong sugih
Kaping telu kawibawan
Kaping papatipun
Kena sambaing – srawungan
Bisa uga ginelut ing tembung manis
Marma denya waspada
Tegesing ukara den patitis pamilihe ana ing ngisor iki kajaba …..
  1. Sing ngati-ati
  2. Sing premati
  3. Ora grusa-grusu
  4. Sing ayu
  5. Sing teliti
14. Milih wong sugih kudu ngati-ati, awit ……
  1. Nyengsarakake lelakon
  2. Nylametake lelakon
  3. Bakal ora kajen
  4. Diremehake liyan
  5. Kurang prayitna
15. Tegese hangupaya padha karo ing ngisor iki …..
  1. Ngupadi;         B. Nyaosi
C. Menehi;             D. Ngaturi
E. Nggawa
  1. Wangsulan pitakon-pitakon ing ngisor iki !
    1. Sebutna tembang-tembang sing kalebu macapat !
Wangsulan : ……………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………..
  1. coba wenehana teges/critakna tembang Asmaradana ing ngisor iki !
Asmaradana
Anjasmara ari mami
Mas mirah kulaka warta

……………………………………………………………………………………….
  1. Tulisen paugerane tembang Asmaradana ing ndhuwur !

………………………………………………………………………………………
  1. Wenehana tuladha tembang sing ngemu cangkriman!

  1. Apa sing diaranei paraphrase ?

…………………………………………………………………………………………………………………………………………..
  1. Pengembangan Sikap
Aspek                : Afektif
Indikator             : 1.1.  Mengungkapkan makna yang terkandung dalam tembang macapat.

2.1.Memparafrasekan geguritan/macapat dalam berbagai ragam  bahasa Jawa.
Kelas/Semester : XI / 2
No
Indikator
Kriteria
Ok
Kr
Ar
Ot
1
Siswa melu piwulangan Tembang Macapat
2
Siswa aktif sajroning pelajaran
3
Siswa aktif nggarap tugas individu
4
Siswa aktif nggarap tugas kelompok
5
Siswa aktif diskusi kelompok
6
Siswa aktif diskusi kelas
7
Siswa aktif nyusun hasil diskusi
8
Siswa aktif nyimpulake diskusi kelas
Katerangan :                                                                                         Skor
Ok                : Ora kendhat                                                                     4
Kr                 : Kerep                                                                               3
Ar                 : Arang                                                                               2
Ot                 : Ora tau                                                                             1
VIII.     TINDAK LANJUT
Yen tugaswisrampung jumbuh karo langkah gawe ing ndhuwur, siswa dikarepake nerusake piwulangan sateruse, menawa during dibaleni maneh kanthi remedial.

WULANGANN 3
NULIS WACAN PERSUASI
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas/Semester            : XI / 2
Metode                        : Demonstrasi, Tanya jawab, Latihan/Drill
                                    Waktu                          :2 x 45 menit
  1. I.                   PANUDUH PIWULANG
  2. Supaya paham informasi / berita lan bisa nggarap tugas, mula luwih dhisik maca babagan Kompetensi Dasar lan Indikator.
  3. Uga maca Materi bab NULIS WACAN PERSUASI kanthi dibolan-baleni.
  4. Kanggo ngukuhake pemahaman, dianjurake supaya maca buku referensi liyane.
  5. Saben langkah digarap jumbuh karo tugas sing diwenehake.
  6. Tugas dikumpulake jumbuh karo jadwal sing disarujuki / disepakati bebarengan.
  7. Diskusikake lan konsultasikake karo guru menawa nemoni kangelan / reribet.
  1. II.                KOMPETENSI SING AREP DIGAYUH
Standar Kompetensi   :MENULIS
Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan, dan perasaan dalam berbagai
jenis karangan nonsastra maupun sastra mengguna-kan berbagai ragam bahasa
Jawa sesuai dengan unggah-ungguh dan menulis dengan huruf Jawa.
Kompetensi Dasar      : Menulis wacana persuasi dalam bentuk naskah pidato
Indikator                           :
1        Menentukan topic wacana persuasii
2        Membuat naskah pidato yang berupa  persuasi dari kerangka karangan yang disediakan
3        Membuat kerangka karangan pidato yang berupa persusasi dengan topik yang telah dipilihnya
4        Menulis pidato utuh berupa wacana persuasi berdasarkan kerangka karangan yang telah disusunnya
5        Menyunting pidato berupa wacana persuasi yang ditulis teman
  1. III.             INFORMASI MATERI

WACANA PERSUASI ( PANGAJAK).
Paragrap persuasi iku sambungane saka kembangane  paragrap argumentasi. Persuasi sepisanan ngandharake gagasan nganggo alesan, bukti, utawa tuladha kanggo nyakinanke pamaos. Banjur dibarengi nganggo ajakan, bujukan ,rayuan, imbauan utawa saran marang pamaos. Bedane paragrap argumentasi lan paragrap persuasi. paragrap argumentasi kang dadi bakune yaiku salah benere gagasan / pendapat. nek paragrap persuasi ngarep – arep supaya pamaos melu karo kekarepane panulis.
Tuladha :
Praktik pidato iku gedhe banget mupangate. Saben praktik pidato iku mesthi duweni pengalaman kang paling nyensemake ati. Saya kulina anggone praktik pidato, mbuh iku gladhen utawa praktik pidato temenan bakal saya akeh pengalaman batin kang diduweni. Saka pengalaman batin mau pamicara nemokake cara – cara pidato sing efektif lan nyenengake. Saya akeh pamikat kang ditemokake lan saya kerep dipraktike, bakal saya akeh pengalaman pamaos.Wis ora mokal maneh yen praktik pidato iku kaya obat kuwat kanggo mangun rasa percaya dhiri. yen rasa percaya dhiri mauwis gedhe, pamicara bisa ngayahi tugas kanthi tenang tanpa ana godha ( kaya rasa isin ), wedi lan grogi. percaya dhiri mau kang dadi modal pisanan kanggo nggayuh keberhasilan pidato. Mula supaya mahir lan prigel pidato, panjenengan kudu nglakoni praktik pidato.
IV. PENDALAMAN MATERI
Ing ngisor iki ngenani tuladha sesorah kang nganggo wacan persuasi. Wacanen kanthi permati, banjur titenana ciri-ciri kang mligi wacan peruasi!
Mengeti dinten pendidikan nasional
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Nuwun!
Bapak Ibu Dwija Basa Jawa ingkang satuhu kinabekten; sarta sedaya kanca panyarta lomba sesorah ingkang dados kekudanganing para pinisepuh.
Sumangga kula dherekaken ngunjukaken raos syukur Alhamdulillah hirobil’alamin wonten ngarsanipun Pangeran ingkang Mahawikan inggih Allah Ta’alla, ingkang sampun kepareng ngrentahaken pinten-pinten kanikmatan, kabingahan, sarta kawilujengan dhumateng kula sedaya, satemah saged ndherek lomba sesorah ing enjing menika.
Salawat saha salam mugi tansah katetepna dhateng Kanjeng Nabi Agung Muhammad SAW, tumedhakipun dhateng garwa putra, para sekabat, sarta sedaya pandherekipun, mugi kalebetna kula lan panjenengan sedaya. Amin.
Ing salajengipun keparenga kula kanthi andhap asoring manah badhe ngaturaken sekedhik kanthi irah-irahan Gerakan Disiplin Nasional Tumrap para Mudha lan Para Siswa.
Sanggyaning para siswa ingkang kula tresnani, tetembungan Gerakan Disiplin Nasional utawi  GDN sampun sawetawis dangu kula mangertosi. Wondene menggah ingkang dados werdinipun inggih menika satunggaling tindak lampah ingkang kanthi raos lila lan legawa nindakaken sedaya pranatan saha aturan ingkang lumampah ing papan ngriku, sarta nebihi sedaya pepacuh utawawisan kados ingkang sampun kapacak ing Tata Tertib Sekolah ingkang lumampah salebeting negari Indonesia. Jer kula sedaya kedah tansah enget, bilih  wonten sawenehing paribasan mawa Basa Indonesia ingkang ungelipun Di mana bumi dipijak, di situ langit dijunjung. Ingkang tegesipun, wonten ing sadhengah papan ingkang kula anggeni menika, kula sedaya kedah angugemi, ngurmati, sarta nindakaken adapt-istiadat utawi tata cara ingkang sampun lumampah ing papan ngriku. Sampun ngantos nyingkiri utawi nebihi, kepara anjejegaken angger-angger ssaengga dados kuwajiban ingkang kedah dipunlampahi, syukur bage dados pakulinan ingkang mbalung sungsum tumraping para siswa. Angon mangsa makaten wonten Basa Jawi. Tegesipun dados siswa menika kedahipun mangertosi mpan lan papa, mangertosi kahanan utawi situasi ingkang dipun adhepi. Wonten ing irah-irahan sinebut tumrap para mudha saha para siswa, artosipun gerakan Disiplin Nasional mekaten kedah katindakaken dening para mudha sarta para siswa. Kanthi makaten lampahing gladhen kedah kawiwitan nalika taksih lare (prasiswa/dereng sekolah), kalajengaken sasampunipun mlebet sekolah utawi sampun dados nem-neman. Samangke dumugi dewasa sarta sepuh sampun dados budayanipun saben tiyang sami nggadhahi budaya dhisiplin ngantos mratah sanegari.
Kula sedaya kedah mangertosi bilih, ingkang kawastanan panggulawenthah (pendidikan) mekaten lumampah ing samadyaning kulawarga, ekolah, tuwin ing madyaning masyarakat. Kanthi mekaten kula sedaya kedah tansah mulat dhateng sedaya satunggal-satunggaling papan panggulawenthah kasebut, ingkang saestu benten kawontenanipun sarta pangaribawanipun dhateng kadewasaning lare.
Menawi ing keluwarg sarta ing sekolah, temtu kemawon ingkang dados patuladhan sarrta paringipun seserepan ingkang sae-sae, ananging beda sarta tebih inggih menika pengaruh sarta patuladhan ingkang pinanggih ing masyarakat, menika menawi boten tansah ngatos-atos kathah perkawis-perkawis ingkang kedah dipunsaring kanthin saestu.
Kanthi wontenipun panggladhi  Gerakkan disiplin Nasional  wiwit alit sarta nalikanipun lare dados siswa, menawi lare menika saestu sampun nggadhahi cepengan ingkang dados piandeling gesang utawiway of life, saestu nalikanipun pikantuk pambujuk-pambujuk sarta pangaribawa ingkang boten laras kaliyan adapt-istiadat sarta kabudayanipun, mesthi kemawon sampun gadhah panyaring utawi filter. Saged milih pundit ingkang saged dipuntulad sarta katindakaken tuwin pundi ingkang kedah dipuntebihi kepara dipuntilaraken.
Ing wekdal menika, kula sedaya sami ngawuningani, bilih Gerakan Disiplin Nasional saestu mrihatosaken sanget, kacihna kanthi wontenipun kedadosan-kedadosan ingkang saestu nyimpang saking paugeran sarta tata karma Nasional, kepara para pangarsa ingkang wonten nginggil inggih boten saged kangge tepa palupi, nalikanipun kula miwah panjenengan nyumerepi kawontenan ing TV ngantos sami jejotosan amargi beda pamanggih. Menika saestu tebih saking landhesan Pancasila ingkang antawisipun nyebataken demokrasi. Lan cetha boten jumbuh kalih piwulangan Jawa ingkang kebak tepa selira.
Ingkang menika , kula sedaya mliginipun para siswa sumangga nggrengsengaken GDN kanthi saking sekedhik ngulinakaken tigang kabudayan, inggih menika : budaya tertib (tertib ing sekolah, tertib ing margi, tertib ing masyarakat); budaya resikan (resikan badan, boten mbucal uwuh ing sadhengah papan) lan budaya makarya (ngginakaken wekdal kangge sinau)
Mekaten ingkang saged kula aturaken, mugi saged dados panglimbang sarta paninting, tumuju dhateng kadewasan lair lan batos. Amin.
Wonten kasar sarta lepating atur, kula namung tansah nyuwun lumunturing samodra pangaksama. Wabilahitaufik wal hidayah, Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Nuwun.
A. Wangsulana pitakon ing ngisor iki!
1. Apa isining pidato ing ndhuwur?
2.. Apa kang diarani Gerakan Disiplin Nasional kuwi?
3. Kenangapa disiplin nasional mrihatinake banget?
4. Ana wacan ing ndhuwur, ukara ngendi kang nuduhake menawa sesorah ing ndhuwur kuwi kalebu persuasi?
5. Gawea pitakonan lan wangsulane sisan, kang gegayutan karo paragraph  ing ndhuwur kang cacahe 5!
B. Gawenen paragraph persuasi kang saparagraf nduweni ukara paling sithik enem ukara!

WULANGANN 4

PARIKAN, WANGSALAN,
LAN CANDRA SENGKALAN
                                    Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas/Semester            : XI / 2
Metode                        : Demonstrasi, Tanya jawab, Latihan/Drill
                                    Waktu                          :2 x 45 menit
  1. I.                   PANUDUH PIWULANG
    1. Supaya paham informasi / berita lan bisa nggarap tugas, mula luwih dhisik maca babagan Kompetensi Dasar lan Indikator.
    2. Uga maca Materi bab NULIS PARIKAN, WANGSALAN, LAN CANDRA SENGKALAN kanthi dibolan-baleni.
    3. Kanggo ngukuhake pemahaman, dianjurake supaya maca buku referensi liyane.
    4. Saben langkah digarap jumbuh karo tugas sing diwenehake.
    5. Tugas dikumpulake jumbuh karo jadwal sing disarujuki / disepakati bebarengan.
    6. Diskusikake lan konsultasikake karo guru menawa nemoni kangelan / reribet.
  1. II.                KOMPETENSI SING AREP DIGAYUH
Standar Kompetensi   :  MENULIS
Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan, dan perasaan dalam berbagai
jenis karangan nonsastra maupun sastra mengguna-kan berbagai ragam bahasa
Jawa sesuai dengan unggah-ungguh dan menulis dengan huruf Jawa.
Kompetensi Dasar      : Menulis parikan dan atau wangsalan
Indikator
  1. Menentukan kalimat yang termasuk parikan/wangsalan dari tembang/wacana yang ditentukan
  2. Membuat parikan/wangsalan sesuai dengan ilustrasi yang diberikan guru
  3. Menerapkan/menggunakan parikan/wangsalan ke dalam kalimat
  4. Menyunting parikan/wangsalan yang ditulis teman
:
  1. III.             INFORMASI MATERI
    1. A.     Parikan

Kang diarani parikan Yaiku unen-unen mawa paugeran telung warna yaiku :

  • kadedan saka rong ukara kang dhapukake nganggo purwakanthi guru swara
  • saben saukara kadedan saka rong gatra
  • ukara kapisan mung minangka purwaka; déné isi utawa wosé dumunung ing ukara kapindho.
Tuladha: Tawon madu, ngisep sekar. (Ukuran kapisan, 2 gatra). Calon Guru, kudu sabar (ukuran Kapindho, 2 gatra). Gunane purwaka (ukuran kapisan) mung dianggo narik kawigatene wong kang nedya sikandhani utawa dipituturi, Perlune, supaya ing sadurunge ukara kang isi utawa “wose” dikandhakake, wong sing nedya dikandhani wis ketarik atine, satemah banjur nggatekake, bisa ngerti temenan marang maksude ukuran kang isi “ngese” (ukara kapindho).
Kanthi ukara liya sing diarani parikan kalebu salah sawijining puisi lawas. Parikan iki padha karo puisi tradhisional Melayu kangaran pantun. Puisi iki ngemu surasa purwakanthi swara/rima/sajak. Cacahe parikan iki ana sing 2 larik ana uga sing patang larik. Yen ana pantun, rong larik mau diarani karmina/pantun kilat. Ciri-cirining parikan :
1)      Nduweni purwakanthi ab-ab.
2)      Yen kedadeyan saka rong baris, baris kapisan sampiran lan baris kapindho isi. Nanging yen dumadi saka patang baris, baris 1-2 sampiran, baris 3-4 kasebut isi.
3)      Pendhote parikan ana sing 4-4 lan 4-8 (kanggo sing rong larik), 8-8 (kanggo sing patang larik). Pedhotan tegese gunggunge wanda saben sak gatra.
4)      Guna paedahe parikan kanggo pitutur, nyemoni, utawa gojegan ana ing pacelathon.

Manut ( cacahing) wandane, parikan iku kena diperangi dadi telu, yaiku:

a. Parikankandadadean saka (4 wanda + 4 Wanda) X 2

Tuladha
1. Iwak bandheng, durung wayu (4 wanda + 4 Wanda)
Priya Ngganteng, sugih ngelmu (4 wanda + 4 Wanda
  1. Manuk emprit, nucuk pari (4 – 4 ======= Sampiran)
Nasihat
Dadi murik, sing taberi      (4 – 4 ======= Isi)
  1. Jemek-jemek, gula jawa (4 – 4 ======== Sampiran)
Nasihat
Aja ngenyek, padha kanca (4 – 4 ======  Isi)
  1. Manuk tuhu, mencok pager (4 – 4 ====== Sampiran)
Nasihat
      Yen sinau, dadi pinter       (4 – 4 =======  Isi)

b. Parikankandadean saka (4 wanda + 8 Wanda) X 2

Tuladha
1. Kembang adas, sumebar tengahing alas (4 wanda + 8 Wanda).
   Tuwas tiwas, nglabuhi wong ora waras. (4 wanda + 8 wanda)
2.   Kembang mlathi, warna peni ngganda wangi (4 – 8)
Nasihat
Watak putri, kudu titi ngati-ati (4 – 8 )
3. Gudheg manggar, bumbune mrica ketumbar (4 – 8)
Nasihat
Lamun sabar, bisa lejar serta bingar (4 – 8)
4. Kembang kencur, tinandur tepining sumur (4 – 8)
Nasihat
Sapa jujur, bakal luhur klawan makmur (4 – 8)

c.  Parikan kang kadadean saka (8 wanda + 8 Wanda) X 2

Tuladha
1. Enting-enting gula jawa, sabungkus isine sanga
   Ingatane para siswa, wajib seneng nggubah basa.
2.   Esuk nakir sore nakir (8)
Sing ditakir godhong ploso (8)
Nyemoni
Esuk mikir sore mikir (8)
Sing dipikir ora krasa (8)
3.   Jangan kacang jangan kara (8)
Kaduk uyah kurang gula (8)
Pitutur
Piwelingku mring pra mudha (8)
Aja wedi ing rekasa (8)
4.   Yen kembang kembang cempaka (8)
Dudu kembang arum dalu (8)
Pitutur
Mumpung sira isih mudha (8)
Den asregep ngudi ngelmu (8)
Parikan sing kadadean saka (8 wanda + 8 wanda) X 2, saweneh ana sing ngarani parikan patang pada. Iku keliru, sebab tembung “pada” iku tumprap reriptan kanggone mung ana ing tembang. Dene yen tembung “pada” iku sing dikarepake kudu mung ora ukara, siji-sijining ukura kadadean saka 2 gatra: dadi kabeh ana 4 gatra Wondene carane nulis 4 gatra iku, kena bae didadekake 4 larik. Tuladha kasebut kena katulis mangkane
Enting-enting gula jawa
Sabungkus isine sanga
Ingatase para siswa
Wajib seneng nggubah basa

Parikan sing dianggo nggérongi lelagoning gendhing

Ing parikan iki dhapukaning ukara mesthi bae ora bisa tansah nglungguhi paungeran, sebab cacahing wandane kawengku ing laguning gendhing.
Tuladha
  • Lelagon Parikan (Slendro Patet 9)
Cengkir Wungu, wungune ketiban daru (Dhu Ibu)
Calon guru, kudu sabar momot mengku (Pm)
Katrangan Perangan sing dikurung, yaiku (Dhu Ibu), iku wuwuhan, kanggo senggakan.
  • Suwe Ora Jamu. Pelog Pathet 6
Suwe ora jamu, jamu godhong kencur
Suwe ra ketemu, temu pisan maju mundur.

Carane ngarang parikan

Sing dikarang luwih dhisik ukara kapindho, yaiku sing isi “ngese” utawa “Wose”. Ukarane kadedean saka 4 wanda + 4 Wanda, utawa 4 wanda + 8 wanda + 8 wanda.Sawise rampung pangarange ukara kapidho, banjur ngarang ukara kapisan, yaiku ukara kang mung dianggo purwaka. Kehing wandane pada karo ukara kapindho, lan dhapukane kudu mujudake purwakanthi guru swara karo ukara sing kapindho.

Klebu rerengganing basa

Parikan klebu rerengganing basa, sebab basa sing mawa parikan iku agawe senenge wong sing maca utawa sing ngrungokake. Guneman mawa parikan basa njalari rame nengsemake.Gendhing digerongi nganggo sakepan kang mawa parikan, bisa marakake saya gayeng.
  1. A.     Wangsalan
  • Wangsalan kuwi tetembungan ing ukara sing disamun kayadéné cangkriman utawa batangané kasebut ing ukara candhaké mung dicangking wandané baé utawa unen-unen kang awujud cangriman kang batange ana ing njero unen-unen kuwi. Wangsalan dianggo ana pacelathon saben dinane.
  •  Wangsalan bisa dipérang telu yakuwi: wangsalan sajroning pacelathon, wangsalan èdi pèni lan wangsalan awujud tembang.

 Wangsalan jroning pacelathon

  • Njanur gunung, kadingarèn dolan mréné? (janur gunung = arèn)
  • Ngrokok cendhak, bocah cilik ora kena neges-neges (rokok cendhak = tegesan)
  • Jenang gula, aja lali (jenang gula = glali)
  • Nggodhong garing, ésuk-ésuk kokwisnglaras (godhong garing = klaras)
  • Balung klapa, éthok-éthok ora ngerti (balung klapa = bathok)
  • Balung geni, mbokmenawa aku ora bisa teka (balung geni = mawa)
  • Balung janur, sida lunga apa ora? (balung janur = sada)
  • Balung pakèl, aja seneng alok-alok (balung pakèl = pelok)
  • Jangan gori, nganti judheg anggonku mikir (jangan gori = gudheg)
  • Bocah cilik ora pareng ngrokok cendhak, saru kuwi kok neges-negesi barang
(ngrokok cendhak = tegesan; neges-negese)
  • Esuk-esuk kokwisnggodhong garing, kepenak tenan anggone nglaras.
(godhong garing  = klaras; nglaras)

Wangsalan èdi pèni

  • Carang wreksa, wreksa wilis tanpa patra. Ora gampang wong urip ing alam donya. (carang wreksa = pang, wreksa wilis tanpa patra = wit kayu urip)
  • Kolik priya, wanara Anjani putra. Tuhu éman, wong anom wedi kangèlan (kolik priya = tuhu, Anjani putra = Anoman)

Wangsalan awujud tembang

  • Kinanthi linging pitutur, kenthang rambat menyan putih, awasna dipun pratèla. Nolèha wiranging wuri, cecangkok wohing kalapa, kang dadi pathoking urip.
- kenthang rambat = tèla
- menyan putih = wlirang
- cecongkak wohing kalapa = bathok
IV.       PENDALAMAN MATERI
Gawea kelompok sing gunggunge 5 siswa. Saben kelompok nggarap tugas-tugas ing ngisor iki !
  1. Gawea parikan kanthi paugeran ing ndhuwur (purwakanthi, sampiran, la nisi, pedhotan) !
a)      pedhotan  4 – 4, 4 – 4
………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………
b)      pedhotan  4 – 4, 4 – 4
…………………………………………………………………………………………………
…………………………………………
c)      pedhotan  4 – 8, 4 – 8
………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………
d)      pedhotan  8 – 8, 8 – 8
………………………………………………………………………………………………  ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………..
  1. Wangsalan iki terangna tegese !
Tuladha : mbalung geni, mbok menawa aku entuk rejeki dina iki !
Mbalung geni = mawa dadine, mbok menawa
a)      Balung jagung ta, le, aja janggelan !
Wangsulan ………………………………………………………………………………….
b)      Aja mutra bebek, wira-wiri ana apa ?

c)      Dadi bocah apa seneng nglemadi bengkah, ta, kok nyela-nyela !

d)      Wah….pasar cilik tenan ki, sida wurung anggonku lungan

e)      Awas kowe kancing jaja tenan, titenana

f)        Mesin tulis, Mas witikna aku kudu kepriye ?

g)      Senengane kok nyega mambu, pamer sepatune sing anyar !

h)      Mrica kecut, Mbak, sauni-unine taktampakok

i)        Damar mancung, Mas, cinupet samene dhisik anggone rembugan

j)        Bantal dawa ya, Ngger, elinge mrang Kang Maha Kuwasa

            C. Candrasengkala
  • Candrasangkala utawa Sengkalan kuwi cara nulis taun sing disandhi nganggo ukara. Panulisan titi mangsa iki asring kagunakaké ing Sastra Jawa Kuna lanTengahan. Cara macané kanthi diwalik. Tuladha: Sirna ilang krětaning bumi, yen diterjemahaké dadi angka 0, 0, 4, 1. Diwalik banjur dadi 1400. Tembung “sengkalan”, asalé saka tembung “saka” lan “kala”. Saka utawa çaka iku jenengé bangsa Indhu, kala utawa kala ateges wektu. Sakakala yaiku kalané ana ratu golongan çaka kang jumeneng nata ing tanah Indhu sisih kidul, lan wektu iku wiwitané tahun saka, yaiku taun 1 utawa taun 78 Masèhi. Mungguh kang dikarepaké “sengkalan”, yaiku unèn-unèn sing nduwèni teges angkaning taun. Ing jaman biyèn sing kanggo pétungan ing Tanah Jawa iku taun Saka. Nanging saiki ana sing migunakaké taun rembulan utawa taun candra, yaiku pétungan sing sasiné manut lakuning rembulan, diarani: “Candrasengkala”. Sengkala kang adhedhasar taun srengéngé, banjur diarani: “Suryasengkala”

Werna-werna sengkalan

Miturut wujudé

Miturut wujudé, sengkalan kuwi ana rong werna yakuwi:

Miturut jinisé

Miturut jinisé sengkalan dipérang dadi telu, yakuwi:
  • Sengkalan lamba, yakuwi sengkalan sing migunakaké tembung-tembung sing prasaja. Tuladha: Buta (5)lima(5) naga (8) siji (1), dadi angkané 5581 lan tegesé taun 1855.
  • Sengkalan miring, yakuwi sengkalan sing migunakaké tembung-tembung miring saka watek sengkalan lamba. Tuladha: Lungiding Wasita Ambuka Bawana (1975).
    • Tembung “lungid” maknané “landhep”, sing dikarepaké landheping “gaman“. Gaman duwé watek 5.
    • Tembung “wasita” maknané “pitutur jati”, pitutur iku ana gegayutané karo resi, wiku utawa pandhita sing nduwé watek 7.
    • Tembung “Ambuka”, sing dikarepaké “lawang” utawa “gapura” sing nduwé watek 9.
    • Tembung “Bawana”, sing dikarepaké “bumi” sing nduwé watek 1.
  • Sengkalan memet, yakuwi sengkalan sing digawé ora nganggo ukra nanging awujud gambar,recacandhi, gedhong lan sapanunggalané. Tuladha: Dik (buta) gajah tinunggangan jalma, maknané 1785 (buta=5, gajah=8, tinunggangan=7, jalma=1).

Tembung lan watek wantuné

  1. Tembung sing nduwèni watek 1 yakuwi: Tunggal, Siji, Nyawiji, Gusti, Sujanma, Jalma, Wong, Semèdi, Nabi, Rupa, Maha, Iku, Rat, Jagad, Bumi, Bawana, Surya, Candra, Kartika, Urip, Wani, Putra, Tyas, Kalbu, Wardaya. Raja, Ratu, Narpa. .
  2. Tembung sing nduwèni watek 2 yakuwi: Kalih, Dwi, Asta, Nembah, Nyembah, Nétra,Caksu, Soca, Pandulu, Tingal, Paningal, Kembar, Myat, SwiwiPeksi, Paksi, Paksa, Sikara, Dresthi, Kanthi, Apasang, Sungu, Talingan, Karna. .
  3. Tembung sing nduwèni watek 3 yakuwi; Tiga, Tri, Bahni, Geni, Agni, Ujwala, Murub, Urub, Dahana, Payudhan, Yudha, Perang, Kaya, Kadya, Kadi, Bentèr, Kawruh, Guna, Wédha, Naut, Teken, Pawaka, Rananggana, Brama. .
  4. Tembung sing nduwèni watek 4 yakuwi: Papat, Pat, Catur, Wahana, Warih, Dadya, Kéblat, Suci, Wening, Nadi, Toya, Jaladri, Samodra, Tasik, Sindu, Marta, Karta, Masuh, Segara. .
  5. Tembung sing nduwèni watek 5 yakuwi; Lima, Gangsal, Panca, Pandawa, Wisik, Gati, Indriya, Parastra, Gaman, Panah, Pusaka, Lungid, Landhep, Guling, Diyu, Dik, Buta, Yaksa, Raseksa, Raseksi, Wil, Galak, Tata, Maruta, Bayu, Samirana, Angin, Marga. .
  6. Tembung sing nduwèni watek 6 yakuwi: Nem, Sad, Rasa, Hartati, Sarkara, Tikta, Obah, Oyag,Kayu, Wreksa, Prabatang, Lindhu, Mangsa, Naya, Wayang, Ilat. .
  7. Tembung sing nduwèni watek 7 yakuwi: Pitu, Sapta, Prawata, Giri, Arga, Gunung, Acala, Pandhita, Resi, Wiku, Sogata, Swara, Dwija, Wulang, Mulang, Weling, Wasita, Tunggang, Titihan, Titih, Turangga, Aswa, Kuda, Jaran, Sabda, Muni. .
  8. Tembung sing nduwèni watek 8 yakuwi: Wolu, Astha, Basu, Basuki, Slira, Murti, Bujangga,Pujangga, Manggala, Taksaka, Ula, Naga, Sarpa, Sawer, Dwipa, Bajul, Liman, Dwipangga, Èsthi, Gajah, Dirada, Kunjara, Tanu, Madya. .
  9. Tembung sing nduwèni watek 9 yakuwi: Sanga, Sang, Nawa, Déwa, Dwara, Lawang, Kori,Gapura, Lawang, Wiwara, Ambuka, Gandha, Puspa, Kembang, Kusuma, Bedhah, Muka, Rudra, Gatra, Menga, Mancep. .
  10. Tembung sing nduwèni watek 0 yakuwi: Ilang, Musna, Sirna, Nir, Murca, Mlethik, Langit, Akasa, Wyat, Tawang, Kombul, Muluk, Nenga, Luhur, Duwur, Adoh, Swarga, Tanpa, Tan, Swuh, Suda, Windu.

Carané Gawe Sengkalan

Yen arep gawe ukara sengkalan:
  • Sepisanan kudhu nggoleki tembung luwih dhisik kanggo guru dasanama (persamaan arti kata), tegese tetembung sing darbe tegese padha duwe watak wilangan sing padha. Umpamane :gunung, prawata, arga, giri, haldaka, lan redi.
  • Kaping loro, guru sastra (persamaan kata), tetembungan sing duwe wujud tukisan sing padha, dianggep duwe wilangan sing padha. Thuladhane : esthi sing tegese gajah. Lan tembung esthi iku, uga mengku teges kekareban kang duwe watak wolu (8).
  • Kaping telu, nggoleki guru warga (persamaan golongan). Tetembungan sing duwe golongan padha dianggep darbe watak wilangan sing pdha, contone : rembulan, srengenge, bumi, kuwi duwe watak wilanagan siji (1).
  • Sing Kaping papat, guru wanda (persamaan suku kata), yakuwi tetembungan sing duwe suku kata utawa unine padha dianggep duwe watak wilangan sing padha yaiku papat (4)
  • Kaping lima, yakuwi migatekake anane guru sarana (persamaan fungsi), yakuwi sarana utawa alat.Watak wilangan dianggep padha karo fungsine (pigunane). Tuladha : lidah (ilat).Sing ngunakake rasa dianggep duwe watak wilangan padha yakuwi enem.
  • Kaping enem, nggoleki guru karya (persamaan sifat kerja) yakuwi barang lan kerjane, watak wilangane dianggep padha, umpama mata lan madeng, dianggep darbe watak wilangan padha yakuwi loro (2)
  • Kaping pitu, guru darwa (persamaan sifat), yakuwi sipat salah sawijining barang (benda) dianggep darbe watak lan wilangan sing padha karo panas, dianggep duwe watak wilangan sing padha yakuwi telu (3)
  • Kaping wolu, yakuwi nggoleki guru jarwa persamaan arti utawa sinonim). Tetembungan sing duwe teges makna (arti ) sing padha. Contoné, retu,obah lan horeg, dianggep duwe watak wilangan sing padha yaiku enem (6)

Carané Maca Sengkalan

Maca sengkalan padha karo maos ukara umume, nanging angka sing kinandhut ing ukara sengkalan mau diwaos saka mburi mengarep utawa saka tengen mangiwa kaya maca tulisan Arab. Tegese, angka saka ukara sing keri saka sengkelan mau dadi angka taun sing ngarep dhewe, kosok baline angka sing kinandhut ing tembung sepisan, saka sengkalan Buta Cakil kang unine: Tangan Yaksa satataning Janma (penyempurnaan bentuk wayang) Buta Cakil dhek jaman Sultan Agung.Tangan : 2, Yaksa: 5, Satataning: 5, lan janma:1, dadi diwaca tahun 1552 Jawa utawa taun 16700 Masehi
V.        TUGAS
A.  Ing Njaba Kelas
Parikan / unen-unen ing ngisor golekana bacutane !
  1. Kutha Sala ajeg rame
Sriwedari ing tengahe
………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………….
  1. Sega punar sega empal
Segane panganten anyar,
…………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………….
  1. …………………………………………………………………………………………….
Golek ngelmu kudu sabar
  1. Kembang aren, sumebar tepining kalen
……………………………………………………………………………………………..
  1. Wit kecipir mrambat kawat
……………………………………………………………………………………………..
Gawea ukara nganggo wangsalan ing ngisor iki !
  1. Ron mlinjo        = so (godhong so)                    ====== ngaso
Tuladha            = Roning mlinjo, Bu, yenwissaya nyuwun ngaso
  1. Putrane Anjani  = Anoman                    ====== enom
…………………………………………………………………………………………….
  1. Witng klapa                  = glugu             ====== salugune
…………………………………………………………………………………………….
  1. Godhong garing            = klaras                        ====== nglaras
…………………………………………………………………………………………….
  1. Kembang jambu           = karuk                        ====== kemaruk
………………………………………………………………………………………
B.         Ing Njero Kelas
  1. Ndiskusikake babagan ing ndhuwur
  2. Wakil kelompok kanthi pasangan maju ing ngarep kelas.
  3. Kelompok liyane mbiji kelompok sing maju.
  4. Sakwise kabeh kelompok maju, kelompok-kelompok mau nduduhake hasile diskusi lan alasane  presentasi hasil  diskusi kelompok.
  5. Nyimpulake hasil diskusi kelompok.
  6. Ngempalake hasil diskusi.
  7. Nggarap tugas pribadi uji pemahaman
  8. Nggarap tugas pengembangan sikap.
  9. Konsultasi kalawan guru menawa kangelan.
  10. LANGKAH KERJA.
  11. Maca pawarta lan informasi materi kanthi patitis.
  12. Nggarap tugas kelompok sing cumepak.
  13. Nggarap tugas individu sing cumepak
  14. Ndiskusikake tugas kelompok diterusake diskusi kelas.
VII.      PENILAIAN
A.  Uji Pemahaman
Aspek               :    Kognitif
Indikator           :     Menuliskan kejadian sehari-hari ke dalam bentuk parikan dan wangsalan.
Kelas/Semester   :  XI / 2
  1. Wenehana tandha ping ana aksara A, B, C, D, utawa E ana wangsulan sing bener  !
    1. Basa jawane pantun yaiku …….
      1. Cangkriman
      2. Parikan
      3. Unen-unen
      4. Wangsulan
      5. Singir
  1. Ing ngisor iki cirri-cirine parikan, kajaba ……
    1. Nduweni purwakanthi a – b, a – b
    2. Yen kedadeyan saka 2 baris, baris kapisan sampiran lan baris kapindho isi
    3. Pedhotan parikan 4 – 4, 4 – 4; 4 – 8, 4 – 8; lan 8 – 8, 8 – 8
    4. Nduweni purwakanthi a – a – a – a
    5. Guna paedahe parikan yaitu kanggo nasihat, gojegan, utawa nyemoni ana ing sajroning pacelathon.
  1. Pedhotan ana ing parikan bisa kedadeyan saha ….
    1. 4 – 4, 4 – 6
    2. 4 – 4, 4 – 8
    3. 4 – 6, 4 – 6
    4. 4- 8, 4 – 8
    5. 4 – 6, 4 – 8
    6. Manuk emprit, nucuk pari
Dadi murid, siing taberi
Pedhotane parikan ing ndhuwur saben gatrane dumadi saka ….
  1. 4 – 4, 4 – 4
  2. 4 – 6, 4 – 6
  3. 4 – 8, 4 – 8
  4. 4 – 6, 4 – 4
  5. 8 – 8, 8 – 8
  1. Ing ngisor iki  parikan sing pedhotane 8 – 8, 8 – 8 yaiku ….
    1. Manuk tuhu, menclok pager
Yen sinau, dadi pinter
  1. Jemek-jemek, gula jawa
Aja ngenyek, padha kanca
  1. Gudheg manggar, bumbune mrica ketumbar
Lamur sabar, bisa lejar serta bingar
  1. Kembang kencur, tinandur tepining sumur
Sapa jujur, bakal luhur klawan makmur
  1. Yen kembang-kembang cempaka dudu kembang arum dalu
Mumpung sira isih mudha, den asregep ngudi ilmu
  1. Unen-unen sing wujude cangkriman, batangane ana ing njero unen-unen kuwi diarani …..
    1. Parikan
    2. Wangsalan
    3. Purwakanthi
    4. Cangkriman
    5. Paribasan
  1. Dadi bocah aja seneng nglemah bengkah, ta, kok nyela-nyela. Nglemah bengkah kuwi …..
    1. Sela
    2. Nela
    3. Tela
    4. Nyela
    5. Kela
  1. Mrica kecut, Mbak, sauni-unine taktampakok …
    1. Uni
    2. Wuni
    3. Muni
    4. Sauni
    5. Tuni
  1. Bocak cilik ora pareng ngrokok cendhak, saru kuwi kok neges-neges barang
Ngrokok cendhak jenenge …..
  1. Neges
  2. Negesi
  3. Teges
  4. Tegesan
  5. Ceges
  1. Awas kowe, kancing jaya tenan, titenana !
Kancing jawa jenenge
  1. Peniti
  2. Titi
  3. Eti
  4. Titen
  5. Titena
  6. Wangsulan pitakon-pitakon ing ngisor iki !
    1. Sebutna ciri-cirine parikan !
      Wangsulan …………………………………………………………………………….
  1. Gawea parikan kanthi pedhotan 4 – 8, 4 – 8

  1. Apa bacutane parikan ing ngisor iki !
Esuk nakir sore nakir, sing ditakir godhong ploso

  1. Wansulana ing ngisor iki gawea ukarane !
a) mesin tulis                       = tik                             = witikna
b) balung geni                     = mawa                        = mbok menawa

  1. Golekana wangsulane saka ukara ing ngisor iki !
a) witing klapa, Mas, salugu-lugune adhiku isih lugu aku
b) esuk-esuk kokwisnggodhong garing, nglaras tembang karo loak-laok !
Wangsulan …………………………………………………………………………….
B.   Pengembangan Sikap
Aspek              :  Afektif
Indikator     : Menuliskan kejadian sehari-hari ke dalam bentuk parikan dan wangsalan
Kelas/Smt        : XI / 2
No
Indikator
Kriteria
Ok
Kr
Ar
Ot
1
Siswa melu piwulangan Parikan lan Wangsalan
2
Siswa aktif sajroning pelajaran
3
Siswa aktif nggarap tugas individu
4
Siswa aktif nggarap tugas kelompok
5
Siswa aktif diskusi kelompok
6
Siswa aktif diskusi kelas
7
Siswa aktif nyusun hasil diskusi
8
Siswa aktif nyimpulake diskusi kelas
Katerangan :                                                                                         Skor
Ok                : Ora kendhat                                                                     4
Kr                 : Kerep                                                                               3
Ar                 : Arang                                                                               2
Ot                 : Ora tau                                                                             1
VIII.     TINDAK LANJUT
Yen tugaswisrampung jumbuh karo langkah gawe ing ndhuwur, siswa dikarepake nerusake piwulangan sateruse, menawa during dibaleni maneh kanthi remedial.

WULANGANN 5
MAOS NASKAH DRAMA/SANDIWARA
                                    Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas/Semester            : XI / 2
Metode                        : Demonstrasi, Tanya jawab, Latihan/Drill
                                    Waktu                          :2 x 45 menit
  1. I.                   PANUDUH PIWULANG
  2. Supaya paham informasi / berita lan bisa nggarap tugas, mula luwih dhisik maca babagan Kompetensi Dasar lan Indikator.
  3. Uga maca Materi bab MAOS NASKAH DRAMA/SANDIWARA kanthi dibolan-baleni.
  4. Kanggo ngukuhake pemahaman, dianjurake supaya maca buku referensi liyane.
  5. Saben langkah digarap jumbuh karo tugas sing diwenehake.
  6. Tugas dikumpulake jumbuh karo jadwal sing disarujuki / disepakati bebarengan.
  7. Diskusikake lan konsultasikake karo guru menawa nemoni kangelan / reribet.
  1. II.                KOMPETENSI SING AREP DIGAYUH
Standar Kompetensi   :  MEMBACA
Mampu membaca dan memahami  bacaan sastra maupun nonsastra, berhuruf Latin maupun Jawa dengan  berbagai keterampilan dan teknik membaca.
Kompetensi Dasar      : Membaca naskah drama/sandiwara sesuai karakter tokoh.
Indikator
  1. menyebutkan karakter penokohan pada tokoh drama/sandiwara
  2. membacakan naskah drama sesuai dengan karakter pada tokoh yang dibawakan
  3. memberikan tanggapan terhadap pembacaan naskah drama yang dibawakan oleh teman
:
  1. III.             INFORMASI MATERI

Ing ngisor iki ana tuladha naskah carangan sandiwara Jawa, coba wacanen ana sajroning batin banjur gladhen ing ngisore garapen kanthi patitis!

Naskah Carangan Sandiwara Jawa “Andhe-Andhe Lumut”

Dhapukan Lakon/casting:
1. Andhe-Andhe Lumut (Raden Panji Inukertapati)
  • satria bagus, gagah prakosa, luruh, wicaksana
  • Andhe-Andhe Lumut sejatine ningrat Kedhaton Blambangan jejuluk Raden Panji Inukertapati kang oleh pidana daksia dadi kawula alit lan banjur diopeni dening mbok randha dhadhapan ana ing Kadipaten Arum Wana.
2. Klenthing Kuning (Putri Galuh Candrakirana)
  • putri ayu, sabar, kesia-sia
  • Putri Galuh Candrakirana nduweni kekarepen nggoleki dedhemenane Raden Panji Inukertapati kang lagi nglakoni pidana supaya bisa diboyong maneh ana ing Kedhaton Blambangan, Putri Galuh Candrakurana salin wujud dadi wong ndesa kang aran Klenthing Kuning.
3. Mbok Randha Dhadhapan
  • piyantun sepuh, sabar, wicaksana
4. Mbok Randha Menah
  • mbok randha wicaksana lan tresna banget marang anak-anake
5. Klething Abang
  • pambarepe para klenthing, galak, njaluk menang dhewe
6. Klething Ijo
  • klenthing kaping pindho, manja
7. Klething Ungu
  • klenthing kaping telu, ceplas-ceplos
8. Klething Biru
  • klenthing sing nomer papat, paling gecul (dhapukane lanang/banci)
9. Yuyu Kangkang
  • awujud yuyu, ala rupane, gampang dirayu, sing mbaureksa kali Suda Susila watesing Kadipaten Arum Wana
10. Sang Hyang Kandha Wana
  • watake angker, sekti,wissepuh, seneng menehi pitulungan marang sapa kang apik atine
11. Punggawa Kadipaten/Juru Warta
- tukang nyorakake warta
12. Pengawal Punggawa 1
  • tukang nggawa kempul
13. Pengawal Punggawa 2
  • tukang nggawa payung
14. Dhagelan 1
15. Dhagelan 2
16. Dhagelan 3
  • para dhagelan yaiku kawula alit, watake gecul
PROLOG
Kocap kacarita, ana ing Negara kang aran Blambangan dicariyosake menawa ana Satria mudha turunan ningrat jejuluk Raden Panji Inukertapati. Dasar Raden Panji Inukertapati iku bagus rupane, sekti ilmune lan dhuwur kawruhe. Raden Panji Inukertapati nduweni gandhulaning ati yaiku Putri Galuh Cangrakirana kang ayu paras lan atine. Sakloron kuwi mau tansah padha sing ceblok dhemen. Ananging marga salah sawijining babagan, Raden Panji Inukertapati gawe wirang kedhaton sak punggawa lan wadya bala saingga Raden kuwi mau oleh pidana lunga saka kedhaton dadi kawula cilik banjur diopeni karo mbok Randha Dhadhapan kang sugih bandha lan urip ana ing dusun cilik kang aran Kadipaten Arum Wana. Putri Galuh Candrakirana banjur ndhuweni kekareban bakal nggoleki ana ing ngendi papan dununge raden Panji Inukertapati ya sang puspaning ati. Putri Galuh Candrakirana salin rupa dadi bocah wadon ndesa supaya ora dingerteni dening para kawula cilik liyane. Putri Galuh Candrakirana ngerteni dene sejatine Raden Panji Inukertapati iku ya si ANDHE-ANDHE LUMUT..!
BABAK 1
SWASANA LATAR OMAH DUSUN
(mbok Menah mlaku nggawa bakul, banjur monolog)
MBOK MENAH : ”Elae, kaya ngene nasibe dadi randha, wis tuwa, urip ning Dusun sepi, sanadyan mangkono tetep bungah rasaning atiku, amarga aku nduweni anak-anak yaiku para klenthing, wis dasare ayu-ayu, pinter, nurut, sregep mbantu mbokne, ananging anak-anakku durung padha rabi, hmm, kamangka sejatine ora kurang-kurang para lanangan enom-tuwa sing wis nglamar anakku, lha ning piye maneh, kabeh kuwi durung ana sing cocok ning ati.”
(mbok menah ngundang para klenthing)
MBOK MENAH : ”wuk, anak-anakku! Abang, Ijo, Ungu, Biru…!!”
PARA KLENTHING : ”inggih mbok, wonten timbalan dhawuh!”
(para klenthing teka)
MBOK MENAH : ”aduh anakku sing ayu-ayu, bar saka ngendhi kowe kabeh nduk, hmmm, lha kae ngapa biru kok awul-awulan ra tata kaya mangkono horo?”
K. BIRU : ”nganu mbok, mau aku dijahatin karo mbakyu-mbakyu, masa jarikku dibiaki kaya ngene (karo mbiyak jarike dhewe) ya aku isin ta dedeloki mas-mase”
K. IJO : ”ora kok mbok, mau aku ra mbiyak jarike Biru kaya ngene iki (karo mbiyak jarike Biru) wong kok nuduh-nuduh”
K. ABANG : ”iya mbok wong mau Ijo ora mbiyak ngene iki (karo mbiyak jarike Biru) len, ra percaya takon Ungu kuwi”
MBOK MENAH : ”apa bener nduk Ungu?”
K. UNGU : ”bener mbok, kene ra tau mbiyak-mbiyak ngene iki (karo mbiyak jarike Biru) masa dituduh mbiyak ngene (karo mbiyak jarike Biru), padahal yen mbiyak ngene (karo mbiyak jarike Biru) kan ora apik, saru.
(K.Biru mulai anyel)
K. BIRU : ”nyoh nyoh nyoh! (karo mbiyak-mbiyak jarike dhewe)
MBOK MENAH : ”wis wis wis, ayo aja padha padu apa maneh biyak-biyakan ngene iki (karo mbiyak jarike Biru), luwih becik ayo padha ning pawon ngewangi simbok olah-olah
PARA KLENTHING : ”yo yo yo”
(para klenthing lan mbok Menah lunga, klenthing kuning teka)
K. KUNING : ”Kulanuwun….”
PARA KLENTHING : ”iya” (para klenthing balik marani Kuning)
K. ABANG : ”iya, kowe sapa lan ana perlu apa?”
K. KUNING : (karo jengkeng) ”aku klenthing kuning, aku urip dhewe ora nduwe kadhang mitra, apa mbakyu-mbakyu kabeh gelem menawa aku didadine adhi ragil?”
K. IJO : ”apa, arep numpang ning kene?? Ning kene panggonane wis enthek!”
K. UNGU : “iya! Luwih becik kowe golek panggonan liya!”
K. KUNING : “aku njaluk tulung banget, dikon turu kandhang pitik aku ya gelem”
K. BIRU : ”huh, ki bocah ngeyel banget ta,, dikon lunga ya lunga! Tak jiwit lho! Tapi nganggo tang!”
K. ABANG : ”lho, wis ngerti ta guneme adhi2ku, kowe ning kene i bethek-betheke mung bakal ngenthekne segane simbok thok, ndang lunga kana!”
K. KUNING : ”tulung banget”
K. ABANG : ”lunga!”
K. KUNING : ”aku gelem kok dikongkon apa wae”
K. ABANG : ” eee, isih ngeyel, ndang minggata!!” (karo nendhang Kuning)
PARA KLENTHING : ”iya, ndang minggat! Sumingkir seka papan kene!”
(Kuning nangis banjur mbok Menah teka)
MBOK MENAH : ”elae, ana apa iki kok ribut-ribut kaya mengkene? (terus marani Kuning) lho kowe iki sapa nduk cah ayu, kena apa nangis?”
K. KUNING : ”mbok tulungi kula, kula urip dhewe mboten kagungan kadhang mitra, kula pingin urip ten ngriki kaliyan mbakyu-mbakyu menika, kula purun dipunutus napa kemawon”
(para klenthing ulate dadi peteng)
K. ABANG : “halah mbok, cah kaya ngono i rasah ditanggepi!”
K. IJO : “iya mbok, mung nambah-nambahi beban keluwarga!”
K. UNGU : “tambah wong malah tambah bebane keluwarga, kene wae niate arep ngelongi anggota kelurga barang eh” (Abang, Ijo, Ungu nyawang Biru kompak)
K. BIRU : (bingung, thingak-thinguk) “wah! Ra penak!”
MBOK MENAH : “wis-wis rasah padha ribut, simbok dadi bingung iki (banjur marani Kuning) wis nduk rasah sedih maneh, simbok bakal menehi kowe ijin melu simbok lan para anak-anakku iki, (para klenthing padha protes saur manuk) sssttt… (marang para klenthing) nanging ya kuwi….”
K. KUNING : “napa mbok?”
MBOK MENAH : “kowe kudu gelem nandhang gawe ngewangi simbok ning kene iki”
K. KUNING : “menawi mekaten kula bungah sanget mbok”
(Kuning banjur ngambung tangane simbok, lan simbok ngenalake Kuning marang para klenthing liyane, ulatane para klenthing liyane pating mbesengut)
MBOK RANDHA : “wis ayo padha mlebu omah kabeh, ayo anakku kabeh, sing rukun karo adhimu anyar iki”
K. ABANG : “pokoke kowe sing nyaponi latar!”
K. UNGU : “klambi-klambine aku lan liyane kowe pokoke sing ngumbah!”
K. BIRU : “ kowe pokoke sing nyawiki aku!”
K. IJO : “husst”
MBOK MENAH : “wis ayo padha mlebu gage nduk!”
(kabeh metu panggung)
BABAK II
SWASANA PADESAN/DUSUN
(para kawula alit/dhagelan padha gegojekan)
—————-pre memory-dhagelan bebas—————-
(‘gong! gong!’ juru warta teka dikawal para pengawale)
JURU WARTA : (maca/nyemak teks, bengok-bengok, lebay, lucu, diiringi kempul dening pengawale)“wara-wara! Mbok Randha Dhadhapan saka tlatah Kadipaten Arum Wana menehi pawartos kangem sedhaya kawula kang mirengake!” (para kawula padha nyedhak siji mbaka siji ora keri para klenthing uga melu )
“sayembara!! anak tunggal mbok Randha Dhadhapan yaiku jaka bagus kang aran Andhe-Andhe Lumut badhe nggelar pilih-pinilih, timbang-tinimbang wanita kagem didadosaken bojone, para kawula ingkang saguh lan mumpuni dipunantosi wanci tabuh sekawan sonten menika wonten ing ngarsa dalem Mbok Randha Dhadhapan. Dene wanita kang bakal dipundadosaken bojo gumanthung kawicaksananipun Ndara Andhe-Andhe Lumut. Mekaten pawartos saking kula, nuwun nuwun maturnuwun!”
(para punggawa lunga, para kawula padha bubar, dene Mbok Menah,
Abang, Ijo, Ungu lan Biru isih tetep ana papan mau)
K. ABANG : “mbok, aku pingin melu sayembara mau mbok!”
K. IJO, UNGU, BIRU : “aku iya mbok”
MBOK MENAH : “wis ayo gek dha siap-siap, ayao padha dandan lan milih wusana kang apik ana ing juru rias etan kana”
PARA KLENTHING : “ayo!”
(nalika padha arep budhal teka Kuning sinambi mlayu)
K. KUNING : “mbok, kula pripun?!”
(para klenthing lan mbok Menah balik)
K. UNGU : “lho, ngapa kowe nusul rene?”
K. KUNING : “aku ya pingin melu sayembara?”
PARA KLENTHING : “apa??!”
K. BIRU : “eh, mendingan kowe jaga omah wae!”
K. IJO : “Andhe-Andhe Lumut mesti ra bakal gelem karo dhapuranmu kuwi!”
K. BIRU : “yuukk, Andhe-Andhe Lumut mah gak level ame ye u kow?”
K.ABANG : “kowe apa wis nandhang gawean omah ha?!!”
K. KUNING : “dereng mbakyu Abang”
K. ABANG : “nah kuwi ateges kowe mblenjani janji!”
K. IJO : “wis untung diwenehi tumpanganan, janji arep rewang-rewang malah arep mlenjani!”
K. ABANG : “nah mbok, piye iki si Kuning arep mblenjani janji!”
MBOK MENAH : “Kuning, apa bener kowe pingin melu sayembara?”
K. KUNING : “leres mbok”
MBOK MENAH : “apa pagaweyan omah wis mbok rampungake?”
K.KUNING : “dereng mbok”
MBOK MENAH : “Kuning anakku, sepurane simbok ora bisa menehi kowe ijin meluni sayembara amarga tandang gawe kewajibanu durung mbok lakoni”
(para klenthing padha seneng lan ngguyu nyukurke Kuning)
MBOK MENAH : “nanging ya kuwi, upama kabeh pagawean mau wis mbok rampungake, kowe oleh kok melu sayembara nusul mbakyu-mbakyumu”
(para klenthing liyane protes, padha saur manuk)
K. IJO : “o iya Kuning, aja lali kowe ning omah dandanke gendheng kamarku sing bocor!”
K. ABANG : “aku mulih kudu mbok masakke iwak sing enak!”
K. UNGU : “tak tambahi! Kowe kudu nggawekne aku amben sing anyar!”
K. BIRU : “pokoke kowe ra oleh lunga sak durunge kabeh beres! Wis mbakyu ayo padha lunga, rasah nggagas cah sithok iki!”
(para klenthing banjur lunga, mbok Menah ora bisa tumindhak apa-apa, Kuning dhewe ana ing papan mau sinambi nangis)
K. KUNING : “duh Gusti, salah napa kula niki, nduweni mbakyu nanging atine ala kabeh, kula pingin sanget kepanggih kaliyan Andhe-Andhe Lumut, apa mungkin kabeh pagaweyan iki tak rampung tandhangi, Gusti, kula nyuwun pitulungan”
(kadadak teka wong tuwa sarwa putih teka marani Kuning)
K. KUNING : “mbah, panjenenganb sinten?” (wedi)
SANG HYANG : “ora usah wedi nduk, aku Sang Hyang Kandha Wana, teka amarga krungu pandongamu mau, aku bakal mbiyantu kowe nduk cah ayu” (Sang Hyang banjur ngthokake aji-aji sahingga kabeh pagaweyane Kuning rampung)
K. KUNING : “maturnuwun Hyang sampun mbiyantu kula”
SANG HYANG : “iya nduk, aku seneng mbiyantu kowe amarga atimu kang becik iku”
K. KUNING : “lajeng kula saged ndherek sayembara wonten Kadipaten Arum Wana”
SANG HYANG : “iya nduk, iki kowe tak sanguni pusaka teken sekti teken zaitun kang bira mitulungi kowe marang bebayan”
K. KUNING : “maturnuwun sanget Sang Hyang, kula badhe mangkat sakmenika, pangestunipun Hyang”
SANG HYANG : “iya nduk ati-ati, pangestumu tak tampa, Sang Hyang erep bali dhisik”(Sang Hyang lunga)
K. KUNING : “maturnuwun Hyang, atos-atos!” (Kuning lunga)
BABAK III
SWASANA PINGGIR KALI
(rombongan Abang, Ijo, Ungu, Biru teka ana pinggir kali Suda Susila)
K. ABANG : “ee lha dhalah, kadingaren kaline banjir kaya mangkene”
K. IJO : “iya mbakyu, gek ya kretege ambrol sisan”
K. UNGU : “kamangka wong papat kabeh iki ora ana sing bisa nglangi, haduh, njut kepiye iki??”
K. BIRU : “lha jan-jane awak dhewe arep ning ndi ta mbakyu?”
K. ABANG : “wah iki, awak dhewe iki arep menyang Kadipaten Arum Wana papan pangginane Andhe-Andhe Lumut, kae galo panggonane ana ing sebrang kali iki”
K. BIRU : “wah, ndadak nyebrang kali barang ya, umpama pindah Kadipaten ngono piye mbakyu?? Ben rasah nyabrang”
K. IJO : “gundhulmu! Rasah mokal-mokal, wis gek piye iki, ayo pagha golek akal”
K. UNGU : “coba tak ukur, kali iki banyune jero apa ora (njupuk watu banjur diuncalke kali)
YUYU KANGKANG : “ahaaa (ceguken) aduh biyuuunngg!!” (metu karo ngelus-elus sirah)
(para klenthing kaget lan gumun)
YUYU KANGKANG : “ahaaa, sapa mau sing mbalang sirahku? Aduduh…” (Yuyu clingak-clinguk banjur weruh para klenthing dadi ndomblong lan melet-melet)
K. UNGU : “walah mbakyu, apa kuwi mbakyu, nggilani lan medheni tenan”
K. BIRU : “hiiii, sereeem”
K. ABANG : “sik sik, iki tak atasane” (Abang maju nyedhaki Yuyu)
“hei mas-mas, sampeyan niku sinten?”
YUYU KANGKANG : “ahaaa, aku Yuyu Kangkang, ahaaa, aku sing mbaureksa kali Suda Susila iki, ahaa…”
K. IJO : (ngomong marang Abang) “mbakyu, coba jalukana tulung menawa dheweke bisa nyebrangake awak dhewe”
K. BIRU : “iya mbakyu, aku selak kebelet pingin ketemu Andhe-Andhe Lumut”
K. ABANG : (marang para klenthing) “iya, aku ya mikir kaya mangkana”
(madhep Yuyu) “Yuyu Kangkang, apa kowe bisa nulungi aku lan adhi-adhiku nyebrang kali iki?”
YUYU KANGKANG : “ahaaaa, isa wae, nyat kuwi tugasku, ahaaa”
(para klenthing padha seneng)
K. BIRU : “wis, gek ndang ayo ayo ayo” (polah)
YUYU KANGKANG : “eiiiitsss, tapi, ahaaa, ana syarate”
PARA KLENTHING : “apa kuwi?”
YUYU KANGKANG : “aku mung njaluk piiiiiii lussss, ahaaa”
PARA KLENTHING : “pilus apa kuwi??”
YUYU KANGKANG : “pilus kuwi yaiku pipi alus, ahaaaa, ngerti ta maksude?”
(para klenthing rambugan eyel-eyelen)
YUYU KANGKANG : “piye, yen wegah ya wis, kowe kabeh ora bakal isa nyebrang”
K. ABANG : “ Yuyu Kangkang,”
YUYU KANGKANG : “ahaaa….”
K. ABANG : “ ya wis aku saguh karo apa sing mbok syaratake mau, wis ndang sabrangna saiki, iki wis meh arep tabuh papat sore, cepet gage!”
(Yuyu nyabrangake para klenthing siji-siji tekaning sebrang pipine para klenthing
diciweli)
(Kuning teka pinggir kali)
YUYU KANGKANG : “ahaaa, sapa meneh iki kok ana bocah wadon ijen, ahaaaa, apa arep nyabrang kowe nduk? Hahaha, ahaaaa”
K. KUNING : “iya ki sanak, banjur niki pripun?”
YUYU KANGKANG : “ahaa, aku isa nyabrangke kowe, ananging kowe kudu menehi aku pilus alias pipi alus, ahaaa”
K. KUNING : “wah, menawi mekaten kula mboten purun ki sanak”
YUYU KANGKANG : “ahaa??? Eh, apa?? Kowe emoh?! Yen aku maksa piye horo?!”
K. KUNUNG : “adepana aku sik yen kowe wani”
YUYU KANGKANG : “eeee, lhadhalah, wani temen kowe iki heeehh??!!”
(Yuyu maju ngoyak-oyak Kuning nangung Kuning usa endha terus)
K. KUNING : “heh, rasakna iki!” (karo ngathungke teken zaitun)
YUYU KANGKANG : “aduh biyuuunngg!! Kapooookkk, ahaaa, ahaaa ahaaa” (metu lunga karo ginjal-ginjal)
K. KUNING : “rasakna kuwi!” (Kuning banjur ngathungke teken zaitun ana ing kali, banjur kaline dadi sat banyune, Kuning langsung nyabrang lan mbacutake laku)
BABAK IV
SWASANA OMAH LODJI
(Andhe-Andhe Lumut lan Mbok Randha lungguh ana dhampar di kawal Juru Warta lan Pengawal 1)
ANDHE LUMUT : “juru warta”
JURU WARTA : “kula ndara, wonten timbalan dhawuh?”
ANDHE LUMUT : “kepriye, apa dhawuhku nyorakake sayembara ana ing sajroning padesan sebrang kali Suda Susila wis mbok laksanaake?’
JURU WARTA : “awit pangestunipun sampun ndara”
MBOK RANDHA : ”ya wis syukur, muga-muga wae para wanita saka sebrang kali kana ana sing madhep manteb karo atimu ngger”
ANDHE LUMUT : “inggih ibu”
MBOK RANDHA : “ iya, sebabe mau wae wis akeh para wanita pirang-pirang pangripta sayembara pilih sing wis mbok tampik amarga ora sarujuk karo kekarepanmu”
ANDHE LUMUT : “inggih ibu, mugi tansah mekaten, manah kula inggih menggalih sami kaliyan ibu, dene wanita ingkang kula idamaken saged enggal-enggala tinemu wonten ing ngarsa kula lan ibu”
PENGAWAL 2 : “kula ingkang sowan ndara!”
(pengawal 2 mlebu lumaksana jengkeng)
ANDHE LUMUT : “pengawal, ana apa pengawal? Apa siang arep mbok wartaake?”
PENGAWAL 2 : “kepareng matur ndara, wonten ing latar dalem wonten rombongan wanita malih, rombongan menika saking dusun sabrang kali Suda Susila, para rombongan menika saprelu badhe tumut sayembara pilih”
ANDHE LUMUT : “ya yen mangkana, wis gage diaturi mlebu ana papan kene”
PENGAWAL 2 : “sendika ngestuakaen dhawuh ndara” (pengawal metu lan balik maneh mlebu karo para klenthing Abang, Ijo, Ungu, Biru, pengawal 1 lan 2 metu)
MBOK RANDHA : “ee, bocah kok ya ayu-ayu kaya ngene iki, mangga-mangga dipenakke sik anggone lungguh”
PARA KLENTHING : “inggih ibu”
MBOK RANDHA : “nduk, cah ayu-ayu, coba ibu pingin weruh jenengmu kabeh (para klenthing banjur padha nepangake awake dhewe-dhewe) “ngger Andhe-Andhe Lumut, (marang Andhe-Andhe Lumut) coba saka bocah papat kuwi mau endi sing sarujuk karo atimu?”
(Andhe-Andhe Lumut mlaku marani para klenthing sinambi wira-wiri mriksani para
klenthing)
JURU WARTA : “hehe, pripun ndara, ayu-ayu lhe, kajaba ingkang biru nika, hehe”
MBOK RANDHA : “kepriye ngger anakku?”
ANDHE LUMUT : “ibu, miturut panawang kula, para wanita menika mawi sukma ingkang mboten sae”
MBOK RANDHA : “apa kuwi tegese ngger?”
ANDHE LUMUT : “inggih ibu, para wanuta menika sampun mawi tilasipun Si Yuyu kangkang”
MBOK RANDHA : “dadi?”
ANDHE LUMUT : “niku ateges kula mboten saged nampi para wanita menika ibu”
MBOK RANDHA : “nduk cah ayu-ayu, wis ngerti ta apa sing diaturke dening anakku? Sing sareh ya, mungkin iki durung jodhomu”
(marang Andhe-Andhe Lumut) “ngger, wis akeh wanita sing ora sarujuk marang atimu, jan-jane panjalukmu sing kepiye ta ngger?”
(Anghe-Andhe Lumut amung gedheg-gedheg kadadak pengawal 1)
PENGAWAL 1 : “ndara, kepareng matur”
ANDHE LUMUT : “iya pengawal, ana wigati apa?”
PENGAWAL 1 : “wonten latar ana salah satunggaling wanita malih ingkang badhe tumut sayembara pilih ndara”
ANDHE LUMUT : “ya wis ndang diaturu mlebu”
(pengawal 1 ngacungke kode ngundang, pengawal 2 karo Kuning taka, Kuning amung ndungkluk banjur lungguh)
(para klenthing padha kaget, saur manuk)
K. ABANG : “ hei Kuning, wani-wanine kowe rene?? Apa gaweanmu wis rampung?”
K. KUNING : “sampun mbakyu”
K. UNGU : “halah, awake dhewe sing ayu-ayu kaya ngene wae ora ditampa, apa maneh kowe sing mung batur!”
K. IJO : “wis, kana ndang minggat tinimbang gawe isin ning kene!”
K. KUNING : “nyuwun pangapunten mbakyu, kita sedhaya anggadhahi hak ingkang sami, kula uga pingin tumut sayembara pilih iki”
MBOK RANDHA : (nugel atur, marang para klenthing) “bener pangucape bocah iki nduk” (marang Kuning) “nduk cah ayu sapa aranmu?”
K. KUNING : “kula Klenthing Kuning ibu”
MBOK RANDHA : “oo, iya, ngger anakku, coba kowe sawang bocah iki, apa kowe sarujuk?”
(Andhe-Andhe Lumut nyedhaki Kuning, ngranggih tangane, Kuning ngadhek, sakloron padha tinemu sawang)
KLENTING KUNING : “Kangmas Inukertapati….!”
ANDHE LUMUT : “Diajeng Candrakirana….!”
(kebeh isining panggung tablo/matung)
– TAMAT –
IV. PENDALAMAN MATERI

A. Naskah sandiwara ing nduwur wacanen kanthi permati. Banjur isenana kolom-kolom ing ngisor iki!
B. Adhedhasar pacelathon ana ndhuwur isinen bagan ing ngisor iki!
Unsur intrinsic
Ukara panyengkuyung
Tema____________________________________________________________———————————————————–
———————————————————–
KarakterAndhe-Andhe LumutMbok randha
___________________
___________________
Kleting Kuning
____________________
____________________
1. ____________________________________2. _____________________________________
1. _______________________________________
2. _____________________________________
_______________________________________
1. ____________________________________
2. ____________________________________
SettingPapan Panggonan:Wektu:
___________________
Kahanan:
_____________________
1. ____________________________________. _______________________________________
2. _____________________________________
1. ____________________________________
B. Gawenen kelompok kang cacahe padha karo paraga ing sandiwara ndhuwur, banjur wacanen kanthi intonasi kang trep! Kayadene maragakake sandiwara radio!

C. Dene kelompok liyane (sing ora maju) nyathet kaluwihan lan kekurangan kelompok sing maju adhedhasar kolom-kolom ing ngisor iki!
NoKriteria Penilaian
Skor
Keterangan
1
2
3
4
5
1Kekompakan     1: Ala
2Kelancaran     2: Kurang
3Pelafalan     3: Cukup
4Ekspresi     4: Apik
5Penampiilan (bloking, setting)     5: Apik banget

WULANGAN 6
AKSARA JAWA
Mata Pelajaran            : Bahasa Jawa
Kelas/Semester          : XI / 2
Metode                        : Demonstrasi, Tanya jawab, Latihan/Drill
Waktu                          :2 x 45 menit
====================================================================
  1. PANUDUH PIWULANG
    1. Supaya paham informasi / berita lan bisa nggarap tugas, mula luwih dhisik maca babagan Kompetensi Dasar lan Indikator.
    2. Uga maca Materi bab AKSARA JAWA kanthi dibolan-baleni.
    3. Kanggo ngukuhake pemahaman, dianjurake supaya maca buku referensi liyane.
    4. Saben langkah digarap jumbuh karo tugas sing diwenehake.
    5. Tugas dikumpulake jumbuh karo jadwal sing disarujuki / disepakati bebarengan.
    6. Diskusikake lan konsultasikake karo guru menawa nemoni kangelan / reribet.
  1. KOMPETENSI SING AREP DIGAYUH
Standar Kompetensi        : 1.        Menulis wacana pendek dengan huruf jawa
2.         Membaca dan memahami berbagai teks bacaan nonsastra berbahasa Jawa dengan berbagai teknik membaca untuk berbagai tujuan.
Kompetensi Dasar           : 1.1.     Menulis huruf Jawa
: 2.1.     Membaca pemahaman bacaan sederhana berhuruf Jawa 25 kalimat (5 paragraf)
Indikator                          : 1.1.       Menulis wacana pendek dengan huruf Jawa.
2.1.            Membaca teks yang disediakan dengan lancer dan benar.
2.2.            Mengungkapkan isi bacaan.
2.3.            Menceritakan kembali isi bacaan dalam beberapa menit.
2.4.            Menjawab pertanyaan bacaan.
III.         PENDALAMAN MATERI
A.   Aksara Murda
Aksara murda uga kasebut aksara gedhe (kapital) cacahe ana 8. Unine : na, ka, ta, sa, pa, nya, ga, ba (n, k, t, s, p, ny, g, b). Aksara murda iki kanggo tembung-tembung sing mbutuhake aksara gedhe kayata jenenge pawongan, papan panggonan, pulo, Negara, unsure keagamaan. Cacahe aksara murda saben tembung amung siji.
Wujude Aksara Murda :
IV.        PENDALAMAN MATERI
A.   Ing ngisor iki ana wacan tulisen nganggo aksara Jawa !
Tukang Nyampur Formalin Diincim 15 Taun
      Markas Besar Kepolisian RI (Mabes Polri) ngincim matrai hukuman kaunjara 15 taun marang pelaku sing kabukten nyampur fomalin karo bahan panganan. Wakil Kepala Divisi Humas Mabes Polri Brigjen Anton Bahrul Alam mratelakake, kanggo ngerim sumebare panganan kang ngandhut formalin  ing pasaran, polisi bakal nganakake operasi. Operasi sing utama katindakake marang industri-industri panganan.
Sauntara kuwi Kepala Badan Pengawasan Obat lan Makanan, Sampurno, nduweni pangira ing Indonesia ana prodhusen formalin cacah 20 kanthi kapasitas produksi mau dinuga diedharake kanthi bebas ing pasaran.
Wangsulan :
……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
B.  Wacana mawa aksara Jawa ing ngisor iki wacanen lan  gentia nganggo aksara latin !
Aksara jawa ing ngisor iki wacanen kanthi permati!
?m=spvC[rob.
?j[r*[g=o,sumukHwai=m=spvC[robtaunHiki”2008”jiy nVkStenn\pn[sS.Ai=surby,pnsSi=awznTiluwihsk ”40”derj[tClCiyus. znTi[wo[lo[roautwpsi[ynK=rwt HinpHi=rumhskitKels[H[mBk\awnBezi[aorseqiqikK=mBvkKi. ki psHzinLuwihsk[lo[ro [aor[koz=rfzdemM[khwai=sMau. a xpZlihai=ruw=k=luwihbbu s\mwa[c,k[nQo=[zsi=[aorsguh. lgi[ao[lhx[spSk[dokTe/w[a,a[khk=pdd]deg,wefi,appsediynDuwi[tTkirkiraisihvnDkK=[gonebu[sHobt\l[kokHxpHlianSlBr=.
V.         TUGAS
A. Ing Njaba Kelas
Tulisen nganggo aksara Jawa !
  1. Sri Sultan Hamengku Buwono X
  2. Presiden Susilo Bambang Yudhoyono
  3. Saiki wulan Januari taun 2009
  4. Bom ing Palu newasake wong 7
  5. Zakat Fitrah wajib ukume tumrap wong Islam.
Apa macane aksara jawa ing ngisor lan apa tegese !
  1. kc=m=sni=glLlvJ/rn\
Wangsulan :
…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
  1. sptemenBklTinemu

  1. becikKetitikHlketr

  1.     afig=,afigu=,afigun

  1. gjhzifkRph

VI.        LANGKAH KERJA
  1. Maca informasi kanthi patitis
  2. Ngapalake aksara jawa, murda, swara, lsp.
  3. Nransit aksara jawa ana ing aksara latin.
  4. Diskusi kelompok diterusake diskusi kelas.
VII.       PENILAIAN
A.   Uji Pemahaman
Aspek              : Kognitif
Indikator          : 1.1.  Menulis wacana pendek dengan huruf Jawa.
1.1.  Membaca teks yang disediakan dengan lancer dan benar.
1.2.  Mengungkapkan isi bacaan.
1.3.  Menceritakan kembali isi bacaan dalam beberapa kalimat.
1.4.  Menjawab pertanyaan bacaan.
Kelas/Smt        : XI / 2
I. Wenehanan tandha ping ana aksara A, B, C, D, utawa E ana wangsulan sing bener !
  1. 2006 yen ditulis aksara jawa dadine :
    1. 2004
B. 2005
C. 2006
D. 2007
E. 2008
2. “8043”
Yen ditulis aksara latin dadi
  1. 3407
  2. 4308
  3. 3408
  4. 8043
  5. 4038
3.. Irah-irahan wacan ing ndhuwur yaiku …
  1. Mangsa ketiga              b. Mangsa pancaroba               c. Mangsa pana
d.   Mangsa sumuk e. Mangsa lara
4. Paragraf ing ndhuwur kedadeyan saka … ukara
a. 4                  b. 5                  c. 6                  d. 7                  e. 8
5  Ana ing ngendi prastawa kuwi kedadeyan?
  1. Kutha Surabaya
  2. Kutha Semarang
  3. Kutha Jakarta
  4. Kutha Ngayogyakarta
  5. Kutha Solo
6. Tahun pira prastawa kuwi kedadeyan ?
a. 2004                        b. 2005            c 2006             d. 2007            e. 2008
7. Pira cacahe kipas angina kang kanggo ngawekani panase hawa kasebut?
a. 1                  b. 2                  c. 3                  d. 4                  e.5
8. Ukara kapisan wacan ing nduwur unine ….
  1. Jare Bagong, sumuk hawa ing mangsa pancaroba taun iki 2008 jian nyiksa tenan, panase.
  2. Ing Surabaya, panasing hawa nganti luwih saka 40 derajat celcius.
  3. Nganti wong loro kang rawat inap ing rumah sakit kelas embek, awan bengi ora sethithik kang mbanyaki.
  4. Arep ngalih sal kang luwih bagus, mawa AC, la kanthonge kang ora ana
  5. Apa pasedhiyan dhuwite kira-kira isih nyandhak kanggo nebus obat, lha kok arep alihan sal barang.
9. Kelas pira kang diarani kelas embek?
a. 1                  b. 2                  c. 3                  d. 4                  e. 5
10. f+ktP+t]h yen ditulis aksara latin dari
  1. Jakat piterah
  2. Zakat pitrah
  3. Zakat fitrah
  4. Jakat fiterah
  5. Zakat fiterah
?ku/bn\XnDutNutupFln\,?[wo=[a[wonNnSksz=[dssi=ffiku/b[nNsemBu/rn\XnDutLpi[nDob]nTsHi=[po[r=o,Si[foa/[joauvJukRsknQinutupFl[nP]o[to [kolSurby,psuruhan\se[nn,23mxt\2008.?[w=o[w=oaikufu mfiskw/g[fssiri=brt\p[motn\ketp=,jtix[jo,minDi, gLghArum\pLu[mBon\ged=lnKlitezh.auvJukRsaikuvJl/Rij lu/surbybvuwzilumPuh7jm\,
11. wacan ing ndhuwur nduweni irah-irahan ….
  1. Korban lendhut nutup dalan
  2. Kurban lendut nutup dhalan
  3. Korban lendhut nutup dhalan
  4. Kurban lendhut nutup dalan
  5. Kurban lendhot nutup dalan
12. Kedadeyan saka pirang desa kurban lendhut lapindo sing nutup dalan?
a. 7              b. 8        c. 9                d. 10      e.11
13. Apa arane dalan kang ditutup dening warga kurban lendhut?
  1. Dalan Jurusan Surabaya-Porong
  2. Dalan ProtokolSurabaya—Pasuruan
  3. Dalan Jurusan pasuruan—Surabaya
  4. Dalan Protokol  Pasuruan—Surabaya
  5. Dalan Sidoarjo—Porong
14.  Ing ngisor jeneng-jenenge desa sing nutup dalan amarga desane dadi kurban   lendhut , kajaba ….
  1. Siring Barat, Pamotan
  2. Ketapang, Jatirejo
  3. Mindi, Glagah Arum
  4. Plumbon, Gedhang
  5. Siring wetan, Kali Tengah
15. Pira suwene “lumpuhe” jalurSurabaya—Banyuwangi apadeneSurabaya– Malang?
a.  6 jam    b. 7 jam    c. 8 jam    d. 9 jam     e.10 jam
II.   Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki !
  1. Apa macane  tulisan  aksara jawa ing ngisor iki ?
?mnutCqetT[nN*[g=o,[a=o[ko[sHopNmHi=g]aAme/tsefinsewe zi[n[aorkur=sk”300000”rupiyh.aikutri[pP[dkse[mo [nolnMu=[a=o[koskm/[r,duru=xg[aobt\[a=o[ko[sDokTe/,ln liyliy[n.
?[d[kH[mBnKe[ponkK[nNm[kN@mP}t[folnV=b[wyn\tilikSnk.bez=[nfiajkTuruzGel/lmPitHi=[a[mP/rnZx[pHomh. sfuru=[zturu,sisnkMaume/[lokK[kt[konMr=ke[ponkK[nm [kN@mP},[aor=[kotk=fia=gepLuwihjemB/wwsS[nN.hwpnsKy[z[naikijlrnskslhm=s,apansebbSebLiy[n.
Wangsulan :
………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………………………  ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
  1. Tulisen nganggo aksara jawa !
Budaya jawa kudu dilestarekake, murih lestari lan ngrembaka.

  1. Wenahana tuladha (satembung wae) tembung kang ana aksara murda, aksara swara, aksara/angka jawa, lan aksara rekan !

“Imam S Arifin manggung ing kutha Rembang”
Wangsulan :
…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
B.   Pengembangan Sikap
Aspek              : Kognitif
Indikator          : 1.1.  Menulis wacana pendek dengan huruf Jawa.
2.1.Membaca teks yang disediakan dengan lancer dan benar.
2.2.Mengungkapkan isi bacaan.
2.3.Menceritakan kembali isi bacaan dalam beberapa kalimat.
2.4.Menjawab pertanyaan bacaan.
Kelas/Smt        : XI / 2
No
Indikator
Kriteria
Ok
Kr
Ar
Ot
1
Siswa melu piwulangan Aksara Jawa
2
Siswa aktif sajroning pelajaran
3
Siswa aktif nggarap tugas individu
4
Siswa aktif nggarap tugas kelompok
5
Siswa aktif diskusi kelompok
6
Siswa aktif diskusi kelas
7
Siswa aktif nyusun hasil diskusi
8
Siswa aktif nyimpulake diskusi kelas
Katerangan :                                                                                       Skor
Ok                : Ora kendhat                                                                    4
Kr                 : Kerep                                                                              3
Ar                  : Arang                                                                               2
Ot                 : Ora tau                                                                            1
VIII.     TINDAK LANJUT
Yen tugaswisrampung jumbuh karo langkah gawe ing ndhuwur, siswa dikarepake nerusake piwulangan sateruse, menawa during dibaleni maneh kanthi remedial.
ULANGAN UMUM SEMESTER II
BAHASA JAWA
KELAS  XI
  1.         I.            Wenehana tandha ping ing lembar jawab kang wis cumawis kanthi aksara A, B, C, D, utawa E!

  1. Pawarta sing diwaca ana syarat-syarate kaya ing ngisor iki, kajaba …
    1. Anget                      D.  Merak ati
    2. Anyar                      E.  Endah
    3. Gres
  1. Kahanan kang bisa didadeake pawarta yaiku …
    1. Kedadeyan lan  prastawa
    2. Kedadeyan lan  kahanan
    3. Kedadeyan lan  panggonan
    4. Panggonan lan prastawa
    5. Kahanan lan panggonan
  1. Swarane merdu, enak dirungokake, gampang dimangerteni tegese kalebu gladhen …
    1. Vokal / swara
    2. Variasi vokal
    3. Ngatur intonasi
    4. Pernafasan
    5. Performance / penampilan
  1. Pengetan angka tahun kang disamarake ana reroncening ukara diarani …
    1. Cangkriman             D.  Sengkalan
    2. Parikan                   E.  Saloka
    3. Wangsalan
  1. Tembung-tembung kang duweni watak angka 8 ana ing candra sengkalan kaya ing ngisor iki kajaba …
    1. Gajah                      D.  Ula
    2. Naga                       E.  Pandawa
    3. Baya
  1. Sirna tata estining wong. Sengkalan iki ana ing sajroning layang Djokolodang- R. Ng. Ronggawarsita. Nuduhake taun …
    1. 1620                       D.  1964
    2. 1532                       E.  1850
    3. 1746
  1. Nata ratu ilang tangan. Sengkalan kasebut nuduhake taun …
    1. 2008                       D.  2011
    2. 2009                       E.  2012
    3. 2010
  1. Suryo lair nalika Gunung obah bolongan jagad.Dadi Suryo lair ing taun …
    1. 1952                       D.  1987
    2. 1967                       E.  1993
    3. 1945
Perangan ing ngisor iki kanggo soal nomer 9-14!

“Dina-dina iki akeh pawarta tabung gas njeblug. Ya sing ukurane telung kilogram uga sing ukurane rolas kilogram. Njebluge gas iki mau merga kebocoran. Kamangka biyen, nalika isih jamane kompor lenga, pamarentah mbagekake tabung gas sakompore. Dijamin gas elpiji luwih aman tinimbang kompor lenga. Kasunyatane saiki lha kok kuwalik” omonge kang Barjo.
“Ya kuwi aku sarujuk, kang. Kenapa pamarentah mblenjani janji. Sacara teknis kudune luwih aman, nanging kasunyatane ora mengkono. Krungu-krungu tabung sing dienggo saiki ora memenuhi standar SNI” saute cak Bedja.
“Lha ya, yen pancen ora memenuhi standar SNI, kenapa kok diculna? Iki sing duwe wewenang Pertamina, ya kudune tanggung jawab. Apa maneh yen mbleduge kuwi merga masalah teknis, dudu kesalahan manungsane” tambahe yu Sri.
“Pejabate Pertamina ganti wae, sing duwe dedikasi ngono lho..wisora wayahe kerja sembrono!” tutuge lek Gimin.
  1. Ing ngisor iki isi semakan wacan ing ndhuwur, kajaba …
    1. Akeh tabung gas njeblug
    2. Mleduge merga kebocoran
    3. Pamarentah mlenjani janji
    4. Pejabat menehi ganti rugi
    5. Pertamina kudu tanggung jawab
  1. Pawongan kang rembugan ing dhuwur … kajaba …
    1. Petugas Pertamina
    2. Yu Sri
    3. Kang Barjo
    4. Lek Wagimin
    5. Cak Bedjo
  1. Ukara kang trep kanggo ngrangkum semakan ing dhuwur yaiku …
    1. Rega gas mundhak
    2. Pertamina tangggung jawab gas njeblug
    3. Akeh tabung gas njeblug
    4. Kang Barjo mandegani demo
    5. Pamarentah mbagi tabung gas
  1. Paragrap kapisan ngemot pawarta bab …
    1. Rega gas mundhak
    2. Pertamina tanggung jawab gas njeblug
    3. Akeh tabung gas njeblug
    4. Pejabat Pertamina diganti
    5. Tabung gas ora memenuhi SNI
  1. Apa kang dadi pamanggihe Lek Gimin …
    1. Jaluk ganti rugi
    2. Pejabat Pertamina diganti
    3. Nganaake demo ing Pertamina
    4. Ora maneh nganggo kompor gas
    5. Ngganti kompor lenga karo kompor gas
  1. Kritikan kang trep kanggo kahanan ing sajroning wacan yaiku …
    1. Kompor lenga diganti kompor gas
    2. Pamarentah kudu ngawasi teknis keamanan tabung gas sedurunge diculake
    3. Ora usah nganggo kompor gas
    4. Pejabat Pertamina kudu diganti
    5. Pamarentah kudu aweh ganti rugi
Maskumambang
Samubarang kumambang kentir ing warih
Raos kawlas arsa
Dene ngaten kang kaeksi
Manungsa, kewan, lan brana
  1. Ana tembang Maskumambang ing dhuwur, tembung warihtegese …
    1. Bumi                       D.  Laut
    2. Banyu                     E.  Gunung
    3. Angin
  1. Tembang Maskumambang iki nyritaake bencana alam apa?
    1. Longsor ing Aceh
    2. Banjir ing Aceh
    3. Kobongan ing Aceh
    4. Tsunami ing Aceh
    5. Tabrakan ing Aceh
  1. Ngowahi tembang utawa geguritan sing maune awujud pupuh / pada / bait dadi gancaran utawa prosa diarani …
    1. Parafrase                D.  Singgetan
    2. Paramasastra          E.  Gatra
    3. Pelog
Dhandanggula
Kawruhana wong priya sejati
Lamun arsa hangupaya garwa
Den patitis pamilihe
Pisan kengguh wong ayu
Kaping pindho milih wong sugih
Kapng telu kawibawan
Kaping papatipun
Kena  sambang sesrawungan
Bisa uga ginelut ing tembang manis
Mawa denya waspada
  1. Ana ing tembang Dhandanggula iki, kanggo priya kang arep golek garwa, yen milih garwa kudu …, kajaba …
    1. Ayu samubarange, ya rupa ya atine
    2. Sugih samubarange, ya donya ya atine
    3. Kawibawan
    4. Sambang sesrawungan
    5. Ngremehake lan ngina wong liya
  1. Watake tembang Dhandanggula yaiku …
    1. Gandrungasmara
    2. Nesu, dendam, muring
    3. Gandrung tegang
    4. Luwes, manis, sarwa cocok
    5. Nerangake, mbabar kawruh
Wacan ing ngisor iki kanggo soal nomer 20-24!

Ing dhialog sajroning televisi, menteri komonikasi lan informasi, Sofyan Dzalilnampatelepon saka salah sijining masyarakat. Sing duwe pangjab murih pamarentah saiki  wani tumindak tegas lan mbuktiake janjine mbrabtas KKN.
Pawongan kuwi nelakake anane aparat pamerentah kang terang-terangan jaluk dhuwit sogokan. Kedadean kuwi dialami nalika dheweke dhaftar CPNS. Dheweke jaluk supaya preman-preman birokrat dibrantas. Pak menteri janji yen arep nerusake perkara mau menyang presiden.
Anane oknum-oknum sing njaluki sogokanwissumebar ing masyarakat. Mung wae ora ana sing mbrastha bab kuwi. Malah sawijining pejabat negendikan yen kuwi mung isu, kamangkawisdadi rahasia umum.
  1. Irah-irahan kang gumathok kanggo wacan ing dhuwur yaiku …
    1. Pratelane Menteri Komunikasi lan Informasi
    2. Acara dhialog ing sawijing stasiun televisi
    3. Masyarakat ngajab pamarentah supaya mbrantas preman demokrat
    4. Dhuwit puluhan yuta amblas
    5. Preman-preman birokrat CPNS
  1. Sapa kang diarani “preman-preman birokrat” ing wacan kuwi?
    1. Aparat pamarentah kang nakal
    2. Masyarakat sing nelepon
    3. Oknum-oknum
    4. Preman-preman ing bis
    5. Pawongan kang daftar CPNS
  1. Sapa kang janji arep nerusake perkara sogokan menyang presiden?
    1. Pemda
    2. Penelepon
    3. Menteri Komunikasi lan Informasi
    4. Aparat pamarentahan
    5. Masyarakat umum
  1. Ana ing ngendi Sofyan Dzalil mangerteni pangajabe masyarakat murih pamarentah mbrastha KKN?
    1. Ana ing Pemda
    2. Ing acara dhialog radio
    3. Ing acara dhialog televisi
    4. Ing bebrayan umum
    5. Ana ing pamarentahan
  1. Ukara pokok paragrap pungkasan yaiku …
    1. Acara dhialog ing sawijining stasiun televisi
    2. Anane penelepon sing jaluk dhuwit sogokan
    3. Pratelane menteri komunikasi lan informasi
    4. Anane oknum sing jaluk sigokan sumebar ing tengah masyarakat
    5. Perkara kuwi dudu rahasia umum
  1. Masyarakat ngajab murih pamarentah wani tumindak tegas. Tegese tembung ngajab yaiku …
    1. Ngarep-ngarep         D.  Ngabani
    2. Kepenging               E.  Ngomong
    3. Njaluk
  1. Tegese mbrasthayaiku …
    1. Ngilangi                   D.  Ngabani
    2. Ngresiki                  E. Nyedhiyani
    3. Njaluk
Perangan tembang ing ngisor iki kanggo soal nomer 27-30!
Aja Lamis
Aja sok gampang janji wong manis
Yen ta amung lamis
Becik aluwung prasaja nimas
Ora agawe cuwa
Tansah ngugemi tresnamu wingi
Jebul amung lamis
Kaya nngenteni thukuling jamur
Ing mangsa ketiga
Aku iki prasasat
Lara tan antuk jampi
Mbok aja mung lamis
Kang uwis dadine banjur didis
…………
  1. Tembang ing dhuwur kalebu tembang gagrag …
    1. Lawas                     D.  Moderen
    2. Anyar                      E.  Tradisional
    3. Sedherhana
  1. Tegese tembung Lamising tembang ing dhuwur yaiku …
    1. Goroh                     D.  Lara
    2. Manis                     E.  Apik
    3. Kleru
  1. Tegese tembung Becik ing tembang ing dhuwur yaiku …
    1. Ketara                     D.  Antuk
    2. Ala                         E.  Lara
    3. Apik
  1. Tembang ing dhuwur ngemu piwulang …
    1. Yen wong iku kudu sing goroh
    2. Dadia wong kang lamis
    3. Pitutur yen wong iku kudu lamis
    4. Pitutur yen wong iku kudu jujur
    5. Tansah ngugemi tresnamu
  1. Ana ing tembang campursari Mr. Mendem,ngemu piwulang …
    1. Miras dadi remenane wong kakung
    2. Njaluk donga supaya ora kumat
    3. Ora gagas amarga isih kumat
    4. Awakke rusak amarga miras
    5. Tuntunan becik kang aja disepeleake marang wong sakabehane
  1. ?setaunHnpir=fin.
    1. an;365;fin
    2. an;348;fin
    3. an;265;fin
    4. an;165;fin
    5. an;365;din
  1. ?spasM[ng/wnipun,r,A,@/tini.
    1. @ ,&,[$o[s]ofini=rt\
    2. &,*,%,a,%uge/
    3. r,m,%usPkusum
    4. @ ,r,^,wi/y!gr
    5. @ ,&,&,A,A,Afipti
  1. Gusti Gandakusuma, yen ditulis aksara jawa dadine …
    1. &usTignFkusum
    2. &usTi&nFkusum
    3. &sTi&nDkusum
    4. &usTi&nDkusum
    5. &usti&nfkusum
  1. Ngedhuk blambangan, yen ditulis aksara jawa dadine …
    1. zefukblmBzn\
    2. zedukBlmBzn\
    3. zedukbLmBzn\
    4. zeduk\bLmB=zn\
    5. zeduk\bLmBzn\
  1. Atlet, kuliah, lan buang,yen ditulis aksara jawa dadine …
    1. A[tLt\,kuliyh,buw=
    2. a[tLt\,kuliyh,buw=
    3. A[tLt\,kuliah,buw=
    4. A[tLt\kuliyh,bua=
    5. atelet\kuliah,bua=
Wacan nganggo aksara Jawa iki kanggo soal nomer  37-39!

?pm[rnThfideseg\zLuwrisnFer.
?A=[got[@omiisi;1;f,%,r, p+yku+n\Af]iyni,senin\;11;Ap]il\;2011;nDesegPm[rnthsupytumulizLuwriankBuwhkpl\$in/@ufusCch ;20;k=aisihfisnder[fni=prbjgLaut\[somlia.
?$in/@ufusFitwnBjgLaut\[$omliywiwit;16;mxt\;2011;ai=kifu[lWt[n%u[lo[$o[kot],$emennJu=[$omliy,Ap+ik.
?@p[tnKpl\$LmetJuarik=[kobe/znk[k[komuniksikLwnRfi[yoEl$inTknF[ynBjgLautMaufumfisk[wo=;35;lnK[bhsikepSenJt
  1. Apa sing dadi underan wacana ing dhuwur?
    1. Pamarentah didheseg supaya enggal ngluwari sandera
    2. PT. Samudra Indonesiaora gelem ngurusi bab panyanderane kapal Sinar Kudus
    3. Bantahane pamarentah yen ora enggal nangani perkara mau
    4. Kahanane para sandera sing wiwit mrihatinake
    5. Angele ngentukake dhuwit tebusan kanggo ngluwari para sandera
  1. Kapan kapal Sinar Kudus ditawan bajag lautSomalia?
    1. 11 April 2011
    2. 16 Maret 2011
    3. 10 April 2011
    4. 16 April 2011
    5. 16 Februari 2011
  1. Sapa asmane kapten kapal Sinar Laut sing kober nganaake komunikasi klawan radio El Shinta?
    1. Joko Suyanto
    2. Fayakhun Adriadi
    3. Slamet Jauhari
    4. Triyono
    5. Suwandi
  1. Anggota Komisi I DPR, Fayakhun Adriyan …
Asma kuwi yen ditulis nganggo Aksara Jawa …
  1. p+ykun+\Af]iafi
  2. pykun\Af]iyfi
  3. p+ykun\Af]iyf
  4. p+yku+n\Af]iyfi
  5. pykun\Af]iafi
  1. Bubar mancing banjur golek kayu
Yen ditulis Aksara Jawa …
  1. bub/mnCi=bnUJu/[zGGo[lkKyu
  2. bub/mnCi=bnJu/a=[go[lkKyu
  3. bub/mvCi=bvJu/a=[go2kKyu
  4. bub/mvCi=bvJu/[zGo[lkKyu
  5. bub/mvCi=bvJ/a=[go[lkKyu
  1. “Nuwun sewu, pak. Punapa kepareng tasipun kula  bektaaken?”. Kang matur kepingin …
    1. Disiki pak gurune
    2. Boncengake pak gurune
    3. Pamit marang pak gurune
    4. Menyang mburi
    5. Atur pambiyantu marang pak gurune
  1. Bapak : “Sesuk awakmu melu lunga apa ora?”
Anak : “Insya Allah benjang … derek”
  1. Saya                       D.  Aku
  2. Dalem                     E.  Nyong
  3. Kula
  1. Pak Hendra : “Lha ana apa kok nndadak nggoleki Bu Wiwid?”
Nazkia : “Kula dikengken ibu maringaken serat kanggo Bu Wiwid.
Atur Nazkia ing dhuwur dadi bener manut unggah-ungguh Basa Jawa, yen ukarane diganti …
  1. Kula dipunutus ibu ngaturaken serat kagem Bu Wiwid
  2. Kula dikongkon ibu menehake serat kanggo Bu Wiwid
  3. Kula dipunutus ibu menehake serat kanggo Bu Wiwid
  4. Aku diutus ibu nagturaken serat kagem Bu Wiwid
  5. Aku diutus ibu ngaturake serat kagem Bu Wiwid
  1. Parikan ana ing basaIndonesiakaaran …
    1. Puisi                       D.  Cerpen
    2. Gurindam                E.  Soneta
    3. Pantun
  1. Titikane parikan ing ngisor iki kajaba …
    1. Duweni purwakanthi ab-ab
    2. Pedhotan parikan 4-4, 4-8, 8-8
    3. Dumadi saka sampiran lan isi
    4. Duweni guna paedahe piweling lan nyemoni
    5. Awujud cangkriman
  1. Kembang mlati, warna peni ganda wangi
Watak putri, kudu titi ngati-ati
Parikan ing dhuwur duweni pedhotan …
  1. 4-4, 4-4                   D.  4-8, 4-8
  2. 4-2, 4-2                   E.  8-8, 8-8
  3. 4-6, 4-6
  1. Manuk tuhu, menclok pager
Isi kang mathuk kanggo parikan ing dhuwur yaiku …
  1. Dadi murid, sing taberi
  2. Aja ngenyek, padha kanca
  3. Yen sinau, dadi pinter
  4. Watak putri, kudu titi
  5. Lamun sabar, bisa lejar
  1.  Unen-unen kang wujude canngkriman, batangane ana ing sajroning unen-unen kuwi diarani …
    1. Parikan                   D.  Cangkriman
    2. Wangsalan              E.   Paribasan
    3. Purwakanthi
  1.  Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso.
Batangane wangsalan ing dhuwur …
  1. Blarak                     D.  So
  2. Kreweng                  E.  Meri
  3. Guling
  1.       II.            Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!

  1. Tulisen Candrasengkala taun 1988, 2010, lan 2011!
  1. Coba gawenen gancaran / parafrase saka tembang Asmaradana kangwissumadya!

Asmaradana
Gegarane wong akrami
Dudu bandha dudu rupa
Among ati pawitane
Luput pisan kena pisan
Yen ampang luwih gampang
Yen angel, angel kalangkung
Tan kena tinumbas arta
  1. Tulisen mawa Aksara Jawa wacan ing ngisor iki!
Merapi Krodha Maneh
Trauma merga pajebluge Gunung Merapi durung bae ilang. Nanging gunung geni paling aktif sadonya kuwi krodha meneh. Pengamat Gunung Merapi posko Kaliurang, Sleman,Yogyakarta, Triyono ngandharake menawa aktifitase gunung kasebut saya mundhak wiwit kemis nganti setu.
  1. Gawea parikan kanthi pedhotan 4-8!
## Sugeng Makarya ##
WULANGAN 1
NYEMAK   MUSYAWARAH
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas/Semester            : XI / 2
Metode                        : Demonstrasi, Tanya jawab, Latihan/Drill
                                    Waktu                          : 2 x 45 menit
  1. I.       PANUDUH PIWULANG
    1. Supaya paham informasi / berita lan bisa nggarap tugas, mula luwih dhisik maca babagan Kompetensi Dasar lan Indikator.
    2. Uga maca materi bab NYEMAK MUSYAWARAH kanthi dibolan-baleni.
    3. Kanggo ngukuhake pemahaman, diprayogakake supaya maca buku referensi liyane.
    4. Saben langkah digarap jumbuh karo tugas sing diwenehake.
    5. Tugas dikumpulake jumbuh karo jadwal sing disarujuki / disepakati bebarengan.
    6. Rembugen/Diskusikake lan konsultasikake karo guru menawa nemoni kangelan / reribet.
  1. II.    KOMPETENSI SING AREP DIGAYUH
Standar Kompetensi    :
MENDENGARKAN         :
Mampu mendengarkan dan memahani wacana lisan nonsastra maupun sastra dalam berbagai ragam bahasa Jawa
Kompetensi Dasar      :
Mendengarkan kegiatan musyawarah yang disampaikan secara langsung atau berupa rekaman
Indikator                      :
  1. Menyebutkan pokok-pokok isi musyawarah
  2. Merangkum pokok-pokok isi musyawarah
  3. Menyampaikan secara lisan  rangkuman pokok-pokok musyawarah dengan menggunakan bahasa karma
  4. Menanggapi (isi) musyawarah yang disampaikan secara lisan oleh teman sekelasnya
  1. Nyemak
Ana sajroning bebrayan ana tembung krungu, ngrungokake lan nyemak. Katelune beda-beda tegese.
Krungu tegese proses kegiyatan nampa swara sing dilakoni kanthi ora sengaja utawa saderma kabeneran.
Tuladha   : Nalika aku sinau, aku krungu barang tiba saka ndhuwur gendheng.
Ngrungokake tegese proses kegiyatan nampa swara sing dilakoni kanthi sengaja nanging during ana unsure pemahaman.
Tuladha  : nalika aku sinau basa Jawa, aku krungu lagu karemenanku, sabanjure aku ngrungokake lagu kuwi. Barengwisrampung lagune,aku sinau maneh.
Nyemak tegese proses kegiyatan nyemak lambing-lambang lisan kanthi nggatekna kang tumenen, paham, apresiatif, sarta interpretasi antuk informasi, nangkep isi utawa pesen sarta paham tegese babagan sing diomongake pembicara.
Tuladha  : aku mesthi nyemak piwulangan sing diparingake guruku kanthi tumenen, sinambi nyathet bab-bab penting sing diterangake.
Jinising nyemak kaperang dadi loro, yakuwi :
a).   Nyemak Ekstensif
Tegese proses nyemak ana bebrayan saben dinane. Kayata nyemak radio, televise, pacelathon ning pasar, lsp.
Ana patang perangan nyemak ekstensif
  1. Nyemak Sekunder, nyemak sing kedadeyan sarana kebeneran. Upamane : lagi sinau uga bisa ngrungokake wong omong, swara radio, tv, lsp.
  2. Nyemak Sosial, nyemak sing ditindakake ana bebrayan social. Kayata : pasar, terminal, kantor pos, lsp.
  3. Nyemak Estetika / Apresiatif, tegese kegiyatan nyemak kanggo nikmati karya sastra. Kayata : nyemak puisi, cerita, syair lagu, lsp.
  4. Nyemak Pasif, tegese ngrungokake sing dilakoni kanthitampaana upaya sadar. Tuladhane nyemak basa dhaerah ngasi tekan bisa.
b).    Nyemak Intensif
Tegese kegiyatan nyemak sing dilakoni kanthi tumenen lan konsentrasi sing dhuwur.
Ciri-ciri nyemak intensif :
a. Nyemak kanthi pemahaman
  1. Nyemak kanthi kebak konsentrasi
  2. c.    Nyemak paham bahasa formal
  3. Diakhiri reproduksi hasil simakan
Jinising nyemak Intensif yaiku :
  1. Nyemak Kritis tegese :kegiyatan nyemak sing dilakoni kanthi tumenen kanggo menehi biji kang objektif, nemtokake asli lan orane, kaluwihan, lan kakurangan-kakurangane.
  2. Nyemak Konsentratif, tegese : kegiyatan nyemak sing dilakoni kanthi permati; kanggo entuk pemahaman sing apik tumrap informasi sisng dirungokake. Tujuan  nyemak konsentratif yaiku :
-             manut petunjuk-petunjuk/pituduh-pituduh (umpamane : pituduh ngisi  formulir pendaftaran.
-             Nggoleki sesambungane antarunsur sajroning nyemak.
-             Nggoleki sesambungane kuantitas lan kualitas sajroning komponen.
-             Nggoleki informasi penting.
-             Nggoleki urutan penyajian bahan semakan.
-             Nggoleki gagasan utama
  1. Nyemak eksploratif, tegese kegiyatan nyemak sing dilakoni kanthi permati kanggo entuk informasi anyar. Tujuane :
-          nemokake gagasan anyar.
-          Nemokake informasi anyar lan tambahan saka bidang tertentu.
-          Nyemak kanggo nemokake topik-topik anyar sing bisa dikembangake.
-          Nemokake unsure-unsur bahasa sing sifate penting.
  1. Nyemak Interogatif, tegese : kegiyatan nyemak sing nduweni tujuan kanggo nggoleki informasi kanthi cara ngajokake pitakon-pitakon sing diarahake tumraping entuk-entukaning informasi. Tujuane :
-          Kanggo nggoleki fakta-fakta / kasunyatan.
-          Nyemak gagasan anyar.
-          Nyemak kanggo entuk informasi sing disemak asli apa ora.
  1. Nyemak Musyawarah
Nyemak Musyawarah kalebu nyemak intensir yaiku nyemak konsentratif. Topik sing dirembug ana sajroning musyawarah kuwi beda-beda. Musyawarah dadi gayeng menawa topike isih actual.
Kango nggoleki informasi penting ana sajroning musyawarah bisa nggunakake format ing ngisor ini.
1. Tema / topik            :   ………………………………………………………
2. Paraga Musyawarah                     :     1. …………………………………………………..
2. …………………………………………………..
3. …………………………………………………..
4. …………………………………………………..
3. Isi Musyawarah
a. Pambuka              : ……………………………………………………….
b. Isi                         : ……………………………………………………….
c. Panutup                : ……………………………………………………….
4. Simpulane                : ……………………………………………………….
  1. I.       PENDALAMAN MATERI

Ing ngisor iki ana tetes musyawarah (kudune didemonstrasikake). Semaken kanthi permati banjur gawea kelompok diskusi kanggo ndiskusikake bab-bab kang penting.
Format laporan diskusi kaya ing ngisor iki :
1. Tema / topik            :   ………………………………………………………
2. Paraga Musyawarah                     :     1. ……………………………………………….
2. …………………………………………………..
3.…………………………………………………..
4…………………………………………………..
3. Isi Musyawarah
a. Pambuka              : ……………………………………………………….
b. Isi                         : ……………………………………………………….
c. Panutup                : ……………………………………………………….
4. Simpulane                : ……………………………………………………….
REBOISASI
            Sawijining dina ing RT 4 / RW V Kampung Tegalsari nganakake rapat RT sing mbahas bab penghijauan utawa reboasasi.
Ketua RT     :   Assalamu’alaikum Warrahmatullahi Wabarakatuh.
Warga          :   Wa’alaikum salam.
Ketua RT     :   Matur nuwun kula aturaken dhumateng para bapak warga RT 4 ingkang sampung kersa angrawuhi musyawarah rutin bulanan punika. Wonten ing wekdal punika, kula badhe medharaken bab ingkang saged dipun wastani wigati. Sakjane ngono ya antaraning penting ora penting. Jlentrehipun kados makaten. Sapunika lak mangsa rendheng kamangka kahanan RT 4 punika ing pinggir radosan taksih kosong dereng wonten tanemanipun. Kados pundit menawi dipun anakaken penghijauan ?
Pak Agus    :     Wah….sajakipun kok sae punika, kula inggih setuju kemawon. Sanesipun kados pundit ?
Pak Marno  :    Babagan ingkang sae kados makaten menawi kula nggih monat-manut mawon.
Pak Joko     :    Monat-manut nggih pareng, Pak. Ning niku lho, dananipun kados pundit ?
Pak RT        :    Lja….punika ingkang kedah dipun rembug sesarengan. Mangga kula aturaken panjenengan ingkang ngrembug. O …..inggih, Pak Marno rak bendhahara, ta. Kados pundit, Pak ? kahanan kas RT ?
Pak Marno  :    Mekaten Bapak-bapak, kas RT kita taksih wetah, tegesipun dereng dipun angge kegiyatan ingkang mbetahake arta kathah. Wingi halal bihalal rak sederma kempalan sarasan. Gunggunge  arta wonten Rp. 500-an ewu. Sumangga panjenengan kemawon.
Ketua RT    :    Wah ….kaleresan menawi makaten. Kados pundit Bapk-bapak bab penghijauan punika ?
Warga         :    Setujuuuuuu…………………! Hu…..hu…….hu……..
Pak Jarot    :     Nyuwun sewu, Pak RT, lajeng jinisipun taneman punika punapa ? Jinis rak nggih netepake rega barang ?
Pak Joko    :     Kados pundit menawi glodog utawi cemara kemawon. Sae lho taneman punika.
Warga        :     Wah………cocok……………cocok !
Pak RT       :     Nggih sampun. Menawi makaten mangga minggu ngajeng kita gotong royong nanem pelem. Matur nuwun sanget dene panjenengan sampun ngarujuki bab punika. Kula cekapi semanten……………………..
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi  Wabarakatuh.
  1. II.                TUGAS

  1. Ing Njaba Kelas
Golekana acara musyawarah ing tv/radio, rungokno/semaken kanthi permati. Banjur format sing ana ndhuwur isenana. !
  1. Ing Njero Kelas
    1. Ndiskusikake babagan ing ndhuwur
    2. Wakil kelompok kanthi pasangan maju ing ngarep kelas.
    3. Kelompok liyane mbiji kelompok sing maju.
    4. Sakwise kabeh kelompok maju, kelompok-kelompok mau nduduhake hasile diskusi lan alasane  presentasi hasil  diskusi kelompok.
    5. Nyimpulake hasil diskusi kelompok.
    6. Ngempalake hasil diskusi.
    7. Nggarap tugas pribadi uji pemahaman
    8. Nggarap tugas pengembangan sikap.
    9. Konsultasi kalawan guru menawa kangelan.
  1. LANGKAH KERJA.
  2. Maca pawarta lan informasi materi kanthi patitis.
  3. Nggarap tugas kelompok sing cumepak.
  4. Nggarap tugas individu sing cumepak.
  5. Ndiskusikake tugas kelompok diterusake diskusi kelas.
  1. IV.                          PENILAIAN
  2. Uji Pemahaman
Aspek                :      Kognitif
Indikator            :  1.  Mencatat pokok-pokok pembicaraan (siapa yang berbicara dan apa isi pembicaraan).
2.  Merangkum isi pembicaraan ke dalam beberapa kalimat.
3.  Mengajukan dan menjawab pertanyaan isi musyawarah.
4.  Menanggapi pembicaraan dalam bentuk kritikan atau dukungan.
Kelas / Semester  :     XI / 2
  1. Wenehana tandha ping ana  aksara A, B, C, D, utawa E marang jawaban kang paling bener !
1.   Kegiyatannampaswara kanthi ora sengaja, saderma kebeneran diarani …
  1. Nyemak           B. Semak         C. Nguping       D.  Krungu       E.  Ngrungokno
2.   Dene kegiyatan (sing positif),nampaswara kanthi sengaja tur entuk reproduksi diarani …
  1. Nyemak           B.  Semak        C.  Nguping      D.  Krungu       E. Ngrungokno
3.   Ing ngisor iki sing dudu kalebu nyemak ekstensif yaiku …..
  1. Nyemak sekunder        B.  Nyemak kritis         C.  Nyemak social
  1. Nyemak estetika           E.  Nyemak pasif
4.   Yen pas ana jroning pasa kowe nyemak tembung-tembunge wong ing pasa kuwi diarani ….
  1. Nyemak sekunder        B.  Nyemak kritis         C.  Nyemak social
  1. Nyemak estetika           E.  Nyemak pasif
5.   Ciri-cirining nyemak intensif ana ing ngisor iki, kajaba ……
  1. Kanthi pemahaman
  2. Konsentrasi sing temenan
  3. Paham basa formal
  4. Informasi penting
  5. Reproduksi hasil simakan
6.   Kegiyatan nyemak sing dilakoni kanthi tumenen kanggo menehi biji sing objektif, asli lan orane, lan kekurangan-kekurangane diarani nyemak …..
  1. Kritis                B.  Konsentratif            C. Eksploratif   D.  Interogratif    E. Intensif
7.   Ing ngisor iki tujuane nyemak eksploratif, kajaba …..
  1. Nemokake gagasan anyar
  2. Nemokake informasi penting
  3. Nemokake informasi anyar lan tambahan
  4. Nemokake topik-topik anyar
  5. Nemokake unsur-unsur basa sing sifate penting.
8.   Nyemak musyawarah kalebu nyemak …..
  1. Sekunder          B.  Sosial          C.  Estetika      D.  Ekstensif     E. Intensif
9.   Sing kudu digatekake ana ing nyemak sawijining musyawarah yaiku …..
  1. Topik               B.  Paraga        C.  Wektu        D.  Simpulan                 E. Asile
10. Topik musyawarah ana ing ndhuwur yaiku …..
  1. Penghijauan dhateng wono
  2. Penghijauan salebeting kampong.
  3. Penghijauan radosan RT4
  4. Penghijauan griya piyambak-piyambak.
  5. Penghijauan  lapangan RT 4
II.  Wangsulan pitakon-pitakon ing ngisor iki !
  1. Coba bedakno tegese krungu, ngrukokake, lan nyemak !
Wangsulan : ………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
  1. Nyemak ekstensif ana pira ? cethakno !
Wangsulan : ………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
  1. Apa tujuane nyemak konsentratif. Sebutna 4 wae !
Wangsulan : ………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
  1. Kepriye kesimpulane musyawarah ana ing dhuwur ?
Wangsulan : ………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
  1. Coba wenehana tanggapanmu (akeh 2 ukara) tumrap gagasane Pak RT !
Wangsulan : ………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
B.    Pengembangan Sikap
Aspek            :   Afektif
Indikator        :    1.   Mencatat pokok-pokok pembicaraan (siapa yang berbicara dan apa isi pembicaraan)
2.  Merangkum isi pembicaraan ke dalam beberapa kalimat.
3.  Mengajukan dan menjawab pertanyaan isi musyawarah.
4.  Menanggapi pembicaraan dalam bentuk kritikan / dukungan.
Kelas / Smt     :        XI / 2
No
Indikator
Kriteria
Ok
Kr
Ar
Ot
1
Siswa melu piwulangan Nyemak Musyawarah
2
Siswa aktif sajroning pelajaran
3
Siswa aktif nggarap tugas individu
4
Siswa aktif nggarap tugas kelompok
5
Siswa aktif diskusi kelompok
6
Siswa aktif diskusi kelas
7
Siswa aktif nyusun hasil diskusi
8
Siswa aktif nyimpulake diskusi kelas
Katerangan :                                                                                         Skor
Ok                : Ora kendhat                                                                     4
Kr                 : Kerep                                                                               3
Ar                 : Arang                                                                               2
Ot                 : Ora tau                                                                             1
VIII.     TINDAK LANJUT
Yen tugaswisrampung jumbuh karo langkah gawe ing ndhuwur, siswa dikarepake nerusake piwulangan sateruse, menawa during dibaleni maneh kanthi remedial.
WULANGAN 2

NGREMBUG  MACAPAT (MICARA)
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas/Semester            : XI / 2
Metode                        : Demonstrasi, Tanya jawab, Latihan/Drill
                                    Waktu                          :2 x 45 menit
  1. I.       PANUDUH PIWULANG
    1. Supaya paham informasi / berita lan bisa nggarap tugas, mula luwih dhisik maca babagan Kompetensi Dasar lan Indikator.
    2. Uga maca Materi bab NGREMBUG MACAPAT kanthi dibolan-baleni.
    3. Kanggo ngukuhake pemahaman, dianjurake supaya maca buku referensi liyane.
    4. Saben langkah digarap jumbuh karo tugas sing diwenehake.
    5. Tugas dikumpulake jumbuh karo jadwal sing disarujuki / disepakati bebarengan.
    6. Diskusikake lan konsultasikake karo guru menawa nemoni kangelan / reribet.
  1. II.    KOMPETENSI SING AREP DIGAYUH
Standar Kompetensi    :      BERBICARA
Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan, dan perasaan secara lisan nonsastra maupun sastra dengan menggunakan berbagai ragam dan unggah-ungguh bahasa Jawa
Kompetensi Dasar       :      Membahas atau mendiskusikan isi tembang macapat
Indikator                       :
  1. Menyebutkan paugeran tembang macapat (guru gatra, guru wilangan, guru lagu,      wataking tembang)
  2. Mendiskusikan isi atau makna tembang macapat yang disajikan guru
  3. Melaporkan hasil diskusi
  4. Menanggapi hasil diskusi yang dibawakan oleh perwakilan kelompok
  5. Membuat tembang macapat (yang ditentukan oleh guru) dengan bahasa ngoko/krama
  6. Menembangkan tembang macapat yang disajikan guru
III. INFORMASI MATERI
A.   Tembang Macapat

Tegese Tembung Macapat

Macapat ditegesi maca papat-papat tegese macane papat-papat, saben pamunggele tembung kedadeyan saka patang wanda. Ananging iki dudu siji-sijine teges.. salah sawijining pakar Sastra Jawa, Arps negesi macapat kanthi teges-teges kang maneka warna kaya kang kapacak ana bukune kang asesirah Tembang in two traditions.
Kajaba saka kuwi, -pat ngrujuk marang  panandha  diakritis (sandhangan) ana sajroning aksara Jawakang jumbuh lan mathuk ana sajroning tetembangan  macapat.
Miturut  Serat Mardawalagu, sing dianggit dening Ranggawarsita, macapat kuwi saka singkatan frasamaca-pat-lagu sing tegese nembangake lagu kang angka papat "melagukan nada keempat".  Kajaba  maca-pat-lagu, isih ana maneh maca-sa-lagumaca-ro-lagu lan maca-tri-laguMaca-sa kalebu maca lagu utawa tembang kang paling tuwa, miturut ujaring kandha diripta dening para Dewa lan diturunkan marang pandita Walmiki lan digandhakake dening sang pujangga istana Yogiswara saka Kediri.Maca-sasaiki diarani tembang gedhéMaca-ro kalebu  tembang gedhé kang gunggunge pada saben  pupuh bisa kurang saka papat, lan gunggunge wanda saben gatra ora kudu padha. Maca-tri utawa kategori angka telu yakuwi  tembang tengahan kang miturut ujaring kandha diripta dening Resi Wiratmaka, pandita istana Janggala lan kasampurnakake dening Pangeran Panji Inukartapati lan sadulure. Pungkasane,macapat utawa tembang cilik diciptakake dening Sunan Bonang lan diturunake marang para wali.

Sejarah macapat

Sacara umum macapat thukul nalikaning zaman Majapahit lan kawiwitan antuk pangaribawa sakaWalisanga. Kahanan iki mligi ana ing Jawa tengah, dene  ing Jawa Timur lan Bali macapat wis ditepungi sadurunge Islam teka ing laladan Jawa.. tuladhane ana sawijining naskah saka Bali atau Jawa Timur kang asesirah Kidung Ranggalawé kang tinulis ing tahun 1334 Masehi.

Struktur macapat

Sawijing  karya sastra macapat biasane kaperang dadi pirang-pirang pupuh. Saeben pupuh kaperang dadi pirang-pirang pada. Saben pupuh migunakake utawa struktur kang padha. Metrum iki gumantung sakawatak isi teks kang diceritakake.
Gunggunge  pada saben pupuh beda-beda, gumantung marang gunggunge naskah kang digunakake. Sabanjure saben pada kaperang dadi  larik utawa gatra. Sabanjure saben gatra kaperang  wanda. Sabengatra nduweni wanda kang tetep lan dipungkasi dening vocal kang padha.

Tabel macapat

Supaya luwih gampang mbedakake antaraning guru gatraguru wilangan lan guru lagu saka  tembang-tembang kuwi, saben metrum ditata ana sajroning table ing ngisor iki.:
Metrum
Gatra
I
II
III
IV
V
VI
VII
VIII
IX
X
Tembang cilik / Sekar alit
Dhandhanggula
10
10i10a7u9i7a6u8a12i7a
Maskumambang
4
12i6a8i8a
Sinom
9
8a8i8a8i7i8u7a8i12a
Kinanthi
6
8u8i8a8i8a8i
Asmarandana
7
8a8i8a7a8u8a
Durma
7
12a7i6a7a8i5a7i
Pangkur
7
8a11i8u7a12u8a8i
Mijil
6
10i6o10é10i6i6u
Pocung
4
12u6a8i12a
Tembang tengahan / Sekar madya
Jurudhemung
7
8a8u8u8a8u8a8u
Wirangrong
6
8i8o10u6i7a8a
Balabak
6
12a12a12u
Gambuh
5
7u10u12i8u8o
Megatruh
5
12u8i8u8i8o
Tembang gedhé / Sekar ageng
Girisa
8
8a8a8a8a8a8a8a8a
Tembang Macapat ing ngisor iki sinaunana !
ASMARADANA
Asjamara ari mami
Masmirah kulaka warta
Dasihmu tan wurung layon
Aneng kutha Prabalingga
Prang tandhing Wuru Bisma
Kariya mukti wong ayu
Pun kakang pamit palastra
Watake tembang Asmaradana : merak ati, sedhih (karanaasmara)
Tegese tembang ing ndhuwur yaiku nyritakake bab Darmawulan (mantune Patih Logender) sing arep pamit marang garwane (Anjasmara) kanggo ngluruk perang ana ing Kutha Prabalingga/Blambangan mungsuh Adipati Menak Jinggo/Wuru Bisma. Pungkasaning perang Damarwulan mesthekake, menawa dheweke mesthi tumekaning lampus/mati amarga Adipati Menak Jinggo iku sekti mandraguna. Mulane, Anjasmara dipamiti (mukti ing Majapahit) dene Damarwulan arep palastra/mati.
Ing ngisor iki ana tembang Maskumambang sing ditulis dening sdl. M Wijotohardhjo bab Tsunami ing Aceh ! Coba sinaunana !
MASKUMAMBANG
1.   Samubarang kumambang kentir ing warih
Raos kawlas arsa
Dene ngaten kang kaeksi
Manungsa, kewan lan brana
2.   Sumatera Lor, Aceh lan manca negari
Srilangka,India
Siam,Malaysiatuwin
Kepuloan Maladewa
3.   Kenging lindhu kang gedhe ngedap-ngedapi
Sarta banjir bandhang
Tirta samodra ngebyuki
Alun gung nyempyok dharatan
4.   Mewu ewu kuwandha ngeres ersi
Tan kober karumat
Margi sinapu Tsunami
Tan ana bangkit suwala
5.   Padunungan, pasar, took, kantor,loji
Bosah baseh, wrata
Kang kalis keplayu ngungsi
Salang tunjang pados gesang
6.   Pating glolo, pating jlerit lan histeris
Madosi kluwarga
Kang ical tumekeng lalis
Mbuh neng ngendi tan kawuryan
7.   Sanadyan ta manut ngelmu Geologi
Mung prastawa lumrah
Anane lindhu tektonik
Perangan bumi kang owah
8.   Nanging iku dadi tandha sarta bukti
Kuwasaning Allah
Paring prengetan lan uji
Marang sakabehing titah
9.   Lamun kita kathah tumindak nalisir
Cengkah sing pitedah
Lan nerak wewaler Gusti
Kanthi tan rumangsa dosa
Tembang Maskumambang iki watake meh padha kalawan tembang Asmaradana. Watake Maskumambang kuwi : sedhih, nelangsa. Maskumambang ing ndhuwur kedadeyan saha sangang (9) pupuh utawa pada. Saha pupuh siji nganti tumekaning pupuh 9 nyritakake bab panandhang kasangsaran tragedy/musibah Tsunami.
Ing ngisor iki arep kababar tuladha-tuladhane tembang sing bisa kanggo maneka warna kabutuhaning masyarakat.
  1. Tembang kanggo cangkriman
Pocung
Kang sinebut dudu bapa dudu biyung
Tansah nggulawentah
Ngesoh elmu kebak asih
Nadyan abot ndra selak lan suwale
Bapak pucung dawa iren mlayu-mlayu
Sabamrana-mrana
Saben jalma den untali
Sak mangkono si pucung ku migunani
  1. Tembang kanggo pendidikan, budi pekerti, moral
Pocung
Murid iku kudu manut marang guru
Rukun marang kanca
Aja drengki aja srei
Aja climut aja jail aja nakal
Putra iku kudu bekti marang ibu
Uga marang bapa
Dituturi dititeni
Sinaune disregepi aja mblayang
  1. Tembang pitedah / tuntunan
Mijil
Dedalane guna lawan sekti
Kudu andhap asor
Wani ngalah luhur wekasane
Tumungkula yen dipun dukani
Bapang den simpangi
Ana catur mungkur
Lamun sira pengin urip aji
Aja pamer wong
Aja tansah ngunggulan dirine
Marang liya kang gelem ngurmati
Kabeh den rukuni
Ati kudu tulus
B.   Parafrase Tembang Macapat
Parafrase tegese ngowahi tembang/geguritan sing maune awujud pupuh/pada /bait dadi gancaran/prosa. Ana basaIndonesiagampange sinebut memprosakan puisi. Perlu dimangerteni, tembang uga kalebu salah sijining jinis geguritan, geguritan kang kuno. Mawi paugeran guru gatra, guru lagu, guru wilangan, lan nduweni watak dhewe – dhewe. Ngarang tembang ora kena ngawur, kudu nganggo paugeran-paugeran mau.
Ing ngisor iki ana tuladha tembang sing arep didadekake gancaran (paraphrase).
1)      Dhandanggula
Dhandanggula
Kawruhana wong priya sejati
Lamun arsa hanguapaya garwa
Den patitis pamilihe
Pisan kengguh wong ayu
Kaping pindho milih wong sugih
Kaping telu kawibawan
Kaping papatipun
Kena sambang – sarawungan
Bisa uga ginelut ing tembang manis
Marma denya waspada
Tembang ing ndhuwur gancarane ana ing ngisor iki.
Kawruhana/mangertanana wong priya kang sejati. Menawa nggolek garwa kudu sing patitis, kudu ngati-ati, kanthi permati, ora grusa-grusu. Yen kengguh wong ayu, ayu kang bener iku hayu tegese nylametake lelakon. Dadi yen wong lanang milih wong ayu (hayu) kudu ngerti yen calon garwane iku bakal nylametake lelakon, dudu wong ayu sing nyengsarakake lelakon.
Kapindho, yen milih garwa maraga garwane wong sugih ya kudu ngati-ati. Sebab wong lanang yen milih bojo sugih, ing tembe mburine bakal ora kajen. Ora mung dheweke ananging bisa uga wong tuwane, sedulure, lan sapanunggalane, sebab dianggep wong mlarat. Mula wong lanang iku kudu rumagang gawe duwe panggaotan aja mung nunut wong wadon. Tegese wong lanang iku kudu tanggung jawab.
Kaping telu, yen milih calon bojo amarga nunut kawibawan. Tuladhane calon bojone putrane wong kondhang, pejabat sing kudu ngati-ati, kudu dipikir kanthi permati, supaya ora keduwung ing mburi. Sabab, kawibawan iku ora langgeng, watake sok seneng ngremehake wong lan ngina wong, sebab dianggep ora sadrajat, ora babag derajate.
Kaping papate, milih calon garwa saka sambaing – srawungan. Bibite wong bareng kuliah, duwe hobi padha, kanca latihan Koor, lsp. Woang Jawa paring sesulang lan pemut sing ngati-ati, amarga wong sambaing – srawungan iku, witing tresna jalaran saka kulina banjur kurang prayitna, ing tembe mburine keduwung amarga panelitine kurang permati.
Pinglima, ginilut ing tembung manis. Lha iki mbebayani banget. Sebab tembung manis mau jebul ora tekan bathin, among samudana, ethok-ethok. Wong kang tansah nganggo tembung manis adakane duwe pamrih, luwih-luwih pamrih bandha. Cekake tembung manis ora kena ditamba-tamba.
Iku werdine tembang macapat ing ndhuwur.
2)      Asmaradana
Asmaradana
Gegarane wong akrami
Dudu bandha dudu rupa
Among ati pawitane
Luput pisan kena pisan
Yen gamang luwih gampang
Yen angel, angel kalangkung
Tan kena tinumbas arta.
Cetha, menawa pawitane wong arep rabi kuwi dudu bandha dudu rupa. Tegese dudu golek wong ayu, dudu wong sugih, dudu kawibawan, lan sapanunggale, nanging among ati pawitane. Atine sapa ? Atine wong loro – sing lanang lang sing wadon. Sebab jodho iku angel-angel gampang. Yen kena ya kena pisan, yen luput ya luput pisan. Ora bisa bola-bali. Yen angel ya angel banget. Ora kena dituku nganggo dhuwit.
C. Wataking Tembang
  • Tembang Pocung          : saenake, sembranan, guyonan. Gunane kanggo guyonan (berkelakar), cangkriman, pitutur.
  • Tembang Mijil              : gandrung-gandrung, prihatin, Gunane: pangudhar rasa prihatin.
  • Tembang Maskumambang : susah nelangsa, prihatin, merana. Gunane kanggo mratelakake rasa susah karana.
  • Tembang Kinanthi         : gandrungasmara. Gunane: kanggo  mratelakake rasa susah karanaasmara.
  • Tembang Durma           : nesu, dendam, muring. Gunane kanggo pengeten anlikaning perang, tantang-tantangan.
  • Tembang Asmaradana: sengsem, nesu, dendam. Gunane mratelakake rasa susah karanaasmara.
  • Tembang Pangkur         : gandrung, tegang. Gunane kanggo menehi pepenget/peringatan
  • Tembang Sinom            : lugu, susah, prasaja. Gunane kanggo menehi pitutur, kanggo mbabar rasa susah.
  • Tembang Dhandhanggula: luwes, manis, sarwa cocok. Gunane kanggo pitutur, mbabar rasa susah, kanggo pambuka gendhing.
  • Tembang megatruh       : susah, rasa  cuwa/gela kang mbangeti. Gunane kanggo mbabarake rasa susah.
  • Tembang Gambuh        : nerangake, nbeber kawruh. Gunane kanggo mulang muruk.
IV.       PENDALAMAN MATERI
  1. Ing ngisor iki ana sapupuh tembang pocung. Gawea gancarane lan tegese sisan tembung-tembung sing angel.
Pocung
Apa iku yen diemut mawut-mawut
Sing kalebon nyaprut
Yen dirasa legi gurih
Dikremi tuwa anom uga simbah
  1. Gawea tembang Maskumambang kanthi paugeran ing ngisor iki !
Guru Gatra
Guru Wilangan
Guru Lagu
Ukarane
1
12
i
2
6
o
3
8
i
4
8
o
  1. Apa watake tembang-tembang ing ngisor iki !
No
Tembang
Watake
1
Pocung
2
Durma
3
Mijil
4
Asmaradana
5
Maskumambang
6
Kinanthi
7
Pangkur
8
Dhandanggula
V.        TUGAS
A.   Ing Njaba Kelas
1. Gawea gancaran tembang Mijil ing ngisor iki ! (Parafrase)
Mijil
Dedalane guna lawan sekti
Kudu andhap asor
Wani ngalah luhur wekasane
Tumangkula yen dipun dukani
Bapang den Simpangi
Ana catur mungkur
2. Gawea tembang Mijil kanthi paugeran ing ngisor iki !
Guru Gatra
Guru Wilangan
Guru Lagu
Ukarane
1
10
i
2
6
o
3
10
e
4
10
i
5
6
i
6
6
u
B.         Ing Njero Kelas
  1. Ndiskusikake babagan ing ndhuwur
  2. Wakil kelompok kanthi pasangan maju ing ngarep kelas.
  3. Kelompok liyane mbiji kelompok sing maju.
  4. Sakwise kabeh kelompok maju, kelompok-kelompok mau nduduhake hasile diskusi lan alasane  presentasi hasil  diskusi kelompok.
  5. Nyimpulake hasil diskusi kelompok.
  6. Ngempalake hasil diskusi.
  7. Nggarap tugas pribadi uji pemahaman
  8. Nggarap tugas pengembangan sikap.
  9. Konsultasi kalawan guru menawa kangelan.
  1. LANGKAH KERJA.
    1. Maca pawarta lan informasi materi kanthi patitis.
    2. Nggarap tugas kelompok sing cumepak.
    3. Nggarap tugas individu sing cumepak
    4. Ndiskusikake tugas kelompok diterusake diskusi kelas.
VII.      PENILAIAN
  1. Uji Pemahaman
Aspek                 :  Kognitif
Indikator        :1.1. Mengungkapkan  makna yang terkandung dalam tembang macapat
1.2.  Menanggapi makna yang terkandung dalam tembang macapat.
1.3. Menyebutkan watak tembang macapat.
2.1. memparafrasekan geguritan/macapat dalam berbagai ragam bahasa Jawa.
Kelas/Semester : XI / 2
  1. Wenehana tandha ping ana aksara A, B, C, D, utawa E ana wangsulan kang paling bener !
1.   Ing ngisor iki sing dudu kalebu tembang macapat yaiku …
  1. Gambuh
  2. Asmaradana
  3. Maskumambang
  4. Kinanthi
  5. Dhandanggula
2.   Watake tembang Asmaradana yaiku ….
  1. Sereng, galak
  2. Merak ati, sedhih
  3. Sedhih, ngayawara
  4. Sembranan, parikeno
  5. Sesuluh, piwulang
3.  Dene tembang sing nduweni watak sereng galak yaiku ….
  1. Kinanthi
  2. Durma
  3. Dhandanggula
  4. Pangkur
  5. Mijil
4.  Guru gatra tembang Dhandanggula cacahe
A. 6           B. 7                  C. 8                 D. 9                 E. 10
5.  Guru gatra tembang Asmaradana yaiku …..
A. 5           B. 6                  C. 7                 D. 8                 E. 9
6.  Ing ngisor iki guru lagune tembang Asmaradana yaiku ….
A. a            B. i                   C. u                  D. e                  E. o
7.  Sing sinebut Wuru Bisma ana tembang Asmaradana yaiku ….
  1. Damarwulan
  2. Patih Logender
  3. Menakjinggo
  4. Layang Seto
  5. Layang Kumitir
8.  Kutha Prabalingga sing dimaksud ana tembang Asmaradana yaiku ….
  1. Purbalingga
  2. Jawa Timur
  3. Prabalingga
  4. Blambangan
  5. Majapahit
9.  Simaken tembang Pocung ing ngisor iki !
Pocung
Siswa iku kudu manut marang guru
Rukun marang kanca
Aja drengki aja srei
Aja climut aja jail aja nakal
Surasaning tembang pocung ing ndhuwur ngemot bab …..kajaba…..
  1. Pendidikan
  2. Budi pekerti
  3. Unggah-ungguh
  4. Moral
  5. Cangkriman
10. Tegese climut ana tembang pocung ing ndhuwur yaiku ….
  1. Seneng colong-jupuk
  2. Seneng golek ilmu
  3. Seneng kekancan
  4. Seneng memitran
  5. Seneng dolanan
11. Paugerane nggawe tembang ana ing ngisor iki, kajaba …..
  1. Guru gatra
  2. Guru lagu
  3. Guru wilangan
  4. Guru tembang
  5. Watake tembang
12. Tembang sing digawe gancran jenenge ……
  1. Geguritan
  2. Parikan
  3. Wangsulan
  4. Paraphrase
  5. Syingir
13. Tembang Dhandanggula ing ngisor iki waspadakna !
Dhandanggula
Kawruhana wong priya sejati
Lamun arsa hangupaya garwa
Den patitis pamilihe
Pisan kengguh wong ayu
Kaping pindho milih wong sugih
Kaping telu kawibawan
Kaping papatipun
Kena sambaing – srawungan
Bisa uga ginelut ing tembung manis
Marma denya waspada
Tegesing ukara den patitis pamilihe ana ing ngisor iki kajaba …..
  1. Sing ngati-ati
  2. Sing premati
  3. Ora grusa-grusu
  4. Sing ayu
  5. Sing teliti
14. Milih wong sugih kudu ngati-ati, awit ……
  1. Nyengsarakake lelakon
  2. Nylametake lelakon
  3. Bakal ora kajen
  4. Diremehake liyan
  5. Kurang prayitna
15. Tegese hangupaya padha karo ing ngisor iki …..
  1. Ngupadi;         B. Nyaosi
C. Menehi;             D. Ngaturi
E. Nggawa
  1. Wangsulan pitakon-pitakon ing ngisor iki !
    1. Sebutna tembang-tembang sing kalebu macapat !
Wangsulan : ……………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………..
  1. coba wenehana teges/critakna tembang Asmaradana ing ngisor iki !
Asmaradana
Anjasmara ari mami
Mas mirah kulaka warta
Dasihmu tan wurung layon
Aneng kutha Prabalingga
Prang tandhing Wuru Bisma
Kariya mukti wong ayu
Pun kakang pamit palastra
Wangsulan : ……………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………….
  1. Tulisen paugerane tembang Asmaradana ing ndhuwur !
Wangsulan : ……………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………
  1. Wenehana tuladha tembang sing ngemu cangkriman!
Wangsulan : ……………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………
  1. Apa sing diaranei paraphrase ?
Wangsulan : ……………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………………………………..
  1. Pengembangan Sikap
Aspek                : Afektif
Indikator             : 1.1.  Mengungkapkan makna yang terkandung dalam tembang macapat.
1.2. Menanggapi makna yang terkandung dalam tembang macapat.
1.3. Menyebutkan watak tembang macapat.
2.1.Memparafrasekan geguritan/macapat dalam berbagai ragam  bahasa Jawa.
Kelas/Semester : XI / 2
No
Indikator
Kriteria
Ok
Kr
Ar
Ot
1
Siswa melu piwulangan Tembang Macapat
2
Siswa aktif sajroning pelajaran
3
Siswa aktif nggarap tugas individu
4
Siswa aktif nggarap tugas kelompok
5
Siswa aktif diskusi kelompok
6
Siswa aktif diskusi kelas
7
Siswa aktif nyusun hasil diskusi
8
Siswa aktif nyimpulake diskusi kelas
Katerangan :                                                                                         Skor
Ok                : Ora kendhat                                                                     4
Kr                 : Kerep                                                                               3
Ar                 : Arang                                                                               2
Ot                 : Ora tau                                                                             1
VIII.     TINDAK LANJUT
Yen tugaswisrampung jumbuh karo langkah gawe ing ndhuwur, siswa dikarepake nerusake piwulangan sateruse, menawa during dibaleni maneh kanthi remedial.

WULANGANN 3
NULIS WACAN PERSUASI
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas/Semester            : XI / 2
Metode                        : Demonstrasi, Tanya jawab, Latihan/Drill
                                    Waktu                          :2 x 45 menit
  1. I.                   PANUDUH PIWULANG
  2. Supaya paham informasi / berita lan bisa nggarap tugas, mula luwih dhisik maca babagan Kompetensi Dasar lan Indikator.
  3. Uga maca Materi bab NULIS WACAN PERSUASI kanthi dibolan-baleni.
  4. Kanggo ngukuhake pemahaman, dianjurake supaya maca buku referensi liyane.
  5. Saben langkah digarap jumbuh karo tugas sing diwenehake.
  6. Tugas dikumpulake jumbuh karo jadwal sing disarujuki / disepakati bebarengan.
  7. Diskusikake lan konsultasikake karo guru menawa nemoni kangelan / reribet.
  1. II.                KOMPETENSI SING AREP DIGAYUH
Standar Kompetensi   :MENULIS
Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan, dan perasaan dalam berbagai
jenis karangan nonsastra maupun sastra mengguna-kan berbagai ragam bahasa
Jawa sesuai dengan unggah-ungguh dan menulis dengan huruf Jawa.
Kompetensi Dasar      : Menulis wacana persuasi dalam bentuk naskah pidato
Indikator                           :
1        Menentukan topic wacana persuasii
2        Membuat naskah pidato yang berupa  persuasi dari kerangka karangan yang disediakan
3        Membuat kerangka karangan pidato yang berupa persusasi dengan topik yang telah dipilihnya
4        Menulis pidato utuh berupa wacana persuasi berdasarkan kerangka karangan yang telah disusunnya
5        Menyunting pidato berupa wacana persuasi yang ditulis teman
  1. III.             INFORMASI MATERI

WACANA PERSUASI ( PANGAJAK).
Paragrap persuasi iku sambungane saka kembangane  paragrap argumentasi. Persuasi sepisanan ngandharake gagasan nganggo alesan, bukti, utawa tuladha kanggo nyakinanke pamaos. Banjur dibarengi nganggo ajakan, bujukan ,rayuan, imbauan utawa saran marang pamaos. Bedane paragrap argumentasi lan paragrap persuasi. paragrap argumentasi kang dadi bakune yaiku salah benere gagasan / pendapat. nek paragrap persuasi ngarep - arep supaya pamaos melu karo kekarepane panulis.
Tuladha :
Praktik pidato iku gedhe banget mupangate. Saben praktik pidato iku mesthi duweni pengalaman kang paling nyensemake ati. Saya kulina anggone praktik pidato, mbuh iku gladhen utawa praktik pidato temenan bakal saya akeh pengalaman batin kang diduweni. Saka pengalaman batin mau pamicara nemokake cara - cara pidato sing efektif lan nyenengake. Saya akeh pamikat kang ditemokake lan saya kerep dipraktike, bakal saya akeh pengalaman pamaos.Wis ora mokal maneh yen praktik pidato iku kaya obat kuwat kanggo mangun rasa percaya dhiri. yen rasa percaya dhiri mauwis gedhe, pamicara bisa ngayahi tugas kanthi tenang tanpa ana godha ( kaya rasa isin ), wedi lan grogi. percaya dhiri mau kang dadi modal pisanan kanggo nggayuh keberhasilan pidato. Mula supaya mahir lan prigel pidato, panjenengan kudu nglakoni praktik pidato.
IV. PENDALAMAN MATERI
Ing ngisor iki ngenani tuladha sesorah kang nganggo wacan persuasi. Wacanen kanthi permati, banjur titenana ciri-ciri kang mligi wacan peruasi!
Mengeti dinten pendidikan nasional
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Nuwun!
Bapak Ibu Dwija Basa Jawa ingkang satuhu kinabekten; sarta sedaya kanca panyarta lomba sesorah ingkang dados kekudanganing para pinisepuh.
Sumangga kula dherekaken ngunjukaken raos syukur Alhamdulillah hirobil’alamin wonten ngarsanipun Pangeran ingkang Mahawikan inggih Allah Ta’alla, ingkang sampun kepareng ngrentahaken pinten-pinten kanikmatan, kabingahan, sarta kawilujengan dhumateng kula sedaya, satemah saged ndherek lomba sesorah ing enjing menika.
Salawat saha salam mugi tansah katetepna dhateng Kanjeng Nabi Agung Muhammad SAW, tumedhakipun dhateng garwa putra, para sekabat, sarta sedaya pandherekipun, mugi kalebetna kula lan panjenengan sedaya. Amin.
Ing salajengipun keparenga kula kanthi andhap asoring manah badhe ngaturaken sekedhik kanthi irah-irahan Gerakan Disiplin Nasional Tumrap para Mudha lan Para Siswa.
Sanggyaning para siswa ingkang kula tresnani, tetembungan Gerakan Disiplin Nasional utawi  GDN sampun sawetawis dangu kula mangertosi. Wondene menggah ingkang dados werdinipun inggih menika satunggaling tindak lampah ingkang kanthi raos lila lan legawa nindakaken sedaya pranatan saha aturan ingkang lumampah ing papan ngriku, sarta nebihi sedaya pepacuh utawawisan kados ingkang sampun kapacak ing Tata Tertib Sekolah ingkang lumampah salebeting negari Indonesia. Jer kula sedaya kedah tansah enget, bilih  wonten sawenehing paribasan mawa Basa Indonesia ingkang ungelipun Di mana bumi dipijak, di situ langit dijunjung. Ingkang tegesipun, wonten ing sadhengah papan ingkang kula anggeni menika, kula sedaya kedah angugemi, ngurmati, sarta nindakaken adapt-istiadat utawi tata cara ingkang sampun lumampah ing papan ngriku. Sampun ngantos nyingkiri utawi nebihi, kepara anjejegaken angger-angger ssaengga dados kuwajiban ingkang kedah dipunlampahi, syukur bage dados pakulinan ingkang mbalung sungsum tumraping para siswa. Angon mangsa makaten wonten Basa Jawi. Tegesipun dados siswa menika kedahipun mangertosi mpan lan papa, mangertosi kahanan utawi situasi ingkang dipun adhepi. Wonten ing irah-irahan sinebut tumrap para mudha saha para siswa, artosipun gerakan Disiplin Nasional mekaten kedah katindakaken dening para mudha sarta para siswa. Kanthi makaten lampahing gladhen kedah kawiwitan nalika taksih lare (prasiswa/dereng sekolah), kalajengaken sasampunipun mlebet sekolah utawi sampun dados nem-neman. Samangke dumugi dewasa sarta sepuh sampun dados budayanipun saben tiyang sami nggadhahi budaya dhisiplin ngantos mratah sanegari.
Kula sedaya kedah mangertosi bilih, ingkang kawastanan panggulawenthah (pendidikan) mekaten lumampah ing samadyaning kulawarga, ekolah, tuwin ing madyaning masyarakat. Kanthi mekaten kula sedaya kedah tansah mulat dhateng sedaya satunggal-satunggaling papan panggulawenthah kasebut, ingkang saestu benten kawontenanipun sarta pangaribawanipun dhateng kadewasaning lare.
Menawi ing keluwarg sarta ing sekolah, temtu kemawon ingkang dados patuladhan sarrta paringipun seserepan ingkang sae-sae, ananging beda sarta tebih inggih menika pengaruh sarta patuladhan ingkang pinanggih ing masyarakat, menika menawi boten tansah ngatos-atos kathah perkawis-perkawis ingkang kedah dipunsaring kanthin saestu.
Kanthi wontenipun panggladhi  Gerakkan disiplin Nasional  wiwit alit sarta nalikanipun lare dados siswa, menawi lare menika saestu sampun nggadhahi cepengan ingkang dados piandeling gesang utawiway of life, saestu nalikanipun pikantuk pambujuk-pambujuk sarta pangaribawa ingkang boten laras kaliyan adapt-istiadat sarta kabudayanipun, mesthi kemawon sampun gadhah panyaring utawi filter. Saged milih pundit ingkang saged dipuntulad sarta katindakaken tuwin pundi ingkang kedah dipuntebihi kepara dipuntilaraken.
Ing wekdal menika, kula sedaya sami ngawuningani, bilih Gerakan Disiplin Nasional saestu mrihatosaken sanget, kacihna kanthi wontenipun kedadosan-kedadosan ingkang saestu nyimpang saking paugeran sarta tata karma Nasional, kepara para pangarsa ingkang wonten nginggil inggih boten saged kangge tepa palupi, nalikanipun kula miwah panjenengan nyumerepi kawontenan ing TV ngantos sami jejotosan amargi beda pamanggih. Menika saestu tebih saking landhesan Pancasila ingkang antawisipun nyebataken demokrasi. Lan cetha boten jumbuh kalih piwulangan Jawa ingkang kebak tepa selira.
Ingkang menika , kula sedaya mliginipun para siswa sumangga nggrengsengaken GDN kanthi saking sekedhik ngulinakaken tigang kabudayan, inggih menika : budaya tertib (tertib ing sekolah, tertib ing margi, tertib ing masyarakat); budaya resikan (resikan badan, boten mbucal uwuh ing sadhengah papan) lan budaya makarya (ngginakaken wekdal kangge sinau)
Mekaten ingkang saged kula aturaken, mugi saged dados panglimbang sarta paninting, tumuju dhateng kadewasan lair lan batos. Amin.
Wonten kasar sarta lepating atur, kula namung tansah nyuwun lumunturing samodra pangaksama. Wabilahitaufik wal hidayah, Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Nuwun.
A. Wangsulana pitakon ing ngisor iki!
1. Apa isining pidato ing ndhuwur?
2.. Apa kang diarani Gerakan Disiplin Nasional kuwi?
3. Kenangapa disiplin nasional mrihatinake banget?
4. Ana wacan ing ndhuwur, ukara ngendi kang nuduhake menawa sesorah ing ndhuwur kuwi kalebu persuasi?
5. Gawea pitakonan lan wangsulane sisan, kang gegayutan karo paragraph  ing ndhuwur kang cacahe 5!
B. Gawenen paragraph persuasi kang saparagraf nduweni ukara paling sithik enem ukara!

WULANGANN 4

PARIKAN, WANGSALAN,
LAN CANDRA SENGKALAN
                                    Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas/Semester            : XI / 2
Metode                        : Demonstrasi, Tanya jawab, Latihan/Drill
                                    Waktu                          :2 x 45 menit
  1. I.                   PANUDUH PIWULANG
    1. Supaya paham informasi / berita lan bisa nggarap tugas, mula luwih dhisik maca babagan Kompetensi Dasar lan Indikator.
    2. Uga maca Materi bab NULIS PARIKAN, WANGSALAN, LAN CANDRA SENGKALAN kanthi dibolan-baleni.
    3. Kanggo ngukuhake pemahaman, dianjurake supaya maca buku referensi liyane.
    4. Saben langkah digarap jumbuh karo tugas sing diwenehake.
    5. Tugas dikumpulake jumbuh karo jadwal sing disarujuki / disepakati bebarengan.
    6. Diskusikake lan konsultasikake karo guru menawa nemoni kangelan / reribet.
  1. II.                KOMPETENSI SING AREP DIGAYUH
Standar Kompetensi   :  MENULIS
Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan, dan perasaan dalam berbagai
jenis karangan nonsastra maupun sastra mengguna-kan berbagai ragam bahasa
Jawa sesuai dengan unggah-ungguh dan menulis dengan huruf Jawa.
Kompetensi Dasar      : Menulis parikan dan atau wangsalan
Indikator
  1. Menentukan kalimat yang termasuk parikan/wangsalan dari tembang/wacana yang ditentukan
  2. Membuat parikan/wangsalan sesuai dengan ilustrasi yang diberikan guru
  3. Menerapkan/menggunakan parikan/wangsalan ke dalam kalimat
  4. Menyunting parikan/wangsalan yang ditulis teman
:
  1. III.             INFORMASI MATERI
    1. A.     Parikan

Kang diarani parikan Yaiku unen-unen mawa paugeran telung warna yaiku :

  • kadedan saka rong ukara kang dhapukake nganggo purwakanthi guru swara
  • saben saukara kadedan saka rong gatra
  • ukara kapisan mung minangka purwaka; déné isi utawa wosé dumunung ing ukara kapindho.
Tuladha: Tawon madu, ngisep sekar. (Ukuran kapisan, 2 gatra). Calon Guru, kudu sabar (ukuran Kapindho, 2 gatra). Gunane purwaka (ukuran kapisan) mung dianggo narik kawigatene wong kang nedya sikandhani utawa dipituturi, Perlune, supaya ing sadurunge ukara kang isi utawa “wose” dikandhakake, wong sing nedya dikandhani wis ketarik atine, satemah banjur nggatekake, bisa ngerti temenan marang maksude ukuran kang isi “ngese” (ukara kapindho).
Kanthi ukara liya sing diarani parikan kalebu salah sawijining puisi lawas. Parikan iki padha karo puisi tradhisional Melayu kangaran pantun. Puisi iki ngemu surasa purwakanthi swara/rima/sajak. Cacahe parikan iki ana sing 2 larik ana uga sing patang larik. Yen ana pantun, rong larik mau diarani karmina/pantun kilat. Ciri-cirining parikan :
1)      Nduweni purwakanthi ab-ab.
2)      Yen kedadeyan saka rong baris, baris kapisan sampiran lan baris kapindho isi. Nanging yen dumadi saka patang baris, baris 1-2 sampiran, baris 3-4 kasebut isi.
3)      Pendhote parikan ana sing 4-4 lan 4-8 (kanggo sing rong larik), 8-8 (kanggo sing patang larik). Pedhotan tegese gunggunge wanda saben sak gatra.
4)      Guna paedahe parikan kanggo pitutur, nyemoni, utawa gojegan ana ing pacelathon.

Manut ( cacahing) wandane, parikan iku kena diperangi dadi telu, yaiku:

a. Parikankandadadean saka (4 wanda + 4 Wanda) X 2

Tuladha
1. Iwak bandheng, durung wayu (4 wanda + 4 Wanda)
Priya Ngganteng, sugih ngelmu (4 wanda + 4 Wanda
  1. Manuk emprit, nucuk pari (4 – 4 ======= Sampiran)
Nasihat
Dadi murik, sing taberi      (4 – 4 ======= Isi)
  1. Jemek-jemek, gula jawa (4 – 4 ======== Sampiran)
Nasihat
Aja ngenyek, padha kanca (4 – 4 ======  Isi)
  1. Manuk tuhu, mencok pager (4 – 4 ====== Sampiran)
Nasihat
      Yen sinau, dadi pinter       (4 – 4 =======  Isi)

b. Parikankandadean saka (4 wanda + 8 Wanda) X 2

Tuladha
1. Kembang adas, sumebar tengahing alas (4 wanda + 8 Wanda).
   Tuwas tiwas, nglabuhi wong ora waras. (4 wanda + 8 wanda)
2.   Kembang mlathi, warna peni ngganda wangi (4 – 8)
Nasihat
Watak putri, kudu titi ngati-ati (4 – 8 )
3. Gudheg manggar, bumbune mrica ketumbar (4 – 8)
Nasihat
Lamun sabar, bisa lejar serta bingar (4 – 8)
4. Kembang kencur, tinandur tepining sumur (4 – 8)
Nasihat
Sapa jujur, bakal luhur klawan makmur (4 – 8)

c.  Parikan kang kadadean saka (8 wanda + 8 Wanda) X 2

Tuladha
1. Enting-enting gula jawa, sabungkus isine sanga
   Ingatane para siswa, wajib seneng nggubah basa.
2.   Esuk nakir sore nakir (8)
Sing ditakir godhong ploso (8)
Nyemoni
Esuk mikir sore mikir (8)
Sing dipikir ora krasa (8)
3.   Jangan kacang jangan kara (8)
Kaduk uyah kurang gula (8)
Pitutur
Piwelingku mring pra mudha (8)
Aja wedi ing rekasa (8)
4.   Yen kembang kembang cempaka (8)
Dudu kembang arum dalu (8)
Pitutur
Mumpung sira isih mudha (8)
Den asregep ngudi ngelmu (8)
Parikan sing kadadean saka (8 wanda + 8 wanda) X 2, saweneh ana sing ngarani parikan patang pada. Iku keliru, sebab tembung “pada” iku tumprap reriptan kanggone mung ana ing tembang. Dene yen tembung “pada” iku sing dikarepake kudu mung ora ukara, siji-sijining ukura kadadean saka 2 gatra: dadi kabeh ana 4 gatra Wondene carane nulis 4 gatra iku, kena bae didadekake 4 larik. Tuladha kasebut kena katulis mangkane
Enting-enting gula jawa
Sabungkus isine sanga
Ingatase para siswa
Wajib seneng nggubah basa

Parikan sing dianggo nggérongi lelagoning gendhing

Ing parikan iki dhapukaning ukara mesthi bae ora bisa tansah nglungguhi paungeran, sebab cacahing wandane kawengku ing laguning gendhing.
Tuladha
  • Lelagon Parikan (Slendro Patet 9)
Cengkir Wungu, wungune ketiban daru (Dhu Ibu)
Calon guru, kudu sabar momot mengku (Pm)
Katrangan Perangan sing dikurung, yaiku (Dhu Ibu), iku wuwuhan, kanggo senggakan.
  • Suwe Ora Jamu. Pelog Pathet 6
Suwe ora jamu, jamu godhong kencur
Suwe ra ketemu, temu pisan maju mundur.

Carane ngarang parikan

Sing dikarang luwih dhisik ukara kapindho, yaiku sing isi “ngese” utawa “Wose”. Ukarane kadedean saka 4 wanda + 4 Wanda, utawa 4 wanda + 8 wanda + 8 wanda.Sawise rampung pangarange ukara kapidho, banjur ngarang ukara kapisan, yaiku ukara kang mung dianggo purwaka. Kehing wandane pada karo ukara kapindho, lan dhapukane kudu mujudake purwakanthi guru swara karo ukara sing kapindho.

Klebu rerengganing basa

Parikan klebu rerengganing basa, sebab basa sing mawa parikan iku agawe senenge wong sing maca utawa sing ngrungokake. Guneman mawa parikan basa njalari rame nengsemake.Gendhing digerongi nganggo sakepan kang mawa parikan, bisa marakake saya gayeng.
  1. A.     Wangsalan
  • Wangsalan kuwi tetembungan ing ukara sing disamun kayadéné cangkriman utawa batangané kasebut ing ukara candhaké mung dicangking wandané baé utawa unen-unen kang awujud cangriman kang batange ana ing njero unen-unen kuwi. Wangsalan dianggo ana pacelathon saben dinane.
  •  Wangsalan bisa dipérang telu yakuwi: wangsalan sajroning pacelathon, wangsalan èdi pèni lan wangsalan awujud tembang.

 Wangsalan jroning pacelathon

  • Njanur gunung, kadingarèn dolan mréné? (janur gunung = arèn)
  • Ngrokok cendhak, bocah cilik ora kena neges-neges (rokok cendhak = tegesan)
  • Jenang gula, aja lali (jenang gula = glali)
  • Nggodhong garing, ésuk-ésuk kokwisnglaras (godhong garing = klaras)
  • Balung klapa, éthok-éthok ora ngerti (balung klapa = bathok)
  • Balung geni, mbokmenawa aku ora bisa teka (balung geni = mawa)
  • Balung janur, sida lunga apa ora? (balung janur = sada)
  • Balung pakèl, aja seneng alok-alok (balung pakèl = pelok)
  • Jangan gori, nganti judheg anggonku mikir (jangan gori = gudheg)
  • Bocah cilik ora pareng ngrokok cendhak, saru kuwi kok neges-negesi barang
(ngrokok cendhak = tegesan; neges-negese)
  • Esuk-esuk kokwisnggodhong garing, kepenak tenan anggone nglaras.
(godhong garing  = klaras; nglaras)

Wangsalan èdi pèni

  • Carang wreksa, wreksa wilis tanpa patra. Ora gampang wong urip ing alam donya. (carang wreksa = pang, wreksa wilis tanpa patra = wit kayu urip)
  • Kolik priya, wanara Anjani putra. Tuhu éman, wong anom wedi kangèlan (kolik priya = tuhu, Anjani putra = Anoman)

Wangsalan awujud tembang

  • Kinanthi linging pitutur, kenthang rambat menyan putih, awasna dipun pratèla. Nolèha wiranging wuri, cecangkok wohing kalapa, kang dadi pathoking urip.
- kenthang rambat = tèla
- menyan putih = wlirang
- cecongkak wohing kalapa = bathok
IV.       PENDALAMAN MATERI
Gawea kelompok sing gunggunge 5 siswa. Saben kelompok nggarap tugas-tugas ing ngisor iki !
  1. Gawea parikan kanthi paugeran ing ndhuwur (purwakanthi, sampiran, la nisi, pedhotan) !
a)      pedhotan  4 – 4, 4 – 4
………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………
b)      pedhotan  4 – 4, 4 – 4
…………………………………………………………………………………………………
…………………………………………
c)      pedhotan  4 – 8, 4 – 8
………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………
d)      pedhotan  8 – 8, 8 – 8
………………………………………………………………………………………………  ……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………..
  1. Wangsalan iki terangna tegese !
Tuladha : mbalung geni, mbok menawa aku entuk rejeki dina iki !
Mbalung geni = mawa dadine, mbok menawa
a)      Balung jagung ta, le, aja janggelan !
Wangsulan ………………………………………………………………………………….
b)      Aja mutra bebek, wira-wiri ana apa ?
Wangsulan ………………………………………………………………………………….
c)      Dadi bocah apa seneng nglemadi bengkah, ta, kok nyela-nyela !
Wangsulan ………………………………………………………………………………….
d)      Wah….pasar cilik tenan ki, sida wurung anggonku lungan
Wangsulan ………………………………………………………………………………….
e)      Awas kowe kancing jaja tenan, titenana
Wangsulan ………………………………………………………………………………….
f)        Mesin tulis, Mas witikna aku kudu kepriye ?
Wangsulan ………………………………………………………………………………….
g)      Senengane kok nyega mambu, pamer sepatune sing anyar !
Wangsulan ………………………………………………………………………………….
h)      Mrica kecut, Mbak, sauni-unine taktampakok
Wangsulan ………………………………………………………………………………….
i)        Damar mancung, Mas, cinupet samene dhisik anggone rembugan
Wangsulan ………………………………………………………………………………….
j)        Bantal dawa ya, Ngger, elinge mrang Kang Maha Kuwasa
Wangsulan ………………………………………………………………………………….
            C. Candrasengkala
  • Candrasangkala utawa Sengkalan kuwi cara nulis taun sing disandhi nganggo ukara. Panulisan titi mangsa iki asring kagunakaké ing Sastra Jawa Kuna lanTengahan. Cara macané kanthi diwalik. Tuladha: Sirna ilang krětaning bumi, yen diterjemahaké dadi angka 0, 0, 4, 1. Diwalik banjur dadi 1400. Tembung “sengkalan”, asalé saka tembung “saka” lan “kala”. Saka utawa çaka iku jenengé bangsa Indhu, kala utawa kala ateges wektu. Sakakala yaiku kalané ana ratu golongan çaka kang jumeneng nata ing tanah Indhu sisih kidul, lan wektu iku wiwitané tahun saka, yaiku taun 1 utawa taun 78 Masèhi. Mungguh kang dikarepaké “sengkalan”, yaiku unèn-unèn sing nduwèni teges angkaning taun. Ing jaman biyèn sing kanggo pétungan ing Tanah Jawa iku taun Saka. Nanging saiki ana sing migunakaké taun rembulan utawa taun candra, yaiku pétungan sing sasiné manut lakuning rembulan, diarani: “Candrasengkala”. Sengkala kang adhedhasar taun srengéngé, banjur diarani: “Suryasengkala”

Werna-werna sengkalan

Miturut wujudé

Miturut wujudé, sengkalan kuwi ana rong werna yakuwi:

Miturut jinisé

Miturut jinisé sengkalan dipérang dadi telu, yakuwi:
  • Sengkalan lamba, yakuwi sengkalan sing migunakaké tembung-tembung sing prasaja. Tuladha: Buta (5)lima(5) naga (8) siji (1), dadi angkané 5581 lan tegesé taun 1855.
  • Sengkalan miring, yakuwi sengkalan sing migunakaké tembung-tembung miring saka watek sengkalan lamba. Tuladha: Lungiding Wasita Ambuka Bawana (1975).
    • Tembung "lungid" maknané "landhep", sing dikarepaké landheping "gaman". Gaman duwé watek 5.
    • Tembung "wasita" maknané "pitutur jati", pitutur iku ana gegayutané karo resi, wiku utawa pandhita sing nduwé watek 7.
    • Tembung "Ambuka", sing dikarepaké "lawang" utawa "gapura" sing nduwé watek 9.
    • Tembung "Bawana", sing dikarepaké "bumi" sing nduwé watek 1.
  • Sengkalan memet, yakuwi sengkalan sing digawé ora nganggo ukra nanging awujud gambar,recacandhi, gedhong lan sapanunggalané. Tuladha: Dik (buta) gajah tinunggangan jalma, maknané 1785 (buta=5, gajah=8, tinunggangan=7, jalma=1).

Tembung lan watek wantuné

  1. Tembung sing nduwèni watek 1 yakuwi: Tunggal, Siji, Nyawiji, Gusti, Sujanma, Jalma, Wong, Semèdi, Nabi, Rupa, Maha, Iku, Rat, Jagad, Bumi, Bawana, Surya, Candra, Kartika, Urip, Wani, Putra, Tyas, Kalbu, Wardaya. Raja, Ratu, Narpa. .
  2. Tembung sing nduwèni watek 2 yakuwi: Kalih, Dwi, Asta, Nembah, Nyembah, Nétra,Caksu, Soca, Pandulu, Tingal, Paningal, Kembar, Myat, SwiwiPeksi, Paksi, Paksa, Sikara, Dresthi, Kanthi, Apasang, Sungu, Talingan, Karna. .
  3. Tembung sing nduwèni watek 3 yakuwi; Tiga, Tri, Bahni, Geni, Agni, Ujwala, Murub, Urub, Dahana, Payudhan, Yudha, Perang, Kaya, Kadya, Kadi, Bentèr, Kawruh, Guna, Wédha, Naut, Teken, Pawaka, Rananggana, Brama. .
  4. Tembung sing nduwèni watek 4 yakuwi: Papat, Pat, Catur, Wahana, Warih, Dadya, Kéblat, Suci, Wening, Nadi, Toya, Jaladri, Samodra, Tasik, Sindu, Marta, Karta, Masuh, Segara. .
  5. Tembung sing nduwèni watek 5 yakuwi; Lima, Gangsal, Panca, Pandawa, Wisik, Gati, Indriya, Parastra, Gaman, Panah, Pusaka, Lungid, Landhep, Guling, Diyu, Dik, Buta, Yaksa, Raseksa, Raseksi, Wil, Galak, Tata, Maruta, Bayu, Samirana, Angin, Marga. .
  6. Tembung sing nduwèni watek 6 yakuwi: Nem, Sad, Rasa, Hartati, Sarkara, Tikta, Obah, Oyag,Kayu, Wreksa, Prabatang, Lindhu, Mangsa, Naya, Wayang, Ilat. .
  7. Tembung sing nduwèni watek 7 yakuwi: Pitu, Sapta, Prawata, Giri, Arga, Gunung, Acala, Pandhita, Resi, Wiku, Sogata, Swara, Dwija, Wulang, Mulang, Weling, Wasita, Tunggang, Titihan, Titih, Turangga, Aswa, Kuda, Jaran, Sabda, Muni. .
  8. Tembung sing nduwèni watek 8 yakuwi: Wolu, Astha, Basu, Basuki, Slira, Murti, Bujangga,Pujangga, Manggala, Taksaka, Ula, Naga, Sarpa, Sawer, Dwipa, Bajul, Liman, Dwipangga, Èsthi, Gajah, Dirada, Kunjara, Tanu, Madya. .
  9. Tembung sing nduwèni watek 9 yakuwi: Sanga, Sang, Nawa, Déwa, Dwara, Lawang, Kori,Gapura, Lawang, Wiwara, Ambuka, Gandha, Puspa, Kembang, Kusuma, Bedhah, Muka, Rudra, Gatra, Menga, Mancep. .
  10. Tembung sing nduwèni watek 0 yakuwi: Ilang, Musna, Sirna, Nir, Murca, Mlethik, Langit, Akasa, Wyat, Tawang, Kombul, Muluk, Nenga, Luhur, Duwur, Adoh, Swarga, Tanpa, Tan, Swuh, Suda, Windu.

Carané Gawe Sengkalan

Yen arep gawe ukara sengkalan:
  • Sepisanan kudhu nggoleki tembung luwih dhisik kanggo guru dasanama (persamaan arti kata), tegese tetembung sing darbe tegese padha duwe watak wilangan sing padha. Umpamane :gunung, prawata, arga, giri, haldaka, lan redi.
  • Kaping loro, guru sastra (persamaan kata), tetembungan sing duwe wujud tukisan sing padha, dianggep duwe wilangan sing padha. Thuladhane : esthi sing tegese gajah. Lan tembung esthi iku, uga mengku teges kekareban kang duwe watak wolu (8).
  • Kaping telu, nggoleki guru warga (persamaan golongan). Tetembungan sing duwe golongan padha dianggep darbe watak wilangan sing pdha, contone : rembulan, srengenge, bumi, kuwi duwe watak wilanagan siji (1).
  • Sing Kaping papat, guru wanda (persamaan suku kata), yakuwi tetembungan sing duwe suku kata utawa unine padha dianggep duwe watak wilangan sing padha yaiku papat (4)
  • Kaping lima, yakuwi migatekake anane guru sarana (persamaan fungsi), yakuwi sarana utawa alat.Watak wilangan dianggep padha karo fungsine (pigunane). Tuladha : lidah (ilat).Sing ngunakake rasa dianggep duwe watak wilangan padha yakuwi enem.
  • Kaping enem, nggoleki guru karya (persamaan sifat kerja) yakuwi barang lan kerjane, watak wilangane dianggep padha, umpama mata lan madeng, dianggep darbe watak wilangan padha yakuwi loro (2)
  • Kaping pitu, guru darwa (persamaan sifat), yakuwi sipat salah sawijining barang (benda) dianggep darbe watak lan wilangan sing padha karo panas, dianggep duwe watak wilangan sing padha yakuwi telu (3)
  • Kaping wolu, yakuwi nggoleki guru jarwa persamaan arti utawa sinonim). Tetembungan sing duwe teges makna (arti ) sing padha. Contoné, retu,obah lan horeg, dianggep duwe watak wilangan sing padha yaiku enem (6)

Carané Maca Sengkalan

Maca sengkalan padha karo maos ukara umume, nanging angka sing kinandhut ing ukara sengkalan mau diwaos saka mburi mengarep utawa saka tengen mangiwa kaya maca tulisan Arab. Tegese, angka saka ukara sing keri saka sengkelan mau dadi angka taun sing ngarep dhewe, kosok baline angka sing kinandhut ing tembung sepisan, saka sengkalan Buta Cakil kang unine: Tangan Yaksa satataning Janma (penyempurnaan bentuk wayang) Buta Cakil dhek jaman Sultan Agung.Tangan : 2, Yaksa: 5, Satataning: 5, lan janma:1, dadi diwaca tahun 1552 Jawa utawa taun 16700 Masehi
V.        TUGAS
A.  Ing Njaba Kelas
Parikan / unen-unen ing ngisor golekana bacutane !
  1. Kutha Sala ajeg rame
Sriwedari ing tengahe
………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………….
  1. Sega punar sega empal
Segane panganten anyar,
…………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………….
  1. …………………………………………………………………………………………….
Golek ngelmu kudu sabar
  1. Kembang aren, sumebar tepining kalen
……………………………………………………………………………………………..
  1. Wit kecipir mrambat kawat
……………………………………………………………………………………………..
Gawea ukara nganggo wangsalan ing ngisor iki !
  1. Ron mlinjo        = so (godhong so)                    ====== ngaso
Tuladha            = Roning mlinjo, Bu, yenwissaya nyuwun ngaso
  1. Putrane Anjani  = Anoman                    ====== enom
…………………………………………………………………………………………….
  1. Witng klapa                  = glugu             ====== salugune
…………………………………………………………………………………………….
  1. Godhong garing            = klaras                        ====== nglaras
…………………………………………………………………………………………….
  1. Kembang jambu           = karuk                        ====== kemaruk
………………………………………………………………………………………
B.         Ing Njero Kelas
  1. Ndiskusikake babagan ing ndhuwur
  2. Wakil kelompok kanthi pasangan maju ing ngarep kelas.
  3. Kelompok liyane mbiji kelompok sing maju.
  4. Sakwise kabeh kelompok maju, kelompok-kelompok mau nduduhake hasile diskusi lan alasane  presentasi hasil  diskusi kelompok.
  5. Nyimpulake hasil diskusi kelompok.
  6. Ngempalake hasil diskusi.
  7. Nggarap tugas pribadi uji pemahaman
  8. Nggarap tugas pengembangan sikap.
  9. Konsultasi kalawan guru menawa kangelan.
  10. LANGKAH KERJA.
  11. Maca pawarta lan informasi materi kanthi patitis.
  12. Nggarap tugas kelompok sing cumepak.
  13. Nggarap tugas individu sing cumepak
  14. Ndiskusikake tugas kelompok diterusake diskusi kelas.
VII.      PENILAIAN
A.  Uji Pemahaman
Aspek               :    Kognitif
Indikator           :     Menuliskan kejadian sehari-hari ke dalam bentuk parikan dan wangsalan.
Kelas/Semester   :  XI / 2
  1. Wenehana tandha ping ana aksara A, B, C, D, utawa E ana wangsulan sing bener  !
    1. Basa jawane pantun yaiku …….
      1. Cangkriman
      2. Parikan
      3. Unen-unen
      4. Wangsulan
      5. Singir
  1. Ing ngisor iki cirri-cirine parikan, kajaba ……
    1. Nduweni purwakanthi a – b, a – b
    2. Yen kedadeyan saka 2 baris, baris kapisan sampiran lan baris kapindho isi
    3. Pedhotan parikan 4 – 4, 4 – 4; 4 – 8, 4 – 8; lan 8 – 8, 8 – 8
    4. Nduweni purwakanthi a – a – a – a
    5. Guna paedahe parikan yaitu kanggo nasihat, gojegan, utawa nyemoni ana ing sajroning pacelathon.
  1. Pedhotan ana ing parikan bisa kedadeyan saha ….
    1. 4 – 4, 4 – 6
    2. 4 – 4, 4 – 8
    3. 4 – 6, 4 – 6
    4. 4- 8, 4 – 8
    5. 4 – 6, 4 – 8
    6. Manuk emprit, nucuk pari
Dadi murid, siing taberi
Pedhotane parikan ing ndhuwur saben gatrane dumadi saka ….
  1. 4 – 4, 4 – 4
  2. 4 – 6, 4 – 6
  3. 4 – 8, 4 – 8
  4. 4 – 6, 4 – 4
  5. 8 – 8, 8 – 8
  1. Ing ngisor iki  parikan sing pedhotane 8 – 8, 8 – 8 yaiku ….
    1. Manuk tuhu, menclok pager
Yen sinau, dadi pinter
  1. Jemek-jemek, gula jawa
Aja ngenyek, padha kanca
  1. Gudheg manggar, bumbune mrica ketumbar
Lamur sabar, bisa lejar serta bingar
  1. Kembang kencur, tinandur tepining sumur
Sapa jujur, bakal luhur klawan makmur
  1. Yen kembang-kembang cempaka dudu kembang arum dalu
Mumpung sira isih mudha, den asregep ngudi ilmu
  1. Unen-unen sing wujude cangkriman, batangane ana ing njero unen-unen kuwi diarani …..
    1. Parikan
    2. Wangsalan
    3. Purwakanthi
    4. Cangkriman
    5. Paribasan
  1. Dadi bocah aja seneng nglemah bengkah, ta, kok nyela-nyela. Nglemah bengkah kuwi …..
    1. Sela
    2. Nela
    3. Tela
    4. Nyela
    5. Kela
  1. Mrica kecut, Mbak, sauni-unine taktampakok …
    1. Uni
    2. Wuni
    3. Muni
    4. Sauni
    5. Tuni
  1. Bocak cilik ora pareng ngrokok cendhak, saru kuwi kok neges-neges barang
Ngrokok cendhak jenenge …..
  1. Neges
  2. Negesi
  3. Teges
  4. Tegesan
  5. Ceges
  1. Awas kowe, kancing jaya tenan, titenana !
Kancing jawa jenenge
  1. Peniti
  2. Titi
  3. Eti
  4. Titen
  5. Titena
  6. Wangsulan pitakon-pitakon ing ngisor iki !
    1. Sebutna ciri-cirine parikan !
      Wangsulan …………………………………………………………………………….
  1. Gawea parikan kanthi pedhotan 4 – 8, 4 – 8
Wangsulan …………………………………………………………………………….
  1. Apa bacutane parikan ing ngisor iki !
Esuk nakir sore nakir, sing ditakir godhong ploso
Wangsulan …………………………………………………………………………….
  1. Wansulana ing ngisor iki gawea ukarane !
a) mesin tulis                       = tik                             = witikna
b) balung geni                     = mawa                        = mbok menawa
Wangsulan …………………………………………………………………………….
  1. Golekana wangsulane saka ukara ing ngisor iki !
a) witing klapa, Mas, salugu-lugune adhiku isih lugu aku
b) esuk-esuk kokwisnggodhong garing, nglaras tembang karo loak-laok !
Wangsulan …………………………………………………………………………….
B.   Pengembangan Sikap
Aspek              :  Afektif
Indikator     : Menuliskan kejadian sehari-hari ke dalam bentuk parikan dan wangsalan
Kelas/Smt        : XI / 2
No
Indikator
Kriteria
Ok
Kr
Ar
Ot
1
Siswa melu piwulangan Parikan lan Wangsalan
2
Siswa aktif sajroning pelajaran
3
Siswa aktif nggarap tugas individu
4
Siswa aktif nggarap tugas kelompok
5
Siswa aktif diskusi kelompok
6
Siswa aktif diskusi kelas
7
Siswa aktif nyusun hasil diskusi
8
Siswa aktif nyimpulake diskusi kelas
Katerangan :                                                                                         Skor
Ok                : Ora kendhat                                                                     4
Kr                 : Kerep                                                                               3
Ar                 : Arang                                                                               2
Ot                 : Ora tau                                                                             1
VIII.     TINDAK LANJUT
Yen tugaswisrampung jumbuh karo langkah gawe ing ndhuwur, siswa dikarepake nerusake piwulangan sateruse, menawa during dibaleni maneh kanthi remedial.

WULANGANN 5
MAOS NASKAH DRAMA/SANDIWARA
                                    Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas/Semester            : XI / 2
Metode                        : Demonstrasi, Tanya jawab, Latihan/Drill
                                    Waktu                          :2 x 45 menit
  1. I.                   PANUDUH PIWULANG
  2. Supaya paham informasi / berita lan bisa nggarap tugas, mula luwih dhisik maca babagan Kompetensi Dasar lan Indikator.
  3. Uga maca Materi bab MAOS NASKAH DRAMA/SANDIWARA kanthi dibolan-baleni.
  4. Kanggo ngukuhake pemahaman, dianjurake supaya maca buku referensi liyane.
  5. Saben langkah digarap jumbuh karo tugas sing diwenehake.
  6. Tugas dikumpulake jumbuh karo jadwal sing disarujuki / disepakati bebarengan.
  7. Diskusikake lan konsultasikake karo guru menawa nemoni kangelan / reribet.
  1. II.                KOMPETENSI SING AREP DIGAYUH
Standar Kompetensi   :  MEMBACA
Mampu membaca dan memahami  bacaan sastra maupun nonsastra, berhuruf Latin maupun Jawa dengan  berbagai keterampilan dan teknik membaca.
Kompetensi Dasar      : Membaca naskah drama/sandiwara sesuai karakter tokoh.
Indikator
  1. menyebutkan karakter penokohan pada tokoh drama/sandiwara
  2. membacakan naskah drama sesuai dengan karakter pada tokoh yang dibawakan
  3. memberikan tanggapan terhadap pembacaan naskah drama yang dibawakan oleh teman
:
  1. III.             INFORMASI MATERI

Ing ngisor iki ana tuladha naskah carangan sandiwara Jawa, coba wacanen ana sajroning batin banjur gladhen ing ngisore garapen kanthi patitis!

Naskah Carangan Sandiwara Jawa “Andhe-Andhe Lumut”

Dhapukan Lakon/casting:
1. Andhe-Andhe Lumut (Raden Panji Inukertapati)
  • satria bagus, gagah prakosa, luruh, wicaksana
  • Andhe-Andhe Lumut sejatine ningrat Kedhaton Blambangan jejuluk Raden Panji Inukertapati kang oleh pidana daksia dadi kawula alit lan banjur diopeni dening mbok randha dhadhapan ana ing Kadipaten Arum Wana.
2. Klenthing Kuning (Putri Galuh Candrakirana)
  • putri ayu, sabar, kesia-sia
  • Putri Galuh Candrakirana nduweni kekarepen nggoleki dedhemenane Raden Panji Inukertapati kang lagi nglakoni pidana supaya bisa diboyong maneh ana ing Kedhaton Blambangan, Putri Galuh Candrakurana salin wujud dadi wong ndesa kang aran Klenthing Kuning.
3. Mbok Randha Dhadhapan
  • piyantun sepuh, sabar, wicaksana
4. Mbok Randha Menah
  • mbok randha wicaksana lan tresna banget marang anak-anake
5. Klething Abang
  • pambarepe para klenthing, galak, njaluk menang dhewe
6. Klething Ijo
  • klenthing kaping pindho, manja
7. Klething Ungu
  • klenthing kaping telu, ceplas-ceplos
8. Klething Biru
  • klenthing sing nomer papat, paling gecul (dhapukane lanang/banci)
9. Yuyu Kangkang
  • awujud yuyu, ala rupane, gampang dirayu, sing mbaureksa kali Suda Susila watesing Kadipaten Arum Wana
10. Sang Hyang Kandha Wana
  • watake angker, sekti,wissepuh, seneng menehi pitulungan marang sapa kang apik atine
11. Punggawa Kadipaten/Juru Warta
- tukang nyorakake warta
12. Pengawal Punggawa 1
  • tukang nggawa kempul
13. Pengawal Punggawa 2
  • tukang nggawa payung
14. Dhagelan 1
15. Dhagelan 2
16. Dhagelan 3
  • para dhagelan yaiku kawula alit, watake gecul
PROLOG
Kocap kacarita, ana ing Negara kang aran Blambangan dicariyosake menawa ana Satria mudha turunan ningrat jejuluk Raden Panji Inukertapati. Dasar Raden Panji Inukertapati iku bagus rupane, sekti ilmune lan dhuwur kawruhe. Raden Panji Inukertapati nduweni gandhulaning ati yaiku Putri Galuh Cangrakirana kang ayu paras lan atine. Sakloron kuwi mau tansah padha sing ceblok dhemen. Ananging marga salah sawijining babagan, Raden Panji Inukertapati gawe wirang kedhaton sak punggawa lan wadya bala saingga Raden kuwi mau oleh pidana lunga saka kedhaton dadi kawula cilik banjur diopeni karo mbok Randha Dhadhapan kang sugih bandha lan urip ana ing dusun cilik kang aran Kadipaten Arum Wana. Putri Galuh Candrakirana banjur ndhuweni kekareban bakal nggoleki ana ing ngendi papan dununge raden Panji Inukertapati ya sang puspaning ati. Putri Galuh Candrakirana salin rupa dadi bocah wadon ndesa supaya ora dingerteni dening para kawula cilik liyane. Putri Galuh Candrakirana ngerteni dene sejatine Raden Panji Inukertapati iku ya si ANDHE-ANDHE LUMUT..!
BABAK 1
SWASANA LATAR OMAH DUSUN
(mbok Menah mlaku nggawa bakul, banjur monolog)
MBOK MENAH : ”Elae, kaya ngene nasibe dadi randha, wis tuwa, urip ning Dusun sepi, sanadyan mangkono tetep bungah rasaning atiku, amarga aku nduweni anak-anak yaiku para klenthing, wis dasare ayu-ayu, pinter, nurut, sregep mbantu mbokne, ananging anak-anakku durung padha rabi, hmm, kamangka sejatine ora kurang-kurang para lanangan enom-tuwa sing wis nglamar anakku, lha ning piye maneh, kabeh kuwi durung ana sing cocok ning ati.”
(mbok menah ngundang para klenthing)
MBOK MENAH : ”wuk, anak-anakku! Abang, Ijo, Ungu, Biru...!!”
PARA KLENTHING : ”inggih mbok, wonten timbalan dhawuh!”
(para klenthing teka)
MBOK MENAH : ”aduh anakku sing ayu-ayu, bar saka ngendhi kowe kabeh nduk, hmmm, lha kae ngapa biru kok awul-awulan ra tata kaya mangkono horo?”
K. BIRU : ”nganu mbok, mau aku dijahatin karo mbakyu-mbakyu, masa jarikku dibiaki kaya ngene (karo mbiyak jarike dhewe) ya aku isin ta dedeloki mas-mase”
K. IJO : ”ora kok mbok, mau aku ra mbiyak jarike Biru kaya ngene iki (karo mbiyak jarike Biru) wong kok nuduh-nuduh”
K. ABANG : ”iya mbok wong mau Ijo ora mbiyak ngene iki (karo mbiyak jarike Biru) len, ra percaya takon Ungu kuwi”
MBOK MENAH : ”apa bener nduk Ungu?”
K. UNGU : ”bener mbok, kene ra tau mbiyak-mbiyak ngene iki (karo mbiyak jarike Biru) masa dituduh mbiyak ngene (karo mbiyak jarike Biru), padahal yen mbiyak ngene (karo mbiyak jarike Biru) kan ora apik, saru.
(K.Biru mulai anyel)
K. BIRU : ”nyoh nyoh nyoh! (karo mbiyak-mbiyak jarike dhewe)
MBOK MENAH : ”wis wis wis, ayo aja padha padu apa maneh biyak-biyakan ngene iki (karo mbiyak jarike Biru), luwih becik ayo padha ning pawon ngewangi simbok olah-olah
PARA KLENTHING : ”yo yo yo”
(para klenthing lan mbok Menah lunga, klenthing kuning teka)
K. KUNING : ”Kulanuwun….”
PARA KLENTHING : ”iya” (para klenthing balik marani Kuning)
K. ABANG : ”iya, kowe sapa lan ana perlu apa?”
K. KUNING : (karo jengkeng) ”aku klenthing kuning, aku urip dhewe ora nduwe kadhang mitra, apa mbakyu-mbakyu kabeh gelem menawa aku didadine adhi ragil?”
K. IJO : ”apa, arep numpang ning kene?? Ning kene panggonane wis enthek!”
K. UNGU : “iya! Luwih becik kowe golek panggonan liya!”
K. KUNING : “aku njaluk tulung banget, dikon turu kandhang pitik aku ya gelem”
K. BIRU : ”huh, ki bocah ngeyel banget ta,, dikon lunga ya lunga! Tak jiwit lho! Tapi nganggo tang!”
K. ABANG : ”lho, wis ngerti ta guneme adhi2ku, kowe ning kene i bethek-betheke mung bakal ngenthekne segane simbok thok, ndang lunga kana!”
K. KUNING : ”tulung banget”
K. ABANG : ”lunga!”
K. KUNING : ”aku gelem kok dikongkon apa wae”
K. ABANG : ” eee, isih ngeyel, ndang minggata!!” (karo nendhang Kuning)
PARA KLENTHING : ”iya, ndang minggat! Sumingkir seka papan kene!”
(Kuning nangis banjur mbok Menah teka)
MBOK MENAH : ”elae, ana apa iki kok ribut-ribut kaya mengkene? (terus marani Kuning) lho kowe iki sapa nduk cah ayu, kena apa nangis?”
K. KUNING : ”mbok tulungi kula, kula urip dhewe mboten kagungan kadhang mitra, kula pingin urip ten ngriki kaliyan mbakyu-mbakyu menika, kula purun dipunutus napa kemawon”
(para klenthing ulate dadi peteng)
K. ABANG : “halah mbok, cah kaya ngono i rasah ditanggepi!”
K. IJO : “iya mbok, mung nambah-nambahi beban keluwarga!”
K. UNGU : “tambah wong malah tambah bebane keluwarga, kene wae niate arep ngelongi anggota kelurga barang eh” (Abang, Ijo, Ungu nyawang Biru kompak)
K. BIRU : (bingung, thingak-thinguk) “wah! Ra penak!”
MBOK MENAH : “wis-wis rasah padha ribut, simbok dadi bingung iki (banjur marani Kuning) wis nduk rasah sedih maneh, simbok bakal menehi kowe ijin melu simbok lan para anak-anakku iki, (para klenthing padha protes saur manuk) sssttt... (marang para klenthing) nanging ya kuwi....”
K. KUNING : “napa mbok?”
MBOK MENAH : “kowe kudu gelem nandhang gawe ngewangi simbok ning kene iki”
K. KUNING : “menawi mekaten kula bungah sanget mbok”
(Kuning banjur ngambung tangane simbok, lan simbok ngenalake Kuning marang para klenthing liyane, ulatane para klenthing liyane pating mbesengut)
MBOK RANDHA : “wis ayo padha mlebu omah kabeh, ayo anakku kabeh, sing rukun karo adhimu anyar iki”
K. ABANG : “pokoke kowe sing nyaponi latar!”
K. UNGU : “klambi-klambine aku lan liyane kowe pokoke sing ngumbah!”
K. BIRU : “ kowe pokoke sing nyawiki aku!”
K. IJO : “husst”
MBOK MENAH : “wis ayo padha mlebu gage nduk!”
(kabeh metu panggung)
BABAK II
SWASANA PADESAN/DUSUN
(para kawula alit/dhagelan padha gegojekan)
----------------pre memory-dhagelan bebas----------------
(‘gong! gong!’ juru warta teka dikawal para pengawale)
JURU WARTA : (maca/nyemak teks, bengok-bengok, lebay, lucu, diiringi kempul dening pengawale)“wara-wara! Mbok Randha Dhadhapan saka tlatah Kadipaten Arum Wana menehi pawartos kangem sedhaya kawula kang mirengake!” (para kawula padha nyedhak siji mbaka siji ora keri para klenthing uga melu )
“sayembara!! anak tunggal mbok Randha Dhadhapan yaiku jaka bagus kang aran Andhe-Andhe Lumut badhe nggelar pilih-pinilih, timbang-tinimbang wanita kagem didadosaken bojone, para kawula ingkang saguh lan mumpuni dipunantosi wanci tabuh sekawan sonten menika wonten ing ngarsa dalem Mbok Randha Dhadhapan. Dene wanita kang bakal dipundadosaken bojo gumanthung kawicaksananipun Ndara Andhe-Andhe Lumut. Mekaten pawartos saking kula, nuwun nuwun maturnuwun!”
(para punggawa lunga, para kawula padha bubar, dene Mbok Menah,
Abang, Ijo, Ungu lan Biru isih tetep ana papan mau)
K. ABANG : “mbok, aku pingin melu sayembara mau mbok!”
K. IJO, UNGU, BIRU : “aku iya mbok”
MBOK MENAH : “wis ayo gek dha siap-siap, ayao padha dandan lan milih wusana kang apik ana ing juru rias etan kana”
PARA KLENTHING : “ayo!”
(nalika padha arep budhal teka Kuning sinambi mlayu)
K. KUNING : “mbok, kula pripun?!”
(para klenthing lan mbok Menah balik)
K. UNGU : “lho, ngapa kowe nusul rene?”
K. KUNING : “aku ya pingin melu sayembara?”
PARA KLENTHING : “apa??!”
K. BIRU : “eh, mendingan kowe jaga omah wae!”
K. IJO : “Andhe-Andhe Lumut mesti ra bakal gelem karo dhapuranmu kuwi!”
K. BIRU : “yuukk, Andhe-Andhe Lumut mah gak level ame ye u kow?”
K.ABANG : “kowe apa wis nandhang gawean omah ha?!!”
K. KUNING : “dereng mbakyu Abang”
K. ABANG : “nah kuwi ateges kowe mblenjani janji!”
K. IJO : “wis untung diwenehi tumpanganan, janji arep rewang-rewang malah arep mlenjani!”
K. ABANG : “nah mbok, piye iki si Kuning arep mblenjani janji!”
MBOK MENAH : “Kuning, apa bener kowe pingin melu sayembara?”
K. KUNING : “leres mbok”
MBOK MENAH : “apa pagaweyan omah wis mbok rampungake?”
K.KUNING : “dereng mbok”
MBOK MENAH : “Kuning anakku, sepurane simbok ora bisa menehi kowe ijin meluni sayembara amarga tandang gawe kewajibanu durung mbok lakoni”
(para klenthing padha seneng lan ngguyu nyukurke Kuning)
MBOK MENAH : “nanging ya kuwi, upama kabeh pagawean mau wis mbok rampungake, kowe oleh kok melu sayembara nusul mbakyu-mbakyumu”
(para klenthing liyane protes, padha saur manuk)
K. IJO : “o iya Kuning, aja lali kowe ning omah dandanke gendheng kamarku sing bocor!”
K. ABANG : “aku mulih kudu mbok masakke iwak sing enak!”
K. UNGU : “tak tambahi! Kowe kudu nggawekne aku amben sing anyar!”
K. BIRU : “pokoke kowe ra oleh lunga sak durunge kabeh beres! Wis mbakyu ayo padha lunga, rasah nggagas cah sithok iki!”
(para klenthing banjur lunga, mbok Menah ora bisa tumindhak apa-apa, Kuning dhewe ana ing papan mau sinambi nangis)
K. KUNING : “duh Gusti, salah napa kula niki, nduweni mbakyu nanging atine ala kabeh, kula pingin sanget kepanggih kaliyan Andhe-Andhe Lumut, apa mungkin kabeh pagaweyan iki tak rampung tandhangi, Gusti, kula nyuwun pitulungan”
(kadadak teka wong tuwa sarwa putih teka marani Kuning)
K. KUNING : “mbah, panjenenganb sinten?” (wedi)
SANG HYANG : “ora usah wedi nduk, aku Sang Hyang Kandha Wana, teka amarga krungu pandongamu mau, aku bakal mbiyantu kowe nduk cah ayu” (Sang Hyang banjur ngthokake aji-aji sahingga kabeh pagaweyane Kuning rampung)
K. KUNING : “maturnuwun Hyang sampun mbiyantu kula”
SANG HYANG : “iya nduk, aku seneng mbiyantu kowe amarga atimu kang becik iku”
K. KUNING : “lajeng kula saged ndherek sayembara wonten Kadipaten Arum Wana”
SANG HYANG : “iya nduk, iki kowe tak sanguni pusaka teken sekti teken zaitun kang bira mitulungi kowe marang bebayan”
K. KUNING : “maturnuwun sanget Sang Hyang, kula badhe mangkat sakmenika, pangestunipun Hyang”
SANG HYANG : “iya nduk ati-ati, pangestumu tak tampa, Sang Hyang erep bali dhisik”(Sang Hyang lunga)
K. KUNING : “maturnuwun Hyang, atos-atos!” (Kuning lunga)
BABAK III
SWASANA PINGGIR KALI
(rombongan Abang, Ijo, Ungu, Biru teka ana pinggir kali Suda Susila)
K. ABANG : “ee lha dhalah, kadingaren kaline banjir kaya mangkene”
K. IJO : “iya mbakyu, gek ya kretege ambrol sisan”
K. UNGU : “kamangka wong papat kabeh iki ora ana sing bisa nglangi, haduh, njut kepiye iki??”
K. BIRU : “lha jan-jane awak dhewe arep ning ndi ta mbakyu?”
K. ABANG : “wah iki, awak dhewe iki arep menyang Kadipaten Arum Wana papan pangginane Andhe-Andhe Lumut, kae galo panggonane ana ing sebrang kali iki”
K. BIRU : “wah, ndadak nyebrang kali barang ya, umpama pindah Kadipaten ngono piye mbakyu?? Ben rasah nyabrang”
K. IJO : “gundhulmu! Rasah mokal-mokal, wis gek piye iki, ayo pagha golek akal”
K. UNGU : “coba tak ukur, kali iki banyune jero apa ora (njupuk watu banjur diuncalke kali)
YUYU KANGKANG : “ahaaa (ceguken) aduh biyuuunngg!!” (metu karo ngelus-elus sirah)
(para klenthing kaget lan gumun)
YUYU KANGKANG : “ahaaa, sapa mau sing mbalang sirahku? Aduduh...” (Yuyu clingak-clinguk banjur weruh para klenthing dadi ndomblong lan melet-melet)
K. UNGU : “walah mbakyu, apa kuwi mbakyu, nggilani lan medheni tenan”
K. BIRU : “hiiii, sereeem”
K. ABANG : “sik sik, iki tak atasane” (Abang maju nyedhaki Yuyu)
“hei mas-mas, sampeyan niku sinten?”
YUYU KANGKANG : “ahaaa, aku Yuyu Kangkang, ahaaa, aku sing mbaureksa kali Suda Susila iki, ahaa...”
K. IJO : (ngomong marang Abang) “mbakyu, coba jalukana tulung menawa dheweke bisa nyebrangake awak dhewe”
K. BIRU : “iya mbakyu, aku selak kebelet pingin ketemu Andhe-Andhe Lumut”
K. ABANG : (marang para klenthing) “iya, aku ya mikir kaya mangkana”
(madhep Yuyu) “Yuyu Kangkang, apa kowe bisa nulungi aku lan adhi-adhiku nyebrang kali iki?”
YUYU KANGKANG : “ahaaaa, isa wae, nyat kuwi tugasku, ahaaa”
(para klenthing padha seneng)
K. BIRU : “wis, gek ndang ayo ayo ayo” (polah)
YUYU KANGKANG : “eiiiitsss, tapi, ahaaa, ana syarate”
PARA KLENTHING : “apa kuwi?”
YUYU KANGKANG : “aku mung njaluk piiiiiii lussss, ahaaa”
PARA KLENTHING : “pilus apa kuwi??”
YUYU KANGKANG : “pilus kuwi yaiku pipi alus, ahaaaa, ngerti ta maksude?”
(para klenthing rambugan eyel-eyelen)
YUYU KANGKANG : “piye, yen wegah ya wis, kowe kabeh ora bakal isa nyebrang”
K. ABANG : “ Yuyu Kangkang,”
YUYU KANGKANG : “ahaaa....”
K. ABANG : “ ya wis aku saguh karo apa sing mbok syaratake mau, wis ndang sabrangna saiki, iki wis meh arep tabuh papat sore, cepet gage!”
(Yuyu nyabrangake para klenthing siji-siji tekaning sebrang pipine para klenthing
diciweli)
(Kuning teka pinggir kali)
YUYU KANGKANG : “ahaaa, sapa meneh iki kok ana bocah wadon ijen, ahaaaa, apa arep nyabrang kowe nduk? Hahaha, ahaaaa”
K. KUNING : “iya ki sanak, banjur niki pripun?”
YUYU KANGKANG : “ahaa, aku isa nyabrangke kowe, ananging kowe kudu menehi aku pilus alias pipi alus, ahaaa”
K. KUNING : “wah, menawi mekaten kula mboten purun ki sanak”
YUYU KANGKANG : “ahaa??? Eh, apa?? Kowe emoh?! Yen aku maksa piye horo?!”
K. KUNUNG : “adepana aku sik yen kowe wani”
YUYU KANGKANG : “eeee, lhadhalah, wani temen kowe iki heeehh??!!”
(Yuyu maju ngoyak-oyak Kuning nangung Kuning usa endha terus)
K. KUNING : “heh, rasakna iki!” (karo ngathungke teken zaitun)
YUYU KANGKANG : “aduh biyuuunngg!! Kapooookkk, ahaaa, ahaaa ahaaa” (metu lunga karo ginjal-ginjal)
K. KUNING : “rasakna kuwi!” (Kuning banjur ngathungke teken zaitun ana ing kali, banjur kaline dadi sat banyune, Kuning langsung nyabrang lan mbacutake laku)
BABAK IV
SWASANA OMAH LODJI
(Andhe-Andhe Lumut lan Mbok Randha lungguh ana dhampar di kawal Juru Warta lan Pengawal 1)
ANDHE LUMUT : “juru warta”
JURU WARTA : “kula ndara, wonten timbalan dhawuh?”
ANDHE LUMUT : “kepriye, apa dhawuhku nyorakake sayembara ana ing sajroning padesan sebrang kali Suda Susila wis mbok laksanaake?’
JURU WARTA : “awit pangestunipun sampun ndara”
MBOK RANDHA : ”ya wis syukur, muga-muga wae para wanita saka sebrang kali kana ana sing madhep manteb karo atimu ngger”
ANDHE LUMUT : “inggih ibu”
MBOK RANDHA : “ iya, sebabe mau wae wis akeh para wanita pirang-pirang pangripta sayembara pilih sing wis mbok tampik amarga ora sarujuk karo kekarepanmu”
ANDHE LUMUT : “inggih ibu, mugi tansah mekaten, manah kula inggih menggalih sami kaliyan ibu, dene wanita ingkang kula idamaken saged enggal-enggala tinemu wonten ing ngarsa kula lan ibu”
PENGAWAL 2 : “kula ingkang sowan ndara!”
(pengawal 2 mlebu lumaksana jengkeng)
ANDHE LUMUT : “pengawal, ana apa pengawal? Apa siang arep mbok wartaake?”
PENGAWAL 2 : “kepareng matur ndara, wonten ing latar dalem wonten rombongan wanita malih, rombongan menika saking dusun sabrang kali Suda Susila, para rombongan menika saprelu badhe tumut sayembara pilih”
ANDHE LUMUT : “ya yen mangkana, wis gage diaturi mlebu ana papan kene”
PENGAWAL 2 : “sendika ngestuakaen dhawuh ndara” (pengawal metu lan balik maneh mlebu karo para klenthing Abang, Ijo, Ungu, Biru, pengawal 1 lan 2 metu)
MBOK RANDHA : “ee, bocah kok ya ayu-ayu kaya ngene iki, mangga-mangga dipenakke sik anggone lungguh”
PARA KLENTHING : “inggih ibu”
MBOK RANDHA : “nduk, cah ayu-ayu, coba ibu pingin weruh jenengmu kabeh (para klenthing banjur padha nepangake awake dhewe-dhewe) “ngger Andhe-Andhe Lumut, (marang Andhe-Andhe Lumut) coba saka bocah papat kuwi mau endi sing sarujuk karo atimu?”
(Andhe-Andhe Lumut mlaku marani para klenthing sinambi wira-wiri mriksani para
klenthing)
JURU WARTA : “hehe, pripun ndara, ayu-ayu lhe, kajaba ingkang biru nika, hehe”
MBOK RANDHA : “kepriye ngger anakku?”
ANDHE LUMUT : “ibu, miturut panawang kula, para wanita menika mawi sukma ingkang mboten sae”
MBOK RANDHA : “apa kuwi tegese ngger?”
ANDHE LUMUT : “inggih ibu, para wanuta menika sampun mawi tilasipun Si Yuyu kangkang”
MBOK RANDHA : “dadi?”
ANDHE LUMUT : “niku ateges kula mboten saged nampi para wanita menika ibu”
MBOK RANDHA : “nduk cah ayu-ayu, wis ngerti ta apa sing diaturke dening anakku? Sing sareh ya, mungkin iki durung jodhomu”
(marang Andhe-Andhe Lumut) “ngger, wis akeh wanita sing ora sarujuk marang atimu, jan-jane panjalukmu sing kepiye ta ngger?”
(Anghe-Andhe Lumut amung gedheg-gedheg kadadak pengawal 1)
PENGAWAL 1 : “ndara, kepareng matur”
ANDHE LUMUT : “iya pengawal, ana wigati apa?”
PENGAWAL 1 : “wonten latar ana salah satunggaling wanita malih ingkang badhe tumut sayembara pilih ndara”
ANDHE LUMUT : “ya wis ndang diaturu mlebu”
(pengawal 1 ngacungke kode ngundang, pengawal 2 karo Kuning taka, Kuning amung ndungkluk banjur lungguh)
(para klenthing padha kaget, saur manuk)
K. ABANG : “ hei Kuning, wani-wanine kowe rene?? Apa gaweanmu wis rampung?”
K. KUNING : “sampun mbakyu”
K. UNGU : “halah, awake dhewe sing ayu-ayu kaya ngene wae ora ditampa, apa maneh kowe sing mung batur!”
K. IJO : “wis, kana ndang minggat tinimbang gawe isin ning kene!”
K. KUNING : “nyuwun pangapunten mbakyu, kita sedhaya anggadhahi hak ingkang sami, kula uga pingin tumut sayembara pilih iki”
MBOK RANDHA : (nugel atur, marang para klenthing) “bener pangucape bocah iki nduk” (marang Kuning) “nduk cah ayu sapa aranmu?”
K. KUNING : “kula Klenthing Kuning ibu”
MBOK RANDHA : “oo, iya, ngger anakku, coba kowe sawang bocah iki, apa kowe sarujuk?”
(Andhe-Andhe Lumut nyedhaki Kuning, ngranggih tangane, Kuning ngadhek, sakloron padha tinemu sawang)
KLENTING KUNING : “Kangmas Inukertapati....!”
ANDHE LUMUT : “Diajeng Candrakirana....!”
(kebeh isining panggung tablo/matung)
-- TAMAT --
IV. PENDALAMAN MATERI

A. Naskah sandiwara ing nduwur wacanen kanthi permati. Banjur isenana kolom-kolom ing ngisor iki!
B. Adhedhasar pacelathon ana ndhuwur isinen bagan ing ngisor iki!
Unsur intrinsic
Ukara panyengkuyung
Tema____________________________________________________________
-----------------------------------------------------------
-----------------------------------------------------------KarakterAndhe-Andhe Lumut
Mbok randha
___________________
___________________
Kleting Kuning
____________________
____________________1. ____________________________________
2. _____________________________________
1. _______________________________________
2. _____________________________________
_______________________________________
1. ____________________________________
2. ____________________________________SettingPapan Panggonan:
Wektu:
___________________
Kahanan:
_____________________1. ____________________________________
. _______________________________________
2. _____________________________________
1. ____________________________________
B. Gawenen kelompok kang cacahe padha karo paraga ing sandiwara ndhuwur, banjur wacanen kanthi intonasi kang trep! Kayadene maragakake sandiwara radio!

C. Dene kelompok liyane (sing ora maju) nyathet kaluwihan lan kekurangan kelompok sing maju adhedhasar kolom-kolom ing ngisor iki!
NoKriteria Penilaian
Skor
Keterangan
1
2
3
4
5
1Kekompakan     1: Ala
2Kelancaran     2: Kurang
3Pelafalan     3: Cukup
4Ekspresi     4: Apik
5Penampiilan (bloking, setting)     5: Apik banget

WULANGAN 6
AKSARA JAWA
Mata Pelajaran            : Bahasa Jawa
Kelas/Semester          : XI / 2
Metode                        : Demonstrasi, Tanya jawab, Latihan/Drill
Waktu                          :2 x 45 menit
====================================================================
  1. PANUDUH PIWULANG
    1. Supaya paham informasi / berita lan bisa nggarap tugas, mula luwih dhisik maca babagan Kompetensi Dasar lan Indikator.
    2. Uga maca Materi bab AKSARA JAWA kanthi dibolan-baleni.
    3. Kanggo ngukuhake pemahaman, dianjurake supaya maca buku referensi liyane.
    4. Saben langkah digarap jumbuh karo tugas sing diwenehake.
    5. Tugas dikumpulake jumbuh karo jadwal sing disarujuki / disepakati bebarengan.
    6. Diskusikake lan konsultasikake karo guru menawa nemoni kangelan / reribet.
  1. KOMPETENSI SING AREP DIGAYUH
Standar Kompetensi        : 1.        Menulis wacana pendek dengan huruf jawa
2.         Membaca dan memahami berbagai teks bacaan nonsastra berbahasa Jawa dengan berbagai teknik membaca untuk berbagai tujuan.
Kompetensi Dasar           : 1.1.     Menulis huruf Jawa
: 2.1.     Membaca pemahaman bacaan sederhana berhuruf Jawa 25 kalimat (5 paragraf)
Indikator                          : 1.1.       Menulis wacana pendek dengan huruf Jawa.
2.1.            Membaca teks yang disediakan dengan lancer dan benar.
2.2.            Mengungkapkan isi bacaan.
2.3.            Menceritakan kembali isi bacaan dalam beberapa menit.
2.4.            Menjawab pertanyaan bacaan.
III.         PENDALAMAN MATERI
A.   Aksara Murda
Aksara murda uga kasebut aksara gedhe (kapital) cacahe ana 8. Unine : na, ka, ta, sa, pa, nya, ga, ba (n, k, t, s, p, ny, g, b). Aksara murda iki kanggo tembung-tembung sing mbutuhake aksara gedhe kayata jenenge pawongan, papan panggonan, pulo, Negara, unsure keagamaan. Cacahe aksara murda saben tembung amung siji.
Wujude Aksara Murda :
IV.        PENDALAMAN MATERI
A.   Ing ngisor iki ana wacan tulisen nganggo aksara Jawa !
Tukang Nyampur Formalin Diincim 15 Taun
      Markas Besar Kepolisian RI (Mabes Polri) ngincim matrai hukuman kaunjara 15 taun marang pelaku sing kabukten nyampur fomalin karo bahan panganan. Wakil Kepala Divisi Humas Mabes Polri Brigjen Anton Bahrul Alam mratelakake, kanggo ngerim sumebare panganan kang ngandhut formalin  ing pasaran, polisi bakal nganakake operasi. Operasi sing utama katindakake marang industri-industri panganan.
Sauntara kuwi Kepala Badan Pengawasan Obat lan Makanan, Sampurno, nduweni pangira ing Indonesia ana prodhusen formalin cacah 20 kanthi kapasitas produksi mau dinuga diedharake kanthi bebas ing pasaran.
Wangsulan :
……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
B.  Wacana mawa aksara Jawa ing ngisor iki wacanen lan  gentia nganggo aksara latin !
Aksara jawa ing ngisor iki wacanen kanthi permati!
?m=spvC[rob.
?j[r*[g=o,sumukHwai=m=spvC[robtaunHiki”2008”jiy nVkStenn\pn[sS.Ai=surby,pnsSi=awznTiluwihsk ”40”derj[tClCiyus. znTi[wo[lo[roautwpsi[ynK=rwt HinpHi=rumhskitKels[H[mBk\awnBezi[aorseqiqikK=mBvkKi. ki psHzinLuwihsk[lo[ro [aor[koz=rfzdemM[khwai=sMau. a xpZlihai=ruw=k=luwihbbu s\mwa[c,k[nQo=[zsi=[aorsguh. lgi[ao[lhx[spSk[dokTe/w[a,a[khk=pdd]deg,wefi,appsediynDuwi[tTkirkiraisihvnDkK=[gonebu[sHobt\l[kokHxpHlianSlBr=.
V.         TUGAS
A. Ing Njaba Kelas
Tulisen nganggo aksara Jawa !
  1. Sri Sultan Hamengku Buwono X
  2. Presiden Susilo Bambang Yudhoyono
  3. Saiki wulan Januari taun 2009
  4. Bom ing Palu newasake wong 7
  5. Zakat Fitrah wajib ukume tumrap wong Islam.
Apa macane aksara jawa ing ngisor lan apa tegese !
  1. kc=m=sni=glLlvJ/rn\
Wangsulan :
…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
  1. sptemenBklTinemu
Wangsulan :
…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
  1. becikKetitikHlketr
Wangsulan :
…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
  1.     afig=,afigu=,afigun
Wangsulan :
…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
  1. gjhzifkRph
Wangsulan :
…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
VI.        LANGKAH KERJA
  1. Maca informasi kanthi patitis
  2. Ngapalake aksara jawa, murda, swara, lsp.
  3. Nransit aksara jawa ana ing aksara latin.
  4. Diskusi kelompok diterusake diskusi kelas.
VII.       PENILAIAN
A.   Uji Pemahaman
Aspek              : Kognitif
Indikator          : 1.1.  Menulis wacana pendek dengan huruf Jawa.
1.1.  Membaca teks yang disediakan dengan lancer dan benar.
1.2.  Mengungkapkan isi bacaan.
1.3.  Menceritakan kembali isi bacaan dalam beberapa kalimat.
1.4.  Menjawab pertanyaan bacaan.
Kelas/Smt        : XI / 2
I. Wenehanan tandha ping ana aksara A, B, C, D, utawa E ana wangsulan sing bener !
  1. 2006 yen ditulis aksara jawa dadine :
    1. 2004
B. 2005
C. 2006
D. 2007
E. 2008
2. “8043”
Yen ditulis aksara latin dadi
  1. 3407
  2. 4308
  3. 3408
  4. 8043
  5. 4038
3.. Irah-irahan wacan ing ndhuwur yaiku …
  1. Mangsa ketiga              b. Mangsa pancaroba               c. Mangsa pana
d.   Mangsa sumuk e. Mangsa lara
4. Paragraf ing ndhuwur kedadeyan saka … ukara
a. 4                  b. 5                  c. 6                  d. 7                  e. 8
5  Ana ing ngendi prastawa kuwi kedadeyan?
  1. Kutha Surabaya
  2. Kutha Semarang
  3. Kutha Jakarta
  4. Kutha Ngayogyakarta
  5. Kutha Solo
6. Tahun pira prastawa kuwi kedadeyan ?
a. 2004                        b. 2005            c 2006             d. 2007            e. 2008
7. Pira cacahe kipas angina kang kanggo ngawekani panase hawa kasebut?
a. 1                  b. 2                  c. 3                  d. 4                  e.5
8. Ukara kapisan wacan ing nduwur unine ….
  1. Jare Bagong, sumuk hawa ing mangsa pancaroba taun iki 2008 jian nyiksa tenan, panase.
  2. Ing Surabaya, panasing hawa nganti luwih saka 40 derajat celcius.
  3. Nganti wong loro kang rawat inap ing rumah sakit kelas embek, awan bengi ora sethithik kang mbanyaki.
  4. Arep ngalih sal kang luwih bagus, mawa AC, la kanthonge kang ora ana
  5. Apa pasedhiyan dhuwite kira-kira isih nyandhak kanggo nebus obat, lha kok arep alihan sal barang.
9. Kelas pira kang diarani kelas embek?
a. 1                  b. 2                  c. 3                  d. 4                  e. 5
10. f+ktP+t]h yen ditulis aksara latin dari
  1. Jakat piterah
  2. Zakat pitrah
  3. Zakat fitrah
  4. Jakat fiterah
  5. Zakat fiterah
?ku/bn\XnDutNutupFln\,?[wo=[a[wonNnSksz=[dssi=ffiku/b[nNsemBu/rn\XnDutLpi[nDob]nTsHi=[po[r=o,Si[foa/[joauvJukRsknQinutupFl[nP]o[to [kolSurby,psuruhan\se[nn,23mxt\2008.?[w=o[w=oaikufu mfiskw/g[fssiri=brt\p[motn\ketp=,jtix[jo,minDi, gLghArum\pLu[mBon\ged=lnKlitezh.auvJukRsaikuvJl/Rij lu/surbybvuwzilumPuh7jm\,
11. wacan ing ndhuwur nduweni irah-irahan ….
  1. Korban lendhut nutup dalan
  2. Kurban lendut nutup dhalan
  3. Korban lendhut nutup dhalan
  4. Kurban lendhut nutup dalan
  5. Kurban lendhot nutup dalan
12. Kedadeyan saka pirang desa kurban lendhut lapindo sing nutup dalan?
a. 7              b. 8        c. 9                d. 10      e.11
13. Apa arane dalan kang ditutup dening warga kurban lendhut?
  1. Dalan Jurusan Surabaya-Porong
  2. Dalan ProtokolSurabaya—Pasuruan
  3. Dalan Jurusan pasuruan—Surabaya
  4. Dalan Protokol  Pasuruan—Surabaya
  5. Dalan Sidoarjo—Porong
14.  Ing ngisor jeneng-jenenge desa sing nutup dalan amarga desane dadi kurban   lendhut , kajaba ….
  1. Siring Barat, Pamotan
  2. Ketapang, Jatirejo
  3. Mindi, Glagah Arum
  4. Plumbon, Gedhang
  5. Siring wetan, Kali Tengah
15. Pira suwene “lumpuhe” jalurSurabaya—Banyuwangi apadeneSurabaya– Malang?
a.  6 jam    b. 7 jam    c. 8 jam    d. 9 jam     e.10 jam
II.   Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki !
  1. Apa macane  tulisan  aksara jawa ing ngisor iki ?
?mnutCqetT[nN*[g=o,[a=o[ko[sHopNmHi=g]aAme/tsefinsewe zi[n[aorkur=sk”300000”rupiyh.aikutri[pP[dkse[mo [nolnMu=[a=o[koskm/[r,duru=xg[aobt\[a=o[ko[sDokTe/,ln liyliy[n.
?[d[kH[mBnKe[ponkK[nNm[kN@mP}t[folnV=b[wyn\tilikSnk.bez=[nfiajkTuruzGel/lmPitHi=[a[mP/rnZx[pHomh. sfuru=[zturu,sisnkMaume/[lokK[kt[konMr=ke[ponkK[nm [kN@mP},[aor=[kotk=fia=gepLuwihjemB/wwsS[nN.hwpnsKy[z[naikijlrnskslhm=s,apansebbSebLiy[n.
Wangsulan :
………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………………………  ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
  1. Tulisen nganggo aksara jawa !
Budaya jawa kudu dilestarekake, murih lestari lan ngrembaka.
Wangsulan :
…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
  1. Wenahana tuladha (satembung wae) tembung kang ana aksara murda, aksara swara, aksara/angka jawa, lan aksara rekan !
Wangsulan :
…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
  1. Tulisen nganggo aksara jawa !
“Imam S Arifin manggung ing kutha Rembang”
Wangsulan :
…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
B.   Pengembangan Sikap
Aspek              : Kognitif
Indikator          : 1.1.  Menulis wacana pendek dengan huruf Jawa.
2.1.Membaca teks yang disediakan dengan lancer dan benar.
2.2.Mengungkapkan isi bacaan.
2.3.Menceritakan kembali isi bacaan dalam beberapa kalimat.
2.4.Menjawab pertanyaan bacaan.
Kelas/Smt        : XI / 2
No
Indikator
Kriteria
Ok
Kr
Ar
Ot
1
Siswa melu piwulangan Aksara Jawa
2
Siswa aktif sajroning pelajaran
3
Siswa aktif nggarap tugas individu
4
Siswa aktif nggarap tugas kelompok
5
Siswa aktif diskusi kelompok
6
Siswa aktif diskusi kelas
7
Siswa aktif nyusun hasil diskusi
8
Siswa aktif nyimpulake diskusi kelas
Katerangan :                                                                                       Skor
Ok                : Ora kendhat                                                                    4
Kr                 : Kerep                                                                              3
Ar                  : Arang                                                                               2
Ot                 : Ora tau                                                                            1
VIII.     TINDAK LANJUT
Yen tugaswisrampung jumbuh karo langkah gawe ing ndhuwur, siswa dikarepake nerusake piwulangan sateruse, menawa during dibaleni maneh kanthi remedial.
ULANGAN UMUM SEMESTER II
BAHASA JAWA
KELAS  XI
  1.         I.            Wenehana tandha ping ing lembar jawab kang wis cumawis kanthi aksara A, B, C, D, utawa E!

  1. Pawarta sing diwaca ana syarat-syarate kaya ing ngisor iki, kajaba …
    1. Anget                      D.  Merak ati
    2. Anyar                      E.  Endah
    3. Gres
  1. Kahanan kang bisa didadeake pawarta yaiku …
    1. Kedadeyan lan  prastawa
    2. Kedadeyan lan  kahanan
    3. Kedadeyan lan  panggonan
    4. Panggonan lan prastawa
    5. Kahanan lan panggonan
  1. Swarane merdu, enak dirungokake, gampang dimangerteni tegese kalebu gladhen …
    1. Vokal / swara
    2. Variasi vokal
    3. Ngatur intonasi
    4. Pernafasan
    5. Performance / penampilan
  1. Pengetan angka tahun kang disamarake ana reroncening ukara diarani …
    1. Cangkriman             D.  Sengkalan
    2. Parikan                   E.  Saloka
    3. Wangsalan
  1. Tembung-tembung kang duweni watak angka 8 ana ing candra sengkalan kaya ing ngisor iki kajaba …
    1. Gajah                      D.  Ula
    2. Naga                       E.  Pandawa
    3. Baya
  1. Sirna tata estining wong. Sengkalan iki ana ing sajroning layang Djokolodang- R. Ng. Ronggawarsita. Nuduhake taun …
    1. 1620                       D.  1964
    2. 1532                       E.  1850
    3. 1746
  1. Nata ratu ilang tangan. Sengkalan kasebut nuduhake taun …
    1. 2008                       D.  2011
    2. 2009                       E.  2012
    3. 2010
  1. Suryo lair nalika Gunung obah bolongan jagad.Dadi Suryo lair ing taun …
    1. 1952                       D.  1987
    2. 1967                       E.  1993
    3. 1945
Perangan ing ngisor iki kanggo soal nomer 9-14!

“Dina-dina iki akeh pawarta tabung gas njeblug. Ya sing ukurane telung kilogram uga sing ukurane rolas kilogram. Njebluge gas iki mau merga kebocoran. Kamangka biyen, nalika isih jamane kompor lenga, pamarentah mbagekake tabung gas sakompore. Dijamin gas elpiji luwih aman tinimbang kompor lenga. Kasunyatane saiki lha kok kuwalik” omonge kang Barjo.
“Ya kuwi aku sarujuk, kang. Kenapa pamarentah mblenjani janji. Sacara teknis kudune luwih aman, nanging kasunyatane ora mengkono. Krungu-krungu tabung sing dienggo saiki ora memenuhi standar SNI” saute cak Bedja.
“Lha ya, yen pancen ora memenuhi standar SNI, kenapa kok diculna? Iki sing duwe wewenang Pertamina, ya kudune tanggung jawab. Apa maneh yen mbleduge kuwi merga masalah teknis, dudu kesalahan manungsane” tambahe yu Sri.
“Pejabate Pertamina ganti wae, sing duwe dedikasi ngono lho..wisora wayahe kerja sembrono!” tutuge lek Gimin.
  1. Ing ngisor iki isi semakan wacan ing ndhuwur, kajaba …
    1. Akeh tabung gas njeblug
    2. Mleduge merga kebocoran
    3. Pamarentah mlenjani janji
    4. Pejabat menehi ganti rugi
    5. Pertamina kudu tanggung jawab
  1. Pawongan kang rembugan ing dhuwur … kajaba …
    1. Petugas Pertamina
    2. Yu Sri
    3. Kang Barjo
    4. Lek Wagimin
    5. Cak Bedjo
  1. Ukara kang trep kanggo ngrangkum semakan ing dhuwur yaiku …
    1. Rega gas mundhak
    2. Pertamina tangggung jawab gas njeblug
    3. Akeh tabung gas njeblug
    4. Kang Barjo mandegani demo
    5. Pamarentah mbagi tabung gas
  1. Paragrap kapisan ngemot pawarta bab …
    1. Rega gas mundhak
    2. Pertamina tanggung jawab gas njeblug
    3. Akeh tabung gas njeblug
    4. Pejabat Pertamina diganti
    5. Tabung gas ora memenuhi SNI
  1. Apa kang dadi pamanggihe Lek Gimin …
    1. Jaluk ganti rugi
    2. Pejabat Pertamina diganti
    3. Nganaake demo ing Pertamina
    4. Ora maneh nganggo kompor gas
    5. Ngganti kompor lenga karo kompor gas
  1. Kritikan kang trep kanggo kahanan ing sajroning wacan yaiku …
    1. Kompor lenga diganti kompor gas
    2. Pamarentah kudu ngawasi teknis keamanan tabung gas sedurunge diculake
    3. Ora usah nganggo kompor gas
    4. Pejabat Pertamina kudu diganti
    5. Pamarentah kudu aweh ganti rugi
Maskumambang
Samubarang kumambang kentir ing warih
Raos kawlas arsa
Dene ngaten kang kaeksi
Manungsa, kewan, lan brana
  1. Ana tembang Maskumambang ing dhuwur, tembung warihtegese …
    1. Bumi                       D.  Laut
    2. Banyu                     E.  Gunung
    3. Angin
  1. Tembang Maskumambang iki nyritaake bencana alam apa?
    1. Longsor ing Aceh
    2. Banjir ing Aceh
    3. Kobongan ing Aceh
    4. Tsunami ing Aceh
    5. Tabrakan ing Aceh
  1. Ngowahi tembang utawa geguritan sing maune awujud pupuh / pada / bait dadi gancaran utawa prosa diarani …
    1. Parafrase                D.  Singgetan
    2. Paramasastra          E.  Gatra
    3. Pelog
Dhandanggula
Kawruhana wong priya sejati
Lamun arsa hangupaya garwa
Den patitis pamilihe
Pisan kengguh wong ayu
Kaping pindho milih wong sugih
Kapng telu kawibawan
Kaping papatipun
Kena  sambang sesrawungan
Bisa uga ginelut ing tembang manis
Mawa denya waspada
  1. Ana ing tembang Dhandanggula iki, kanggo priya kang arep golek garwa, yen milih garwa kudu …, kajaba …
    1. Ayu samubarange, ya rupa ya atine
    2. Sugih samubarange, ya donya ya atine
    3. Kawibawan
    4. Sambang sesrawungan
    5. Ngremehake lan ngina wong liya
  1. Watake tembang Dhandanggula yaiku …
    1. Gandrungasmara
    2. Nesu, dendam, muring
    3. Gandrung tegang
    4. Luwes, manis, sarwa cocok
    5. Nerangake, mbabar kawruh
Wacan ing ngisor iki kanggo soal nomer 20-24!

Ing dhialog sajroning televisi, menteri komonikasi lan informasi, Sofyan Dzalilnampatelepon saka salah sijining masyarakat. Sing duwe pangjab murih pamarentah saiki  wani tumindak tegas lan mbuktiake janjine mbrabtas KKN.
Pawongan kuwi nelakake anane aparat pamerentah kang terang-terangan jaluk dhuwit sogokan. Kedadean kuwi dialami nalika dheweke dhaftar CPNS. Dheweke jaluk supaya preman-preman birokrat dibrantas. Pak menteri janji yen arep nerusake perkara mau menyang presiden.
Anane oknum-oknum sing njaluki sogokanwissumebar ing masyarakat. Mung wae ora ana sing mbrastha bab kuwi. Malah sawijining pejabat negendikan yen kuwi mung isu, kamangkawisdadi rahasia umum.
  1. Irah-irahan kang gumathok kanggo wacan ing dhuwur yaiku …
    1. Pratelane Menteri Komunikasi lan Informasi
    2. Acara dhialog ing sawijing stasiun televisi
    3. Masyarakat ngajab pamarentah supaya mbrantas preman demokrat
    4. Dhuwit puluhan yuta amblas
    5. Preman-preman birokrat CPNS
  1. Sapa kang diarani “preman-preman birokrat” ing wacan kuwi?
    1. Aparat pamarentah kang nakal
    2. Masyarakat sing nelepon
    3. Oknum-oknum
    4. Preman-preman ing bis
    5. Pawongan kang daftar CPNS
  1. Sapa kang janji arep nerusake perkara sogokan menyang presiden?
    1. Pemda
    2. Penelepon
    3. Menteri Komunikasi lan Informasi
    4. Aparat pamarentahan
    5. Masyarakat umum
  1. Ana ing ngendi Sofyan Dzalil mangerteni pangajabe masyarakat murih pamarentah mbrastha KKN?
    1. Ana ing Pemda
    2. Ing acara dhialog radio
    3. Ing acara dhialog televisi
    4. Ing bebrayan umum
    5. Ana ing pamarentahan
  1. Ukara pokok paragrap pungkasan yaiku …
    1. Acara dhialog ing sawijining stasiun televisi
    2. Anane penelepon sing jaluk dhuwit sogokan
    3. Pratelane menteri komunikasi lan informasi
    4. Anane oknum sing jaluk sigokan sumebar ing tengah masyarakat
    5. Perkara kuwi dudu rahasia umum
  1. Masyarakat ngajab murih pamarentah wani tumindak tegas. Tegese tembung ngajab yaiku …
    1. Ngarep-ngarep         D.  Ngabani
    2. Kepenging               E.  Ngomong
    3. Njaluk
  1. Tegese mbrasthayaiku …
    1. Ngilangi                   D.  Ngabani
    2. Ngresiki                  E. Nyedhiyani
    3. Njaluk
Perangan tembang ing ngisor iki kanggo soal nomer 27-30!
Aja Lamis
Aja sok gampang janji wong manis
Yen ta amung lamis
Becik aluwung prasaja nimas
Ora agawe cuwa
Tansah ngugemi tresnamu wingi
Jebul amung lamis
Kaya nngenteni thukuling jamur
Ing mangsa ketiga
Aku iki prasasat
Lara tan antuk jampi
Mbok aja mung lamis
Kang uwis dadine banjur didis
…………
  1. Tembang ing dhuwur kalebu tembang gagrag …
    1. Lawas                     D.  Moderen
    2. Anyar                      E.  Tradisional
    3. Sedherhana
  1. Tegese tembung Lamising tembang ing dhuwur yaiku …
    1. Goroh                     D.  Lara
    2. Manis                     E.  Apik
    3. Kleru
  1. Tegese tembung Becik ing tembang ing dhuwur yaiku …
    1. Ketara                     D.  Antuk
    2. Ala                         E.  Lara
    3. Apik
  1. Tembang ing dhuwur ngemu piwulang …
    1. Yen wong iku kudu sing goroh
    2. Dadia wong kang lamis
    3. Pitutur yen wong iku kudu lamis
    4. Pitutur yen wong iku kudu jujur
    5. Tansah ngugemi tresnamu
  1. Ana ing tembang campursari Mr. Mendem,ngemu piwulang …
    1. Miras dadi remenane wong kakung
    2. Njaluk donga supaya ora kumat
    3. Ora gagas amarga isih kumat
    4. Awakke rusak amarga miras
    5. Tuntunan becik kang aja disepeleake marang wong sakabehane
  1. ?setaunHnpir=fin.
    1. an;365;fin
    2. an;348;fin
    3. an;265;fin
    4. an;165;fin
    5. an;365;din
  1. ?spasM[ng/wnipun,r,A,@/tini.
    1. @ ,&,[$o[s]ofini=rt\
    2. &,*,%,a,%uge/
    3. r,m,%usPkusum
    4. @ ,r,^,wi/y!gr
    5. @ ,&,&,A,A,Afipti
  1. Gusti Gandakusuma, yen ditulis aksara jawa dadine …
    1. &usTignFkusum
    2. &usTi&nFkusum
    3. &sTi&nDkusum
    4. &usTi&nDkusum
    5. &usti&nfkusum
  1. Ngedhuk blambangan, yen ditulis aksara jawa dadine …
    1. zefukblmBzn\
    2. zedukBlmBzn\
    3. zedukbLmBzn\
    4. zeduk\bLmB=zn\
    5. zeduk\bLmBzn\
  1. Atlet, kuliah, lan buang,yen ditulis aksara jawa dadine …
    1. A[tLt\,kuliyh,buw=
    2. a[tLt\,kuliyh,buw=
    3. A[tLt\,kuliah,buw=
    4. A[tLt\kuliyh,bua=
    5. atelet\kuliah,bua=
Wacan nganggo aksara Jawa iki kanggo soal nomer  37-39!

?pm[rnThfideseg\zLuwrisnFer.
?A=[got[@omiisi;1;f,%,r, p+yku+n\Af]iyni,senin\;11;Ap]il\;2011;nDesegPm[rnthsupytumulizLuwriankBuwhkpl\$in/@ufusCch ;20;k=aisihfisnder[fni=prbjgLaut\[somlia.
?$in/@ufusFitwnBjgLaut\[$omliywiwit;16;mxt\;2011;ai=kifu[lWt[n%u[lo[$o[kot],$emennJu=[$omliy,Ap+ik.
?@p[tnKpl\$LmetJuarik=[kobe/znk[k[komuniksikLwnRfi[yoEl$inTknF[ynBjgLautMaufumfisk[wo=;35;lnK[bhsikepSenJt
  1. Apa sing dadi underan wacana ing dhuwur?
    1. Pamarentah didheseg supaya enggal ngluwari sandera
    2. PT. Samudra Indonesiaora gelem ngurusi bab panyanderane kapal Sinar Kudus
    3. Bantahane pamarentah yen ora enggal nangani perkara mau
    4. Kahanane para sandera sing wiwit mrihatinake
    5. Angele ngentukake dhuwit tebusan kanggo ngluwari para sandera
  1. Kapan kapal Sinar Kudus ditawan bajag lautSomalia?
    1. 11 April 2011
    2. 16 Maret 2011
    3. 10 April 2011
    4. 16 April 2011
    5. 16 Februari 2011
  1. Sapa asmane kapten kapal Sinar Laut sing kober nganaake komunikasi klawan radio El Shinta?
    1. Joko Suyanto
    2. Fayakhun Adriadi
    3. Slamet Jauhari
    4. Triyono
    5. Suwandi
  1. Anggota Komisi I DPR, Fayakhun Adriyan …
Asma kuwi yen ditulis nganggo Aksara Jawa …
  1. p+ykun+\Af]iafi
  2. pykun\Af]iyfi
  3. p+ykun\Af]iyf
  4. p+yku+n\Af]iyfi
  5. pykun\Af]iafi
  1. Bubar mancing banjur golek kayu
Yen ditulis Aksara Jawa …
  1. bub/mnCi=bnUJu/[zGGo[lkKyu
  2. bub/mnCi=bnJu/a=[go[lkKyu
  3. bub/mvCi=bvJu/a=[go2kKyu
  4. bub/mvCi=bvJu/[zGo[lkKyu
  5. bub/mvCi=bvJ/a=[go[lkKyu
  1. “Nuwun sewu, pak. Punapa kepareng tasipun kula  bektaaken?”. Kang matur kepingin …
    1. Disiki pak gurune
    2. Boncengake pak gurune
    3. Pamit marang pak gurune
    4. Menyang mburi
    5. Atur pambiyantu marang pak gurune
  1. Bapak : “Sesuk awakmu melu lunga apa ora?”
Anak : “Insya Allah benjang … derek”
  1. Saya                       D.  Aku
  2. Dalem                     E.  Nyong
  3. Kula
  1. Pak Hendra : “Lha ana apa kok nndadak nggoleki Bu Wiwid?”
Nazkia : “Kula dikengken ibu maringaken serat kanggo Bu Wiwid.
Atur Nazkia ing dhuwur dadi bener manut unggah-ungguh Basa Jawa, yen ukarane diganti …
  1. Kula dipunutus ibu ngaturaken serat kagem Bu Wiwid
  2. Kula dikongkon ibu menehake serat kanggo Bu Wiwid
  3. Kula dipunutus ibu menehake serat kanggo Bu Wiwid
  4. Aku diutus ibu nagturaken serat kagem Bu Wiwid
  5. Aku diutus ibu ngaturake serat kagem Bu Wiwid
  1. Parikan ana ing basaIndonesiakaaran …
    1. Puisi                       D.  Cerpen
    2. Gurindam                E.  Soneta
    3. Pantun
  1. Titikane parikan ing ngisor iki kajaba …
    1. Duweni purwakanthi ab-ab
    2. Pedhotan parikan 4-4, 4-8, 8-8
    3. Dumadi saka sampiran lan isi
    4. Duweni guna paedahe piweling lan nyemoni
    5. Awujud cangkriman
  1. Kembang mlati, warna peni ganda wangi
Watak putri, kudu titi ngati-ati
Parikan ing dhuwur duweni pedhotan …
  1. 4-4, 4-4                   D.  4-8, 4-8
  2. 4-2, 4-2                   E.  8-8, 8-8
  3. 4-6, 4-6
  1. Manuk tuhu, menclok pager
Isi kang mathuk kanggo parikan ing dhuwur yaiku …
  1. Dadi murid, sing taberi
  2. Aja ngenyek, padha kanca
  3. Yen sinau, dadi pinter
  4. Watak putri, kudu titi
  5. Lamun sabar, bisa lejar
  1.  Unen-unen kang wujude canngkriman, batangane ana ing sajroning unen-unen kuwi diarani …
    1. Parikan                   D.  Cangkriman
    2. Wangsalan              E.   Paribasan
    3. Purwakanthi
  1.  Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso.
Batangane wangsalan ing dhuwur …
  1. Blarak                     D.  So
  2. Kreweng                  E.  Meri
  3. Guling
  1.       II.            Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!

  1. Tulisen Candrasengkala taun 1988, 2010, lan 2011!
  1. Coba gawenen gancaran / parafrase saka tembang Asmaradana kangwissumadya!

Asmaradana
Gegarane wong akrami
Dudu bandha dudu rupa
Among ati pawitane
Luput pisan kena pisan
Yen ampang luwih gampang
Yen angel, angel kalangkung
Tan kena tinumbas arta
  1. Tulisen mawa Aksara Jawa wacan ing ngisor iki!
Merapi Krodha Maneh
Trauma merga pajebluge Gunung Merapi durung bae ilang. Nanging gunung geni paling aktif sadonya kuwi krodha meneh. Pengamat Gunung Merapi posko Kaliurang, Sleman,Yogyakarta, Triyono ngandharake menawa aktifitase gunung kasebut saya mundhak wiwit kemis nganti setu.
  1. Gawea parikan kanthi pedhotan 4-8!
## Sugeng Makarya ##

http://ngleluribasajawa.wordpress.com

terimakasih atas kunjungan anda...jangan lupa tinggalkan komentar

Tidak ada komentar:

..:: Perhatian !! terima kasih atas kunjungannya, jangan lupa kalau mau copy/paste harap cantumkan sumbernya by http://www.sangmancunian.blogspot.com .. semoga bermanfaat::..
ATAS
BAWAH